بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ
إِذَا ٱلسَّمَآءُ ٱنشَقَّتۡ ١Nalikane langit iku pecah وَأَذِنَتۡ لِرَبِّهَا وَحُقَّتۡ ٢Ngestokake kersane Pangerane, wis benere kudu diestokake وَإِذَا ٱلۡأَرۡضُ مُدَّتۡ ٣Lan nalikane bumi dirata وَأَلۡقَتۡ مَا فِيهَا وَتَخَلَّتۡ ٤Lan metokake isen - isene nganti resik kothong وَأَذِنَتۡ لِرَبِّهَا وَحُقَّتۡ ٥Saeta angestokake karsaning Pangerane, wis benere kudu diestokake يَٰٓأَيُّهَا ٱلۡإِنسَٰنُ إِنَّكَ كَادِحٌ إِلَىٰ رَبِّكَ كَدۡحًا فَمُلَٰقِيهِ ٦Hai manungsa! Sira iku tansah lumaku seba ing ngarsane Allah Pangeranira, ing mengko sira oleh piwalese lakunira kelawan becik فَأَمَّا مَنۡ أُوتِيَ كِتَٰبَهُۥ بِيَمِينِهِۦ ٧Sing sapa dipasrahi layang cathetan lelakone saka tengen (hiya iku para kang angestu) فَسَوۡفَ يُحَاسَبُ حِسَابًا يَسِيرًا ٨Bakal ditimbang kelawan entheng وَيَنقَلِبُ إِلَىٰٓ أَهۡلِهِۦ مَسۡرُورًا ٩Lan bali marang panggonaning kancane ana suwarga, kelawan suka bungah وَأَمَّا مَنۡ أُوتِيَ كِتَٰبَهُۥ وَرَآءَ ظَهۡرِهِۦ ١٠Dene sing sapa diparingi layang cathetaning lakune saka buri gegere (hiya iku wong kafir) فَسَوۡفَ يَدۡعُواْ ثُبُورًا ١١Bakal dilakokake wong cilaka lan rusak وَيَصۡلَىٰ سَعِيرًا ١٢Banjur dicemplungake ing neraka Sa'ir إِنَّهُۥ كَانَ فِيٓ أَهۡلِهِۦ مَسۡرُورًا ١٣Satemene dheweke biyen (ing dunya) padha bungah - bungah karo kancane (padha kafir) إِنَّهُۥ ظَنَّ أَن لَّن يَحُورَ ١٤Panyanane ora bakal bali, diseksekake ana ngarsane Allah بَلَىٰٓۚ إِنَّ رَبَّهُۥ كَانَ بِهِۦ بَصِيرًا ١٥Luput panyanane, Allah Pangerane, mirsani dheweke (kafir) فَلَآ أُقۡسِمُ بِٱلشَّفَقِ ١٦Ingsun supata, "Demi mega abang وَٱلَّيۡلِ وَمَا وَسَقَ ١٧Demi wengi, lan barang kang leren ing wektu wengi وَٱلۡقَمَرِ إِذَا ٱتَّسَقَ ١٨Demi rembulan lan nalikane purnama لَتَرۡكَبُنَّ طَبَقًا عَن طَبَقٍ ١٩Sira mesthi nglakoni tingkat kang solan - salin فَمَا لَهُمۡ لَا يُؤۡمِنُونَ ٢٠Ya gene manungsa ora padha percaya (ing Allah) وَإِذَا قُرِئَ عَلَيۡهِمُ ٱلۡقُرۡءَانُ لَا يَسۡجُدُونَۤ ۩ ٢١Nalika diwacakake Al-Quran padha ora gelem sujud بَلِ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ يُكَذِّبُونَ ٢٢Wong kafir malah padha maido al-Qur'an وَٱللَّهُ أَعۡلَمُ بِمَا يُوعُونَ ٢٣Allah nguningani luguning atine anggone maido فَبَشِّرۡهُم بِعَذَابٍ أَلِيمٍ ٢٤Wong kafir mangkono iku, sira kandhanana bakal dipatrapi siksa kang nglarani إِلَّا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّٰلِحَٰتِ لَهُمۡ أَجۡرٌ غَيۡرُ مَمۡنُونِۭ ٢٥Kajaba para wong angestu (Mukmin) kang padha nglakoni panggawe becik padha diganjar suwarga salawase tanpa pedhot