Millat al-Islam

Chapter 69 · 52 verses · Unknown

Surah Al-Haaqqa in Javanese

Arabic with tafsir Listen to Surah Al-Haaqqa (1332 reciters)
Meccanسورة الحاقة52 verses

بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ

ٱلۡحَآقَّةُ ١Dina Qiyamat مَا ٱلۡحَآقَّةُ ٢Apa kang aran dina qiyamat وَمَآ أَدۡرَىٰكَ مَا ٱلۡحَآقَّةُ ٣Lan sapa kang aweh weruh marang sira bab kahanane dina qiyamat mau كَذَّبَتۡ ثَمُودُ وَعَادُۢ بِٱلۡقَارِعَةِ ٤Wong tsamud lan wong 'Aad biyen padha maido dina qiyamat kang gegirisi فَأَمَّا ثَمُودُ فَأُهۡلِكُواْ بِٱلطَّاغِيَةِ ٥Wong Tsamud padha disirnakake dening Allah kalawan siksa kang banget anggegeteri وَأَمَّا عَادٌ فَأُهۡلِكُواْ بِرِيحٍ صَرۡصَرٍ عَاتِيَةٍ ٦Dene wong 'Aad padha disirnakake sarana prakara gedhe kang suwarane gegirisi سَخَّرَهَا عَلَيۡهِمۡ سَبۡعَ لَيَالٍ وَثَمَٰنِيَةَ أَيَّامٍ حُسُومًاۖ فَتَرَى ٱلۡقَوۡمَ فِيهَا صَرۡعَىٰ كَأَنَّهُمۡ أَعۡجَازُ نَخۡلٍ خَاوِيَةٍ ٧Angin mau nempuh marang wong 'Aad lawase nganti wolung dina pitung wengi kang tumaruntun, ing kono wong 'Aad padha mati, hanggalasah kaya wit kurma padha rungkat فَهَلۡ تَرَىٰ لَهُم مِّنۢ بَاقِيَةٍ ٨Apa sira weruh wong 'Aad mau ana kang keri isih urip وَجَآءَ فِرۡعَوۡنُ وَمَن قَبۡلَهُۥ وَٱلۡمُؤۡتَفِكَٰتُ بِٱلۡخَاطِئَةِ ٩Fir'aun lan para umat sadurunge tuwin kutha - kutha sing padha ambruk iku (sebabe) padha nglakoni kaluputan فَعَصَوۡاْ رَسُولَ رَبِّهِمۡ فَأَخَذَهُمۡ أَخۡذَةً رَّابِيَةً ١٠Padha duraka ora manut utusane Pangeran (Musa lan Luth) mulane dipatrapi siksa dening Allah kelawan patrapan abot إِنَّا لَمَّا طَغَا ٱلۡمَآءُ حَمَلۡنَٰكُمۡ فِي ٱلۡجَارِيَةِ ١١Nalika, kena topan bareng banyu wis munggah, sira Ingsun tunggahake perahu لِنَجۡعَلَهَا لَكُمۡ تَذۡكِرَةً وَتَعِيَهَآ أُذُنٌ وَٰعِيَةٌ ١٢Kang mangkono supayapa dianggo wewulang supaya dieling - elinga dening wong kang duwe kuping/pangrungu ben krungu iki فَإِذَا نُفِخَ فِي ٱلصُّورِ نَفۡخَةٌ وَٰحِدَةٌ ١٣Besuk nalika slomprete (Israfil) dinamu sapisan وَحُمِلَتِ ٱلۡأَرۡضُ وَٱلۡجِبَالُ فَدُكَّتَا دَكَّةً وَٰحِدَةً ١٤Bumi lan gunung - gunung padha digulung lan dijunjung tuwin remuk kelawan pangremuk