Millat al-Islam

Chapter 23 · 118 verses · Unknown

Surah Al-Muminoon in Javanese

Arabic with tafsir Listen to Surah Al-Muminoon (1250 reciters)

بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ

قَدۡ أَفۡلَحَ ٱلۡمُؤۡمِنُونَ ١Para wong mukmin iku padha pikantuk beja temenan ٱلَّذِينَ هُمۡ فِي صَلَاتِهِمۡ خَٰشِعُونَ ٢Yaiku wong kang khusu' (konjem) anggone padha sholat وَٱلَّذِينَ هُمۡ عَنِ ٱللَّغۡوِ مُعۡرِضُونَ ٣Lan kang nyingkiri samubarang kang ora maedahi ing bab agama utawa bab donya وَٱلَّذِينَ هُمۡ لِلزَّكَوٰةِ فَٰعِلُونَ ٤Lan kang padha mbayar zakat وَٱلَّذِينَ هُمۡ لِفُرُوجِهِمۡ حَٰفِظُونَ ٥Lan kang padha rumeksa kehormatane (ora dianggo nglakoni kang ora dililani dening syara'/zina) إِلَّا عَلَىٰٓ أَزۡوَٰجِهِمۡ أَوۡ مَا مَلَكَتۡ أَيۡمَٰنُهُمۡ فَإِنَّهُمۡ غَيۡرُ مَلُومِينَ ٦Kajaba mung marang bojone dhewe utawa amat (wong wadon kawula tukon kang dimiliki dening tangan tengene) darbeke dhewe. Dheweke iku ora padha dicacad فَمَنِ ٱبۡتَغَىٰ وَرَآءَ ذَٰلِكَ فَأُوْلَٰٓئِكَ هُمُ ٱلۡعَادُونَ ٧Dene sing sapa nggoleki saliyane kang dihalalake (bojone dhewe utawa amate), iku dheweke temen wong kang ngliwati wates (nerak watese hukume Allah) وَٱلَّذِينَ هُمۡ لِأَمَٰنَٰتِهِمۡ وَعَهۡدِهِمۡ رَٰعُونَ ٨Lan dheweke kang padha ngati - ati ngreksa nuhoni titipan (kapercaya) sarta janjine (marang Allah utawa marang sepadhaning manungsa) وَٱلَّذِينَ هُمۡ عَلَىٰ صَلَوَٰتِهِمۡ يُحَافِظُونَ ٩Lan dheweke padha tetep ajeg (ngreksa) anggone shalat (ana ing waktune) أُوْلَٰٓئِكَ هُمُ ٱلۡوَٰرِثُونَ ١٠Para wong mukmin kang padha netepi kaya kang kasebut mau kabeh, iku tetep dadi ahli waris (kang oleh waris suwarga) ٱلَّذِينَ يَرِثُونَ ٱلۡفِرۡدَوۡسَ هُمۡ فِيهَا خَٰلِدُونَ ١١Yaiku kang pikantuk suwarga Firdaus, lan padha langgeng ana ing kono وَلَقَدۡ خَلَقۡنَا ٱلۡإِنسَٰنَ مِن سُلَٰلَةٍ مِّن طِينٍ ١٢Demi satemene Ingsun wis nitahake manungsa (Adam) saka sarining lemah ثُمَّ جَعَلۡنَٰهُ نُطۡفَةً فِي قَرَارٍ مَّكِينٍ ١٣Ingsun banjur nitahake turuning manungsa saka mani, ana pranakane wong wadon kang rineksa ثُمَّ خَلَقۡنَا ٱلنُّطۡفَةَ عَلَقَةً فَخَلَقۡنَا ٱلۡعَلَقَةَ مُضۡغَةً فَخَلَقۡنَا ٱلۡمُضۡغَةَ عِظَٰمًا فَكَسَوۡنَا ٱلۡعِظَٰمَ لَحۡمًا ثُمَّ أَنشَأۡنَٰهُ خَلۡقًا ءَاخَرَۚ فَتَبَارَكَ ٱللَّهُ أَحۡسَنُ ٱلۡخَٰلِقِينَ ١٤Mani mau banjur Ingsun dadekake getih kenthel. Getih kenthel mau banjur Ingsun dadekake daging kempel. Daging kempel mau banjur Ingsun dadekake balung, balung iku banjur Ingsun buntel dafing, banjur Ingsun titahake makhluq liya (bayi), urip sarana Ingsun leboni ruh (nyawa). Maha Luhur Allah. Allah iku kang nitahake kalayan sampurna ثُمَّ إِنَّكُم بَعۡدَ ذَٰلِكَ لَمَيِّتُونَ ١٥Sawise sira dadi manungsa, ing tembe mesthi padha mati ثُمَّ إِنَّكُمۡ يَوۡمَ ٱلۡقِيَٰمَةِ تُبۡعَثُونَ ١٦Sawise padha mati, ing besuk Qiyamat, mesthi bakal ditangekake saka ing pati, urip maneh وَلَقَدۡ خَلَقۡنَا فَوۡقَكُمۡ سَبۡعَ طَرَآئِقَ وَمَا كُنَّا عَنِ ٱلۡخَلۡقِ غَٰفِلِينَ ١٧Lan Ingsun wis nitahake pitung langit ana ing sadhuwurira, lan Ingsun ora supe rumeksa kawulaningsun kang ana ing ngisor (langit