بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ
سَبِّحِ ٱسۡمَ رَبِّكَ ٱلۡأَعۡلَى ١Nyebuta Maha Suci tumrap asmane Allah Pangeranira kang Maha Luhur ٱلَّذِي خَلَقَ فَسَوَّىٰ ٢Kang wis gawe samu barang kelawan prayoga وَٱلَّذِي قَدَّرَ فَهَدَىٰ ٣Lan mesthi kahanane samu barang mau ala lan becik atas kersane pribadi nuli nuduhake barang kang amrih becik وَٱلَّذِيٓ أَخۡرَجَ ٱلۡمَرۡعَىٰ ٤Lan kang angetokake thethukulan فَجَعَلَهُۥ غُثَآءً أَحۡوَىٰ ٥Sawuse ijo dikersakake garing warnane abang semu kuning سَنُقۡرِئُكَ فَلَا تَنسَىٰٓ ٦Ingsun bakal mulang Qur'an maran sira (Muhammad) lan sira ora bakal lali إِلَّا مَا شَآءَ ٱللَّهُۚ إِنَّهُۥ يَعۡلَمُ ٱلۡجَهۡرَ وَمَا يَخۡفَىٰ ٧Kajaba barang kang dikersaake Allah, satemene Allah iku nguningani panggawe lan pangucap nyata lan samar - samar وَنُيَسِّرُكَ لِلۡيُسۡرَىٰ ٨Lan Ingsun nulungi sira anglakoni dalan kang gampang فَذَكِّرۡ إِن نَّفَعَتِ ٱلذِّكۡرَىٰ ٩Mulane aweha pepeling, satemene pepeling iku migunani سَيَذَّكَّرُ مَن يَخۡشَىٰ ١٠Sapa sing wedi ing Allah, bakal ngestokake pepeling وَيَتَجَنَّبُهَا ٱلۡأَشۡقَى ١١Dene wong kang cilaka bakal angedohi ٱلَّذِي يَصۡلَى ٱلنَّارَ ٱلۡكُبۡرَىٰ ١٢Yaiku kang bakal nyemplung geni gedhe ثُمَّ لَا يَمُوتُ فِيهَا وَلَا يَحۡيَىٰ ١٣Ana ing kana banjur ora mati lan ora urip قَدۡ أَفۡلَحَ مَن تَزَكَّىٰ ١٤Sayekti bakal begja sapa sing anuceni dhirine وَذَكَرَ ٱسۡمَ رَبِّهِۦ فَصَلَّىٰ ١٥WOng mau nyebut asmaning Allah pangerane lan anglakoni sholat بَلۡ تُؤۡثِرُونَ ٱلۡحَيَوٰةَ ٱلدُّنۡيَا ١٦Nanging sira padha milih kauripan dunya وَٱلۡأٓخِرَةُ خَيۡرٌ وَأَبۡقَىٰٓ ١٧Kabegjan ing akherat iku luwih becik tur langgeng (ngungkuli kabungahan dunya) إِنَّ هَٰذَا لَفِي ٱلصُّحُفِ ٱلۡأُولَىٰ ١٨Wewulang sing wis kasebut mau, uga kasebut ana ing Kitab kang kuna - kuna صُحُفِ إِبۡرَٰهِيمَ وَمُوسَىٰ ١٩Kitabe(Shuhuf) Ibrahim lan Kitabe (Shuhuf) Musa