sapisan فَيَوۡمَئِذٍ وَقَعَتِ ٱلۡوَاقِعَةُ ١٥Ing dina iku dina qiyamat kelakon وَٱنشَقَّتِ ٱلسَّمَآءُ فَهِيَ يَوۡمَئِذٍ وَاهِيَةٌ ١٦Langit banjur bengkah bakal dadi ringkih وَٱلۡمَلَكُ عَلَىٰٓ أَرۡجَآئِهَاۚ وَيَحۡمِلُ عَرۡشَ رَبِّكَ فَوۡقَهُمۡ يَوۡمَئِذٍ ثَمَٰنِيَةٌ ١٧Para Malaikat padha nisih lan ing sadhuwure dheweke ing dina iku wowolu bakal nyangga damparing Pangeranira يَوۡمَئِذٍ تُعۡرَضُونَ لَا تَخۡفَىٰ مِنكُمۡ خَافِيَةٌ ١٨Ing dina iku padha diajokake marang panjenenganing Allah ditimbang hala-becike, Allah ora kasamaran marang samu barang kang padha sira singidake فَأَمَّا مَنۡ أُوتِيَ كِتَٰبَهُۥ بِيَمِينِهِۦ فَيَقُولُ هَآؤُمُ ٱقۡرَءُواْ كِتَٰبِيَهۡ ١٩Sing sapa dielungi layang cathetane lelakune ssaka ing tengen (saking dening bungahe) banjur bakal kondho, "wacanen kitab cathetan lelakonku إِنِّي ظَنَنتُ أَنِّي مُلَٰقٍ حِسَابِيَهۡ ٢٠Sayekti aku wis weruh, yen aku bakal ketemu petunganku فَهُوَ فِي عِيشَةٍ رَّاضِيَةٍ ٢١Dadi wong iku mau uripe netepi keparenging Allah فِي جَنَّةٍ عَالِيَةٍ ٢٢Manggon ana suwarga kang luhur قُطُوفُهَا دَانِيَةٌ ٢٣Wowohane cendhek - cendhek (tumiyung cepak) كُلُواْ وَٱشۡرَبُواْ هَنِيٓـَٔۢا بِمَآ أَسۡلَفۡتُمۡ فِي ٱلۡأَيَّامِ ٱلۡخَالِيَةِ ٢٤(He wong ing suwarga) Sira padha mangan lan ngombea kelawan enak iku ganjarane kebecikan kang padha sira lakone ing dina - dina kang wis kliwat وَأَمَّا مَنۡ أُوتِيَ كِتَٰبَهُۥ بِشِمَالِهِۦ فَيَقُولُ يَٰلَيۡتَنِي لَمۡ أُوتَ كِتَٰبِيَهۡ ٢٥Dene wong kang dielungi layang cathetan saka ing kiwa padha ngucap, "Adhuh, bok aja dielungi layang cathetane lelakonku wae وَلَمۡ أَدۡرِ مَا حِسَابِيَهۡ ٢٦Aku ora weruh kapriye panimbange hala - becikku يَٰلَيۡتَهَا كَانَتِ ٱلۡقَاضِيَةَ ٢٧O, mbok ya iki didadekake wekasanku مَآ أَغۡنَىٰ عَنِّي مَالِيَهۡۜ ٢٨Bandhaku ora pisan bisa mardikake aku هَلَكَ عَنِّي سُلۡطَٰنِيَهۡ ٢٩Kasantosanku wis sirna kabeh خُذُوهُ فَغُلُّوهُ ٣٠(Dhawuhing Allah): Dheweke cekelen, nuli sira belenggu ثُمَّ ٱلۡجَحِيمَ صَلُّوهُ ٣١Tumuli cemplungna ing geni murub ثُمَّ فِي سِلۡسِلَةٍ ذَرۡعُهَا سَبۡعُونَ ذِرَاعًا فَٱسۡلُكُوهُ ٣٢Banjur tikungen ing rante kang dawane pitung puluh hasta