Ingsun kukuhi) ora bisa ngrubuhi kang ana ing ngisor وَأَنزَلۡنَا مِنَ ٱلسَّمَآءِ مَآءَۢ بِقَدَرٍ فَأَسۡكَنَّٰهُ فِي ٱلۡأَرۡضِۖ وَإِنَّا عَلَىٰ ذَهَابِۭ بِهِۦ لَقَٰدِرُونَ ١٨Lan Ingsun wis nurunake banyu udan saka ing langit, sacukupe kabutuhane manungsa, banjur mili utawa disesep ing bumi. Lan satemene Ingsun uga kuwasa ngilangake banyu iku فَأَنشَأۡنَا لَكُم بِهِۦ جَنَّٰتٍ مِّن نَّخِيلٍ وَأَعۡنَٰبٍ لَّكُمۡ فِيهَا فَوَٰكِهُ كَثِيرَةٌ وَمِنۡهَا تَأۡكُلُونَ ١٩Banyu udan mau banjur Ingsun anggo nukulake wit - witan isen - isening pakebonan pirang - pirang kayata: kurma lan anggur lan liya - liyane. Sira padha bisa ngundhuh lan mangan woh - wohan pirang - pirang kang werna - werna ana ing pakebonan mau وَشَجَرَةً تَخۡرُجُ مِن طُورِ سَيۡنَآءَ تَنۢبُتُ بِٱلدُّهۡنِ وَصِبۡغٍ لِّلۡأٓكِلِينَ ٢٠Lan Ingsun uga nukulake wit zaitun, kang thukul ana ing gunung Thur-Sina, kang ngetokake lengo kanggo lawuh tumrap wong kang mangan (kena digawe mulas minangka rerengganing panggonan) وَإِنَّ لَكُمۡ فِي ٱلۡأَنۡعَٰمِ لَعِبۡرَةًۖ نُّسۡقِيكُم مِّمَّا فِي بُطُونِهَا وَلَكُمۡ فِيهَا مَنَٰفِعُ كَثِيرَةٌ وَمِنۡهَا تَأۡكُلُونَ ٢١Lan satemene raja kaya iku piwulang ('ibarat) tumrap sira kabeh. Ingsun paring pangomben (powan) sira kabeh saka barang kang ana ing wetenge, lan raja kaya iku akeh maneh kemanfa'atane tumrap sira, lan sawenehe ana kang sira pangan وَعَلَيۡهَا وَعَلَى ٱلۡفُلۡكِ تُحۡمَلُونَ ٢٢Raja-kaya mau ana ing dharatan, ora beda karo perahu ana ing segara, kabeh padha kena sira tunggangi lan sira momoti gegawanira وَلَقَدۡ أَرۡسَلۡنَا نُوحًا إِلَىٰ قَوۡمِهِۦ فَقَالَ يَٰقَوۡمِ ٱعۡبُدُواْ ٱللَّهَ مَا لَكُم مِّنۡ إِلَٰهٍ غَيۡرُهُۥٓۚ أَفَلَا تَتَّقُونَ ٢٣Lan temen Ingsun wis ngutus Nuh, Ingsun kersakake mulang para kaume. Nuh banjur paring pangandika, "He para Ummatingsun. Sira padha manembaha marang ALlah, jalaran sira kabeh ora duwe pangeran kang wajib disembah kajaba mung Panjenengane piyambak. Apa sira ora padha wedi marang siksane menawa sira manembah saliyane Panjenengane فَقَالَ ٱلۡمَلَؤُاْ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ مِن قَوۡمِهِۦ مَا هَٰذَآ إِلَّا بَشَرٌ مِّثۡلُكُمۡ يُرِيدُ أَن يَتَفَضَّلَ عَلَيۡكُمۡ وَلَوۡ شَآءَ ٱللَّهُ لَأَنزَلَ مَلَٰٓئِكَةً مَّا سَمِعۡنَا بِهَٰذَا فِيٓ ءَابَآئِنَا ٱلۡأَوَّلِينَ ٢٤Para panggedhene wong kafir saka kaume Nuh banjur celathu mengkene, "Nuh iku apa dudu manungsa kaya aku lan kowe kabeh? Aku teka ora krungu wulangane para leluhur kita, kang kaya wulangane Nuh iku. Dadi tetela Nuh lumaku diarani wong linuwih, ngungkuli aku lan kowe kabeh. Upama Allah iku temen ngersakake Utusan andhawuhi manungsa, mesthi ngutus malaikat, mangsa ngutusa wong kang kaya mengkono إِنۡ هُوَ إِلَّا رَجُلُۢ بِهِۦ جِنَّةٌ فَتَرَبَّصُواْ بِهِۦ حَتَّىٰ حِينٍ ٢٥Ora liya panemuku, Nuh iku wong lanang kang owah akale, mula prayoga padha disrantekake bae nganti tekan matine utawa kapriye bakal wekasane قَالَ رَبِّ ٱنصُرۡنِي بِمَا كَذَّبُونِ ٢٦Nuh banjur munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, sarehning para ummat kawula sampun cetha gorohake dhateng