Millat al-Islam

Chapter 89 · 30 verses · Unknown

Surah Al-Fajr in Javanese

Arabic with tafsir Listen to Surah Al-Fajr (1331 reciters)
Meccanسورة الفجر30 verses

بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ

وَٱلۡفَجۡرِ ١Demi wayah bangun esuk وَلَيَالٍ عَشۡرٍ ٢Demi malem tanggal sepuluh (sasi Dzul Hijjah) وَٱلشَّفۡعِ وَٱلۡوَتۡرِ ٣Demi cacah genep lan cacah ganjil وَٱلَّيۡلِ إِذَا يَسۡرِ ٤Demi wengi kang kawitan lan wekasan هَلۡ فِي ذَٰلِكَ قَسَمٌ لِّذِي حِجۡرٍ ٥Anggoningsun supata mangkono mau (sing bisa ditampa) wong kang ana akale أَلَمۡ تَرَ كَيۡفَ فَعَلَ رَبُّكَ بِعَادٍ ٦Sira apa ora andeleng Allah Pangeranira anggone numpes wong 'Aad إِرَمَ ذَاتِ ٱلۡعِمَادِ ٧(Bongsa) Iram, tur padha gagah prakosa lan gedhe dhuwur ٱلَّتِي لَمۡ يُخۡلَقۡ مِثۡلُهَا فِي ٱلۡبِلَٰدِ ٨Kang ing negara (liyane) ora ana kang diparingi kaya mangkono وَثَمُودَ ٱلَّذِينَ جَابُواْ ٱلصَّخۡرَ بِٱلۡوَادِ ٩Lan (marang bangsa) Tsamud, kang anatah watu ing jurang - jurang وَفِرۡعَوۡنَ ذِي ٱلۡأَوۡتَادِ ١٠Lan anggone numpes Fir'aun kang duwe bala ٱلَّذِينَ طَغَوۡاْ فِي ٱلۡبِلَٰدِ ١١Kang atindak gumedhe ana ing negara - negara فَأَكۡثَرُواْ فِيهَا ٱلۡفَسَادَ ١٢Banget anggone gawe rusak ana ing negarane فَصَبَّ عَلَيۡهِمۡ رَبُّكَ سَوۡطَ عَذَابٍ ١٣Allah Pangeranira banjur nurunake siksa warna - warna marang dheweke إِنَّ رَبَّكَ لَبِٱلۡمِرۡصَادِ ١٤Satemene Allah Pangeranira angawasake فَأَمَّا ٱلۡإِنسَٰنُ إِذَا مَا ٱبۡتَلَىٰهُ رَبُّهُۥ فَأَكۡرَمَهُۥ وَنَعَّمَهُۥ فَيَقُولُ رَبِّيٓ أَكۡرَمَنِ ١٥Wondene manungsa iku manawa dicoba dening Pangerane anyoba marang awake, nuli maringi kamulyan lan kamukten banjur kondha, "Pangeranku mulyakake aku وَأَمَّآ إِذَا مَا ٱبۡتَلَىٰهُ فَقَدَرَ عَلَيۡهِ رِزۡقَهُۥ فَيَقُولُ رَبِّيٓ أَهَٰنَنِ ١٦Nanging samongsa dicoba (liyane) banjur rejekine dicumpi banjur kondha, "Pangeranku anginakake aku كـَلَّاۖ بَل لَّا تُكۡرِمُونَ ٱلۡيَتِيمَ ١٧Ora! nangeng kowe padha ora gelem welas asih marang bocah yatim وَلَا تَحَٰٓضُّونَ عَلَىٰ طَعَامِ ٱلۡمِسۡكِينِ ١٨Lan ora akon aweh pangan marang wong miskin وَتَأۡكُلُونَ ٱلتُّرَاثَ أَكۡلًا لَّمًّا ١٩Lan padha ngukub tinggalane wong mati kelawan banget وَتُحِبُّونَ ٱلۡمَالَ حُبًّا جَمًّا ٢٠Lan padha dhemen banget bondho كـَلَّآۖ إِذَا دُكَّتِ ٱلۡأَرۡضُ دَكًّا دَكًّا ٢١O, samongsa bumi rinemuk ajur - mumur وَجَآءَ رَبُّكَ وَٱلۡمَلَكُ صَفًّا صَفًّا ٢٢Parentahe Pangeranira kaleksanan lan malaekat jejer - jejer وَجِاْيٓءَ يَوۡمَئِذِۭ بِجَهَنَّمَۚ يَوۡمَئِذٍ يَتَذَكَّرُ ٱلۡإِنسَٰنُ وَأَنَّىٰ لَهُ ٱلذِّكۡرَىٰ ٢٣Ing dina iku neraka Jahan ditekakake. Ing dina iku wong bakal eling nanging apa gunae eling iku يَقُولُ يَٰلَيۡتَنِي قَدَّمۡتُ لِحَيَاتِي ٢٤Dheweke bakal kondha, "O, bok aku iki biyen duwea ngamal kanggo uripku saiki iki فَيَوۡمَئِذٍ لَّا يُعَذِّبُ عَذَابَهُۥٓ أَحَدٌ ٢٥Ing dina iki ora ana wong bisa nguasani siksaning Allah وَلَا يُوثِقُ وَثَاقَهُۥٓ أَحَدٌ ٢٦Lan ora wong bisa nyentosani kaya anggone nyentosani Allah يَٰٓأَيَّتُهَا ٱلنَّفۡسُ ٱلۡمُطۡمَئِنَّةُ ٢٧E, jiwa kang tentrem ٱرۡجِعِيٓ إِلَىٰ رَبِّكِ رَاضِيَةً مَّرۡضِيَّةً ٢٨Sira baliya seba ing ngarsane Pangeranira, kelawan lega, tampa ganjaran, tur kalilan marga saka lakunira becik فَٱدۡخُلِي فِي عِبَٰدِي ٢٩Sira malebua golongane para kawulaningsun kang becik وَٱدۡخُلِي جَنَّتِي ٣٠Lan malebua ing suwarganingsun

Translation: Unknown.