إِنَّهُۥ كَانَ لَا يُؤۡمِنُ بِٱللَّهِ ٱلۡعَظِيمِ ٣٣Sayekti dheweke iku biyen ora angestu ing Allah ingkang Agung وَلَا يَحُضُّ عَلَىٰ طَعَامِ ٱلۡمِسۡكِينِ ٣٤Lan ora gelem tetulung ngluari pangan wong miskin فَلَيۡسَ لَهُ ٱلۡيَوۡمَ هَٰهُنَا حَمِيمٌ ٣٥Mulane ing dina iku dheweke ora duwe mitra tuhu وَلَا طَعَامٌ إِلَّا مِنۡ غِسۡلِينٍ ٣٦Sarta ora entuk pangan kajaba rereged لَّا يَأۡكُلُهُۥٓ إِلَّا ٱلۡخَٰطِـُٔونَ ٣٧Ora ana wong mangan (rereged) kejaba wong kang anglakoni panggawe luput فَلَآ أُقۡسِمُ بِمَا تُبۡصِرُونَ ٣٨Ingsun supata kelawan barang kang sira weruhi وَمَا لَا تُبۡصِرُونَ ٣٩Sarta barang kang ora sira weruhi إِنَّهُۥ لَقَوۡلُ رَسُولٍ كَرِيمٍ ٤٠Sayekti iku temen pangandikaning utusan kang mulya وَمَا هُوَ بِقَوۡلِ شَاعِرٍۚ قَلِيلًا مَّا تُؤۡمِنُونَ ٤١Lan iku dudu tembunge juru kidung, sathitik anggonira padha angestu وَلَا بِقَوۡلِ كَاهِنٍۚ قَلِيلًا مَّا تَذَكَّرُونَ ٤٢Sarta dudu tembunge juru pethek, sathithik anggonira padha ngangen - angen تَنزِيلٌ مِّن رَّبِّ ٱلۡعَٰلَمِينَ ٤٣Iku wewedhar (kang dhumawuh) saka pangeraning ngalam kabeh وَلَوۡ تَقَوَّلَ عَلَيۡنَا بَعۡضَ ٱلۡأَقَاوِيلِ ٤٤Lan saupama dheweke agawe - gawe sawenehing tetembungan (diwadekake) atas (saka) Ingsun لَأَخَذۡنَا مِنۡهُ بِٱلۡيَمِينِ ٤٥Amasti dheweke bakal Ingsun candhak tangan tengene ثُمَّ لَقَطَعۡنَا مِنۡهُ ٱلۡوَتِينَ ٤٦Banjur bakal Ingsun pedhot tatalining jantunge فَمَا مِنكُم مِّنۡ أَحَدٍ عَنۡهُ حَٰجِزِينَ ٤٧Lan ora ana siji - sijia saka antaranira kang bisa anduwa Ingsun saka dheweke وَإِنَّهُۥ لَتَذۡكِرَةٌ لِّلۡمُتَّقِينَ ٤٨Lan sayekti temen, iku pepeling tumrap wong kang padha anjaga dirine (saka ala) وَإِنَّا لَنَعۡلَمُ أَنَّ مِنكُم مُّكَذِّبِينَ ٤٩Satemene Ingsun nguningani yen sira ana kang maido (al-Quran) وَإِنَّهُۥ لَحَسۡرَةٌ عَلَى ٱلۡكَٰفِرِينَ ٥٠Satemene (al-Quran) bakal andadekake getune dheweke anggone padha maido وَإِنَّهُۥ لَحَقُّ ٱلۡيَقِينِ ٥١Lan sayekti (al-Quran) iku temen sajati - jatining kasunyatan فَسَبِّحۡ بِٱسۡمِ رَبِّكَ ٱلۡعَظِيمِ ٥٢Mulane sira nyebuta Maha suci ing Allah kelawan ngucapake asmane Pangeranira kang Maha Agung

Translation: Unknown.