kawula, Panjenengan mugi paringpitulungan dhateng kawula فَأَوۡحَيۡنَآ إِلَيۡهِ أَنِ ٱصۡنَعِ ٱلۡفُلۡكَ بِأَعۡيُنِنَا وَوَحۡيِنَا فَإِذَا جَآءَ أَمۡرُنَا وَفَارَ ٱلتَّنُّورُ فَٱسۡلُكۡ فِيهَا مِن كُلٍّ زَوۡجَيۡنِ ٱثۡنَيۡنِ وَأَهۡلَكَ إِلَّا مَن سَبَقَ عَلَيۡهِ ٱلۡقَوۡلُ مِنۡهُمۡۖ وَلَا تُخَٰطِبۡنِي فِي ٱلَّذِينَ ظَلَمُوٓاْ إِنَّهُم مُّغۡرَقُونَ ٢٧Ingsun banjur paring wahyu marang Nuh, "(Ummat ira iku bakal Ingsun kerem). Saiki sira gaweya perahu, kelawan Ingsun jenengi, mituruta kaya dhawuh Ingsun. Ing tembe manawa ana banyu mumpal - mumpal saka ing pawon, iku tandha yen siksaningsun wiwit nekani. Ingkono sira banjur munggaha ing prahu, dalah keluwarganira kabeh, lan anggawaha wawarnaning kewan sajodo - jodo bakal kanggo wiji, (kajaba rabinira kang kafir sarta anakira kan'an iku wis kabanjur) Ingsun pasti rusak dening kinelem, lan sira aja nyuwunake selamete wong kang padha kafir, kabeh iku wis Ingsun temtokake rumpes dening kinelem فَإِذَا ٱسۡتَوَيۡتَ أَنتَ وَمَن مَّعَكَ عَلَى ٱلۡفُلۡكِ فَقُلِ ٱلۡحَمۡدُ لِلَّهِ ٱلَّذِي نَجَّىٰنَا مِنَ ٱلۡقَوۡمِ ٱلظَّٰلِمِينَ ٢٨Menawa sira sak ahlinira wis padha munggah prahu, sira nyebuta Asmaningsun menkene, "Sedaya puji punika kunjuk ing Allah, ingkang sampun paring wilujeng dhumateng kawula ahli kawula, kalis saking siksa ingkang numpes para tiyang ingkang sami nganiayaa (kafir) وَقُل رَّبِّ أَنزِلۡنِي مُنزَلًا مُّبَارَكًا وَأَنتَ خَيۡرُ ٱلۡمُنزِلِينَ ٢٩Ing tembe menawa sira wis mudhun saka prahu, munjuka mengkene, "Dhuh Pangeran kawula, mugi - mugi panjenengan paring panggenan dhateng kawula panggenan ingkang prayogi tur pinaringan berkah. panjenengan punika ingkang kuwasa piyambak paringpanggenan ingkang prayogi lan sae إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَٰتٍ وَإِن كُنَّا لَمُبۡتَلِينَ ٣٠Saktemene kang mengkono iku (kabeh kang wis Ingsun dhawuhake marang Nuh lan kaume) iku dadi tandha yekti kekuwasaaningsun. Lan saktemene Ingsun kang nurunake bilahi (kang banget gedhene marang kaume Nuh) ثُمَّ أَنشَأۡنَا مِنۢ بَعۡدِهِمۡ قَرۡنًا ءَاخَرِينَ ٣١Sawise wong - wong mau padha dirusak, Ingsun nuli nitahake kaum (ummat) liyane, (yaiku wong 'Aad, ummate Hud) فَأَرۡسَلۡنَا فِيهِمۡ رَسُولًا مِّنۡهُمۡ أَنِ ٱعۡبُدُواْ ٱللَّهَ مَا لَكُم مِّنۡ إِلَٰهٍ غَيۡرُهُۥٓۚ أَفَلَا تَتَّقُونَ ٣٢Ingsun banjur ngutus nabi (Hud), klebu kaum 'Aad, iku Ingsun ngutus andhawuhi para wong 'Aad, mengkene, "Sira padha manembah marang Allah, awit sira ora duwe Pangeran saliyane Allah. Menawa sira nglirwakake pitutur iki apa sira ora wedi marang siksane Allah وَقَالَ ٱلۡمَلَأُ مِن قَوۡمِهِ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ وَكَذَّبُواْ بِلِقَآءِ ٱلۡأٓخِرَةِ وَأَتۡرَفۡنَٰهُمۡ فِي ٱلۡحَيَوٰةِ ٱلدُّنۡيَا مَا هَٰذَآ إِلَّا بَشَرٌ مِّثۡلُكُمۡ يَأۡكُلُ مِمَّا تَأۡكُلُونَ مِنۡهُ وَيَشۡرَبُ مِمَّا تَشۡرَبُونَ ٣٣Panggedhe wong - wong 'Aad kang padha kafir lan anggorohake kelawan ketemu karo dina akhir, (anggone bakal ditangekake maneh sakwise mati), lan dheweke wis Ingsun paringi kenikmatan ana ing panguripan donya, padha ngucap mangkene, "Nabi Hud iki sapata, ora iya manungsa kaya aku lan kowe kabeh, uga mangan panganan kang padha sira pangan sarta padha ngombe saka barang kang padha sira ombe وَلَئِنۡ أَطَعۡتُم بَشَرًا مِّثۡلَكُمۡ إِنَّكُمۡ إِذًا لَّخَٰسِرُونَ ٣٤Menawa sira padha tanpa budi, mung manut pituture wong sak padhamu wae, sira yekti dadi wong kang kapitunan أَيَعِدُكُمۡ أَنَّكُمۡ إِذَا مِتُّمۡ وَكُنتُمۡ تُرَابًا وَعِظَٰمًا أَنَّكُم مُّخۡرَجُونَ ٣٥Apa Hud janji marang sira, menaaw sira mati, ing mangka sira wis dadi lemah lan balung saktemene sira bakal diuripake maneh ۞ هَيۡهَاتَ هَيۡهَاتَ لِمَا تُوعَدُونَ ٣٦Adoh temen, adoh temen, apa kang dijanjikake marang sira kabeh iku إِنۡ هِيَ إِلَّا حَيَاتُنَا ٱلدُّنۡيَا نَمُوتُ وَنَحۡيَا وَمَا نَحۡنُ بِمَبۡعُوثِينَ ٣٧Urip ingsun iki ora ana maneh kajaba urip ana ing donya, ing tembe bakal mati, sakwise mati, ora pisan - pisan aku kabeh bakal ditangekake إِنۡ هُوَ إِلَّا رَجُلٌ ٱفۡتَرَىٰ عَلَى ٱللَّهِ كَذِبًا وَمَا نَحۡنُ لَهُۥ بِمُؤۡمِنِينَ ٣٨Panemuku Hud ngaku Rosul iku saktemene ora liya mung wong lanang pinter gawe - gawe, ngucapake gegorohan diakokake terang dhawuhe Allah. Aku kabeh ora ngandel قَالَ رَبِّ ٱنصُرۡنِي بِمَا كَذَّبُونِ ٣٩Hud munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, sarehning para ummat kawula sampun cetha sami maiben dhateng kula mugi Panjenengan kersa paring pitulungan dhateng kawula قَالَ عَمَّا قَلِيلٍ لَّيُصۡبِحُنَّ نَٰدِمِينَ ٤٠Allah paring pangandika, "Sedhela engkas wong kafir iku bakal getun, keduwung anggone padha maido dhawuhingsun فَأَخَذَتۡهُمُ ٱلصَّيۡحَةُ بِٱلۡحَقِّ فَجَعَلۡنَٰهُمۡ غُثَآءًۚ فَبُعۡدًا لِّلۡقَوۡمِ ٱلظَّٰلِمِينَ ٤١Wong - wong kafir mau banjur tumpes dening jeritane malaikat Jibril kelawan temen - temen, wong mau nuli Ingsun gawe kaya woh garing (kaya kang digawe banjir). Wong - wong kafir iku tangeh pikantuk rohmate Allah ثُمَّ أَنشَأۡنَا مِنۢ بَعۡدِهِمۡ قُرُونًا ءَاخَرِينَ ٤٢Sak pungkure wong - wong 'Aad kang padha tumpes, Ingsun banjur nitahake gantine. (kayata ummate Nabi Shalih, Ibrahim, Luth lan ummate Nabi Su'aib) مَا تَسۡبِقُ مِنۡ أُمَّةٍ أَجَلَهَا وَمَا يَسۡتَـٔۡخِرُونَ ٤٣Ora ana sawijining ummat kang bisa andhisiki ajale lan ora bisa ngundurake ثُمَّ أَرۡسَلۡنَا رُسُلَنَا تَتۡرَاۖ كُلَّ مَا جَآءَ أُمَّةً رَّسُولُهَا كَذَّبُوهُۖ فَأَتۡبَعۡنَا بَعۡضَهُم بَعۡضًا وَجَعَلۡنَٰهُمۡ أَحَادِيثَۚ فَبُعۡدًا لِّقَوۡمٍ لَّا يُؤۡمِنُونَ ٤٤Sakwise iku, Ingsun banjur ngutus para rosul gilir-gumanti. Saben ana rosul nerangake marang ummate, para ummat mau padha anggorohake marang rasule. Mulane para ummat mau iya banjur Ingsun rusak (kaya ummat kang wis dhisik) sarta sejarahe Ingsun dadekake tuladan minangka pepenget marang ummat kang kari, wong kang ora iman padha adoh saka rohmate Allah ثُمَّ أَرۡسَلۡنَا مُوسَىٰ وَأَخَاهُ هَٰرُونَ بِـَٔايَٰتِنَا وَسُلۡطَٰنٍ مُّبِينٍ ٤٥Ingsun banjur ngutus Musa lan sedulure aran Harun kanthi tandha yekti lan keterangan kang nyata إِلَىٰ فِرۡعَوۡنَ وَمَلَإِيْهِۦ فَٱسۡتَكۡبَرُواْ وَكَانُواْ قَوۡمًا عَالِينَ ٤٦Rawuh marang Fir'aun dalah para punggawane. Nanging dheweke iku padha nggumedhe sarta kumalungkung فَقَالُوٓاْ أَنُؤۡمِنُ لِبَشَرَيۡنِ مِثۡلِنَا وَقَوۡمُهُمَا لَنَا عَٰبِدُونَ ٤٧Fir'aun sak punggawane padha ngucap, "Ya gene aku gelem percaya marang wong loro kang padha wae karo aku, tur kaume (yaiku wong bani Israil) padha kumawula marang aku فَكَذَّبُوهُمَا فَكَانُواْ مِنَ ٱلۡمُهۡلَكِينَ ٤٨Fir'aun dalah punggawane padha anggorohake Musa lan Harun, dheweke padha tumpes dirusak dening Allah (katungkeban ing segara Qulzum) وَلَقَدۡ ءَاتَيۡنَا مُوسَى ٱلۡكِتَٰبَ لَعَلَّهُمۡ يَهۡتَدُونَ ٤٩Lan temen Ingsun wos paring kitab Taurat marang Musa, supaya wong - wong bani Israil padha pikantuk pituduh bener sarta ngestokake surasane kitab Taurat وَجَعَلۡنَا ٱبۡنَ مَرۡيَمَ وَأُمَّهُۥٓ ءَايَةً وَءَاوَيۡنَٰهُمَآ إِلَىٰ رَبۡوَةٍ ذَاتِ قَرَارٍ وَمَعِينٍ ٥٠Lan Ingsun wis dadekake ('Isa) putrane Maryam sarta ibune minangka tandha yekti kuasaningsun. Lan sak klorone wis Ingsun panggonake ana ing panggonan kang dhuwur (yaiku Baitul Muqaddas) kang palemahane rata tur gemah ripah loh jinawi lan ana kaline kang mili banyu يَٰٓأَيُّهَا ٱلرُّسُلُ كُلُواْ مِنَ ٱلطَّيِّبَٰتِ وَٱعۡمَلُواْ صَٰلِحًاۖ إِنِّي بِمَا تَعۡمَلُونَ عَلِيمٌ ٥١He para utusan sira padha mangana saka panganan kang becik - becik (halal), lan padha nindakna kabecikan, saktemene Ingsun iku maha Ngudaneni marang barang kang padha sira tindakake وَإِنَّ هَٰذِهِۦٓ أُمَّتُكُمۡ أُمَّةً وَٰحِدَةً وَأَنَا۠ رَبُّكُمۡ فَٱتَّقُونِ ٥٢Sumurupa saktemene agama Islam iku agama lan syareatira kang siji (Islam). Lan Ingsun iku Pangeran ira kabeh, jalaran sangka sira padha bektia marang Ingsun (padha taqwa) فَتَقَطَّعُوٓاْ أَمۡرَهُم بَيۡنَهُمۡ زُبُرًاۖ كُلُّ حِزۡبِۭ بِمَا لَدَيۡهِمۡ فَرِحُونَ ٥٣Ewo dene menungsa banjur beda - beda agamane, dadi pirang - pirang golongan; siji - sijine golongan padha kenceng ngrungkepi panemune dhewe - dhewe padha nduwe pangira menawa agama kang dirungkepi iku wis bener فَذَرۡهُمۡ فِي غَمۡرَتِهِمۡ حَتَّىٰ حِينٍ ٥٤Wong mengkono mau tinggalen ing kesasarane lan kekafirane (karoben padha mek-mekan kaya wong wuta) nganti tekan mangsane (dheweke padha mati) أَيَحۡسَبُونَ أَنَّمَا نُمِدُّهُم بِهِۦ مِن مَّالٍ وَبَنِينَ ٥٥Wong - wong kafir mau apa duwe pangira, menawa saktemene kabeh kang wis Ingsun paringake ana ing donya saka banda lan anak (kadadekake kenikmatan) نُسَارِعُ لَهُمۡ فِي ٱلۡخَيۡرَٰتِۚ بَل لَّا يَشۡعُرُونَ ٥٦Kang Ingsun enggal - enggal paringake minangka ganjarane wng - wong anggone padha tumindak becik? Saktemene dheweke padha ora sumurup menawa iku panglulu إِنَّ ٱلَّذِينَ هُم مِّنۡ خَشۡيَةِ رَبِّهِم مُّشۡفِقُونَ ٥٧Saktemene wong - wong kang padha wedi siksane Allah nganti padha konjem saking dening bektine marang pangerane وَٱلَّذِينَ هُم بِـَٔايَٰتِ رَبِّهِمۡ يُؤۡمِنُونَ ٥٨Lan kang padha iman ngandel marang ayate Allah pangerane وَٱلَّذِينَ هُم بِرَبِّهِمۡ لَا يُشۡرِكُونَ ٥٩Lan ora nyekuthokake marang Pangerane وَٱلَّذِينَ يُؤۡتُونَ مَآ ءَاتَواْ وَّقُلُوبُهُمۡ وَجِلَةٌ أَنَّهُمۡ إِلَىٰ رَبِّهِمۡ رَٰجِعُونَ ٦٠Lan wong - wong kang padha menehake barang kang wis diparingake marang dheweke (saka zakat lan shodaqoh), sarta atine wedi mbok menawa kebecikane ora dianggep dening Allah amarga wong Mukmin mau padha rumangsa ing tembe bakal padha bali marang Pangerane أُوْلَٰٓئِكَ يُسَٰرِعُونَ فِي ٱلۡخَيۡرَٰتِ وَهُمۡ لَهَا سَٰبِقُونَ ٦١Wong kang mengkono iku padha balapan lan sregep nindakake kebecikan, lan padha dhisik - dhisikan anggone nindakake kebecikan وَلَا نُكَلِّفُ نَفۡسًا إِلَّا وُسۡعَهَاۚ وَلَدَيۡنَا كِتَٰبٌ يَنطِقُ بِٱلۡحَقِّ وَهُمۡ لَا يُظۡلَمُونَ ٦٢Lan Ingsun ora merdi marang sawijining awak, kajaba sak kuwasane, (nglakoni barang kang rekasa). Ingsun kagungan kitab kang nerangake kelawan temen. para wong Mukmin ora bakal dianiaya بَلۡ قُلُوبُهُمۡ فِي غَمۡرَةٍ مِّنۡ هَٰذَا وَلَهُمۡ أَعۡمَٰلٌ مِّن دُونِ ذَٰلِكَ هُمۡ لَهَا عَٰمِلُونَ ٦٣Nanging atine wong kafir padha kelimput ora nindakake isine al-Qur'an, padha duwe tindak ala (ora kaya tindakke wong - wong mukmin kang kasebut mau) padha andodro anggone tindak ala mau, mulane padha disiksa حَتَّىٰٓ إِذَآ أَخَذۡنَا مُتۡرَفِيهِم بِٱلۡعَذَابِ إِذَا هُمۡ يَجۡـَٔرُونَ ٦٤Bareng wis tekan mangsane Ingsun banjur matrapi siksa marang para panggedhene wong kafir mau, ing kono banjur padha sesambat لَا تَجۡـَٔرُواْ ٱلۡيَوۡمَۖ إِنَّكُم مِّنَّا لَا تُنصَرُونَ ٦٥Wong kafir nuli didhawuhi, "He wong kafir ing dina iki sira aja sesambat, awit sira ora bakal pikantuk pitulungan قَدۡ كَانَتۡ ءَايَٰتِي تُتۡلَىٰ عَلَيۡكُمۡ فَكُنتُمۡ عَلَىٰٓ أَعۡقَٰبِكُمۡ تَنكِصُونَ ٦٦Awit saktemene sira wis diwacakake ayat - ayatingsun, nanging sira padha mlengos bali marang agamanira kang dhisik مُسۡتَكۡبِرِينَ بِهِۦ سَٰمِرًا تَهۡجُرُونَ ٦٧Padha nggumedhe klawan ngaku - aku (anduweni Baitullah), sarta sira padha mlengos soko al-Quran, rame - rame (ngala - ala al-QUr'an ana sak kiwa tengene Baitullah) أَفَلَمۡ يَدَّبَّرُواْ ٱلۡقَوۡلَ أَمۡ جَآءَهُم مَّا لَمۡ يَأۡتِ ءَابَآءَهُمُ ٱلۡأَوَّلِينَ ٦٨Yagene wong kafir mau ora gelem niti priksa (mikir) dhawuhing al-Qur'an, apa padha rumangsa didhawuhi barang kang durung didhawuhake Allah marang leluhure biyen أَمۡ لَمۡ يَعۡرِفُواْ رَسُولَهُمۡ فَهُمۡ لَهُۥ مُنكِرُونَ ٦٩Apa wong kafir mau ora weruh marang Rasule, (nabi Muhammad) banjur dheweke padha mungkiri marang utusane iku أَمۡ يَقُولُونَ بِهِۦ جِنَّةُۢۚ بَلۡ جَآءَهُم بِٱلۡحَقِّ وَأَكۡثَرُهُمۡ لِلۡحَقِّ كَٰرِهُونَ ٧٠Utawa apa dheweke padha ngarani menawa utusan (Muhammad) kang owah akale ? Saktemene utusan mau wis rawuh marang wong - wong iku kanthi ndhawuhake agama kang bener. Nanging akeh - akehe wong iku padha gething marang kang bener وَلَوِ ٱتَّبَعَ ٱلۡحَقُّ أَهۡوَآءَهُمۡ لَفَسَدَتِ ٱلسَّمَٰوَٰتُ وَٱلۡأَرۡضُ وَمَن فِيهِنَّۚ بَلۡ أَتَيۡنَٰهُم بِذِكۡرِهِمۡ فَهُمۡ عَن ذِكۡرِهِم مُّعۡرِضُونَ ٧١Lan sak upama kebeneran (al-Qur'an) iku manut marang hawa nafsune wong - wong mau (anggone musyrik nganakake pangeran sak liyane Allah, ngarani Allah iku peputra lan sepadhane) mesthi langit bumi sak isine kabeh iku padha rusak. Saktemene Ingsun wis dhawuhake al-QUr'an iki marang wong - wong mau nanging dheweke padha mlengos saka pepilinge أَمۡ تَسۡـَٔلُهُمۡ خَرۡجًا فَخَرَاجُ رَبِّكَ خَيۡرٌۖ وَهُوَ خَيۡرُ ٱلرَّٰزِقِينَ ٧٢Utawa apa anggonira andhawuhake al-Qur'an iki sira nganggo anjaluk pituwas marang wong kafir, sumurupa ganjaran pangeranira iku luweih becik. Dene Allah iku becik - becike dzat kang paring rejeki (paring ganjaran) وَإِنَّكَ لَتَدۡعُوهُمۡ إِلَىٰ صِرَٰطٍ مُّسۡتَقِيمٍ ٧٣Lan saktemene sira (Muhammad) iku temen ajak - ajak ing wong - wong mau marang dalan kang bener (agama Islam) وَإِنَّ ٱلَّذِينَ لَا يُؤۡمِنُونَ بِٱلۡأٓخِرَةِ عَنِ ٱلصِّرَٰطِ لَنَٰكِبُونَ ٧٤Lan saktemene wong - wong kang ora percaya marang akherat iku nyimpang saka agama kang bener ۞ وَلَوۡ رَحِمۡنَٰهُمۡ وَكَشَفۡنَا مَا بِهِم مِّن ضُرٍّ لَّلَجُّواْ فِي طُغۡيَٰنِهِمۡ يَعۡمَهُونَ ٧٥Lan upama wong - wong kafir iku Ignsun paringi rahmat lan Ingsun ilangake kesusahane (anggone nandang pailan) mesthi sangsaya ndodro anggone nasar, bali kaya mau - maune وَلَقَدۡ أَخَذۡنَٰهُم بِٱلۡعَذَابِ فَمَا ٱسۡتَكَانُواْ لِرَبِّهِمۡ وَمَا يَتَضَرَّعُونَ ٧٦Lan yekti saktemene Ingsun wis nurunake siksa marang wong - wong mau (wujud pailan) nanging dheweke meksa ora gelem sumungkem (andhap asor) marang pangerane lan ora gelem mareni anggone nasar (ora gelem ndendepe) حَتَّىٰٓ إِذَا فَتَحۡنَا عَلَيۡهِم بَابًا ذَا عَذَابٍ شَدِيدٍ إِذَا هُمۡ فِيهِ مُبۡلِسُونَ ٧٧Nganti padha Ingsun bukaki lawange siksa kang banget abote (yaiku mati ana ing perang Badar), ing kono padha kasip ora bisa ngarep - arep kabecikan وَهُوَ ٱلَّذِيٓ أَنشَأَ لَكُمُ ٱلسَّمۡعَ وَٱلۡأَبۡصَٰرَ وَٱلۡأَفۡـِٔدَةَۚ قَلِيلًا مَّا تَشۡكُرُونَ ٧٨Lan panjenengane iku kang wis gawe pengrungu, pandeleng lan ati kanggo sira kabeh nanging sethithik banget sira kang padha syukur وَهُوَ ٱلَّذِي ذَرَأَكُمۡ فِي ٱلۡأَرۡضِ وَإِلَيۡهِ تُحۡشَرُونَ ٧٩Lan panjenengane iku kang wis gawe pengrungu, pandeleng lan ati kanggo sira kabeh nanging sethithik banget sira kang padha syukur وَهُوَ ٱلَّذِي يُحۡيِۦ وَيُمِيتُ وَلَهُ ٱخۡتِلَٰفُ ٱلَّيۡلِ وَٱلنَّهَارِۚ أَفَلَا تَعۡقِلُونَ ٨٠Lan panjenengane iku kang gawe urip gawe pati, lan mung panjenengane piyambak kang nguasani bedane wengi lan rina, apa sira padha ora mikir بَلۡ قَالُواْ مِثۡلَ مَا قَالَ ٱلۡأَوَّلُونَ ٨١Nanging wong - wong kafir mau padha ngucap kaya pengucape wong kafir jaman biyen قَالُوٓاْ أَءِذَا مِتۡنَا وَكُنَّا تُرَابًا وَعِظَٰمًا أَءِنَّا لَمَبۡعُوثُونَ ٨٢Wong - wong kafir biyen padha ngucap mengkene, "Besuk menawa aku wis mati sarta wis dadi lemah lan dadi balung apa iya aku kabeh padha bakal ditangekake (diuripake maneh) لَقَدۡ وُعِدۡنَا نَحۡنُ وَءَابَآؤُنَا هَٰذَا مِن قَبۡلُ إِنۡ هَٰذَآ إِلَّآ أَسَٰطِيرُ ٱلۡأَوَّلِينَ ٨٣Saktemene bab bakal tangine wong kang wis mati iku aku iya wis didhawuhi (Muhammad), para leluhur biyen iya padha didhawuhi dening Rosule dhewe - dhewe. Nanging panemuku kang kaya mengkono ora liya mung gawe - gawene wong jaman biyen, ora bakal ana nyatane قُل لِّمَنِ ٱلۡأَرۡضُ وَمَن فِيهَآ إِن كُنتُمۡ تَعۡلَمُونَ ٨٤(Muhammad) sira dhawuha, "KAgungane sapa bumi dalah sak isine kabeh iki yen nyata sira sumurp (marang kang kagungan) سَيَقُولُونَ لِلَّهِۚ قُلۡ أَفَلَا تَذَكَّرُونَ ٨٥Wong - wong kafir mau bakal padha mangsuli, "KAgungane Allah". Yen wis mangsuli mengkono sira dhawuha maneh, "Yo gene kowe padha ora mangerti menawa Pangeran kang kuasa nganakake menungsa iku uga kuasa nguripake wong kang wus mati قُلۡ مَن رَّبُّ ٱلسَّمَٰوَٰتِ ٱلسَّبۡعِ وَرَبُّ ٱلۡعَرۡشِ ٱلۡعَظِيمِ ٨٦(Muhammad) sira dhawuha, "Sapa Pangerane pitung langit lan Pangeraning Arsy سَيَقُولُونَ لِلَّهِۚ قُلۡ أَفَلَا تَتَّقُونَ ٨٧Wong - wong kafir mesthi padha mangsuli, "Kabeh iku kagungane Allah". Yen wis mangsuli mengkono sira banjur dhawuha, "Yogene kowe padha ora wedi manembah sakliyane Allah قُلۡ مَنۢ بِيَدِهِۦ مَلَكُوتُ كُلِّ شَيۡءٍ وَهُوَ يُجِيرُ وَلَا يُجَارُ عَلَيۡهِ إِن كُنتُمۡ تَعۡلَمُونَ ٨٨(Muhammad) sira nuli dhawuha maneh mara sapa kang kagungan ngasta pusarane kabeh barang kang dumadi, tur kuasa rumeksa marang barang mau, apa dene ora ana kang bisa ngalang - alangi kersani tumrap kabeh barang kang dumadi mau, apa sira padha sumurup سَيَقُولُونَ لِلَّهِۚ قُلۡ فَأَنَّىٰ تُسۡحَرُونَ ٨٩Wong - wong kafir mau mesthi padha mangsuli, "Kabeh iku kagungane Allah". Yen wis mangsuli mengkono sira dhawuha, "Kepriye kowe padha ora gelem sumungkem ngabekti marang Allah, barang wis terang bener teka kok arani luput بَلۡ أَتَيۡنَٰهُم بِٱلۡحَقِّ وَإِنَّهُمۡ لَكَٰذِبُونَ ٩٠(Muhammad) Ingsun wis andhawuhake barang kang hak marang wong kafir (yaiku anggone ngarani ALlah peputra iku mukhal lan anggone padha musyrik iku luput). Saktemene pengucape wong - wong kafir iku padha goroh مَا ٱتَّخَذَ ٱللَّهُ مِن وَلَدٍ وَمَا كَانَ مَعَهُۥ مِنۡ إِلَٰهٍۚ إِذًا لَّذَهَبَ كُلُّ إِلَٰهِۭ بِمَا خَلَقَ وَلَعَلَا بَعۡضُهُمۡ عَلَىٰ بَعۡضٍۚ سُبۡحَٰنَ ٱللَّهِ عَمَّا يَصِفُونَ ٩١Kang hak, Allah iku ora peputra, lan ora ana barang kang melu jumeneng pangeran, mesthi siji - sijine pangeran mau kudu ngalahake marang pangerane (kabeh iku ora ana nyatane). Allah iku maha suci saka sesipatan kang diucapake wong - wong kafir mau عَٰلِمِ ٱلۡغَيۡبِ وَٱلشَّهَٰدَةِ فَتَعَٰلَىٰ عَمَّا يُشۡرِكُونَ ٩٢Allah iku nguningani barang kang ghaib lan barang kang kasat mata. Maha luhur Allah saka barang kang disekutokake dening wong kafir mau قُل رَّبِّ إِمَّا تُرِيَنِّي مَا يُوعَدُونَ ٩٣(Muhammad) sira munjukka marang Ingsun mengkene, "Dhuh Panjenengan badhe maringi sumerap dhumateng kawula, anggen panjenengan ngleksanani siksa dhateng tiyang kafir ingkang sampun panjenengan janjekaken رَبِّ فَلَا تَجۡعَلۡنِي فِي ٱلۡقَوۡمِ ٱلظَّٰلِمِينَ ٩٤Dhuh Pangeran kawula mugi panjenengan mugi sampun ngatuttaken kawula kasarengake tumut risak para tiyang kafir wau وَإِنَّا عَلَىٰٓ أَن نُّرِيَكَ مَا نَعِدُهُمۡ لَقَٰدِرُونَ ٩٥(Muhammad) saktemen Ingsun kuasa nuduhake marang sira ing siksa kang wis Ingsun janjekake marang wong - wong mau ٱدۡفَعۡ بِٱلَّتِي هِيَ أَحۡسَنُ ٱلسَّيِّئَةَۚ نَحۡنُ أَعۡلَمُ بِمَا يَصِفُونَ ٩٦(Muhammad) sira nulaka tindak ala kelawan tindak kang luwih becik. Ingsun luwih ngudaneni marang barang kang diucapake dening wong - wong kafir mau (ucapan goroh) وَقُل رَّبِّ أَعُوذُ بِكَ مِنۡ هَمَزَٰتِ ