بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ
ٱقۡرَأۡ بِٱسۡمِ رَبِّكَ ٱلَّذِي خَلَقَ ١(Muhammad) sira macaa kelawan asmaning Pangeranira Kang anitahake خَلَقَ ٱلۡإِنسَٰنَ مِنۡ عَلَقٍ ٢Panjenengane anitahake manungsa saka getih kenthel ٱقۡرَأۡ وَرَبُّكَ ٱلۡأَكۡرَمُ ٣Macaa, lan Pangeranira iku Ingkang Maha Mulya ٱلَّذِي عَلَّمَ بِٱلۡقَلَمِ ٤Kang meruhake (carane nulis) nganggo kalam عَلَّمَ ٱلۡإِنسَٰنَ مَا لَمۡ يَعۡلَمۡ ٥Kang meruhake marang manungsa, barang kang maune durung weruh كـَلَّآ إِنَّ ٱلۡإِنسَٰنَ لَيَطۡغَىٰٓ ٦Nanging satemene manungsa iku kebangeten أَن رَّءَاهُ ٱسۡتَغۡنَىٰٓ ٧Dene rumongsa awake wis cukup (ora butuh) إِنَّ إِلَىٰ رَبِّكَ ٱلرُّجۡعَىٰٓ ٨Sira iku mesthi bakal bali disowanake ana pangayunaning Allah أَرَءَيۡتَ ٱلَّذِي يَنۡهَىٰ ٩Kapriye penemunira wong kang menging عَبۡدًا إِذَا صَلَّىٰٓ ١٠Sawijining abdi samongsa sholat أَرَءَيۡتَ إِن كَانَ عَلَى ٱلۡهُدَىٰٓ ١١Apa sira weruh yen dheweke iku nglungguhi pituduh bener أَوۡ أَمَرَ بِٱلتَّقۡوَىٰٓ ١٢Utawa ajak - ajak jaga diri (saka ala) أَرَءَيۡتَ إِن كَذَّبَ وَتَوَلَّىٰٓ ١٣Apa sira weruh yen dheweke iku anggorohake lan mlengos أَلَمۡ يَعۡلَم بِأَنَّ ٱللَّهَ يَرَىٰ ١٤Apa dheweke ora weruh yen Allah iku amirsani كـَلَّا لَئِن لَّمۡ يَنتَهِ لَنَسۡفَعَۢا بِٱلنَّاصِيَةِ ١٥Temen menawa dheweke (Abu Jahal) Ora mareni anggone kafir ing tembe mesthi Ingsun candhak kuncunge (bathuke) نَاصِيَةٍ كَٰذِبَةٍ خَاطِئَةٍ ١٦Kuncunge wong goroh, kuncunge wong luput فَلۡيَدۡعُ نَادِيَهُۥ ١٧Yen wis mangkono mara ngundanga kanca - kancane jaluka pitulung سَنَدۡعُ ٱلزَّبَانِيَةَ ١٨Nanging Ingsun undangake malaekat Zabaniah كـَلَّا لَا تُطِعۡهُ وَٱسۡجُدۡۤ وَٱقۡتَرِب ۩ ١٩Aja sira manut dheweke, sarta sumujuda (sholat) lan nyedhakka ing Allah kelawan sujud