Millat al-Islam

Chapter 98 · 8 verses · Unknown

Surah Al-Bayyina in Javanese

Arabic with tafsir Listen to Surah Al-Bayyina (1270 reciters)
Medinanسورة البينة8 verses

بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ

لَمۡ يَكُنِ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ مِنۡ أَهۡلِ ٱلۡكِتَٰبِ وَٱلۡمُشۡرِكِينَ مُنفَكِّينَ حَتَّىٰ تَأۡتِيَهُمُ ٱلۡبَيِّنَةُ ١Sarupane wong kafir kang padha duwe wewatun Kitab, lan wong kang padha nyembah brahala ora gelem mareni kafir ngati katekan tandha yekti رَسُولٌ مِّنَ ٱللَّهِ يَتۡلُواْ صُحُفًا مُّطَهَّرَةً ٢(Muhammad) iku utusaning Allah ngundhangake Quran kang suci فِيهَا كُتُبٌ قَيِّمَةٌ ٣Ing jerone mratelakake hukum kang bener وَمَا تَفَرَّقَ ٱلَّذِينَ أُوتُواْ ٱلۡكِتَٰبَ إِلَّا مِنۢ بَعۡدِ مَا جَآءَتۡهُمُ ٱلۡبَيِّنَةُ ٤Lan para kang wis kaparingan kitab mau anggone padha pasulayan (bab pangandel marang Muhammad) sawuse katekan tandha yekti وَمَآ أُمِرُوٓاْ إِلَّا لِيَعۡبُدُواْ ٱللَّهَ مُخۡلِصِينَ لَهُ ٱلدِّينَ حُنَفَآءَ وَيُقِيمُواْ ٱلصَّلَوٰةَ وَيُؤۡتُواْ ٱلزَّكَوٰةَۚ وَذَٰلِكَ دِينُ ٱلۡقَيِّمَةِ ٥Lan dheweke iku ora diparentahi apa - apa kajaba laladi ing Allah jejeg anggone nglakoni agamane, lan nglakoni sholat, bayar zakat, hiya iku agama kang bener إِنَّ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ مِنۡ أَهۡلِ ٱلۡكِتَٰبِ وَٱلۡمُشۡرِكِينَ فِي نَارِ جَهَنَّمَ خَٰلِدِينَ فِيهَآۚ أُوْلَٰٓئِكَ هُمۡ شَرُّ ٱلۡبَرِيَّةِ ٦Sarupane wong kafir kang nduwe wewaton kitab lan wong kang nyembah brahala, ing tembe disiksa ing neraka Jahanam langgeng salawase awit dheweke titahe Allah kang hala dhewe إِنَّ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّٰلِحَٰتِ أُوْلَٰٓئِكَ هُمۡ خَيۡرُ ٱلۡبَرِيَّةِ ٧Dene sarupane wong kang angestu lan nindakake panggawe becik yaiku becik-beciking manungsa جَزَآؤُهُمۡ عِندَ رَبِّهِمۡ جَنَّٰتُ عَدۡنٍ تَجۡرِي مِن تَحۡتِهَا ٱلۡأَنۡهَٰرُ خَٰلِدِينَ فِيهَآ أَبَدًاۖ رَّضِيَ ٱللَّهُ عَنۡهُمۡ وَرَضُواْ عَنۡهُۚ ذَٰلِكَ لِمَنۡ خَشِيَ رَبَّهُۥ ٨Ana ngarsaning Pangeran bakal padha diganjar suwarga 'Adn kang ana bengawane mili ana sangisore kekayon ing kono langgeng salawase Allah rena marang dheweke lan dheweke rena marang Panjenengane. Mangkono uku tumrap sapa ing wedi marang Pangerane

Translation: Unknown.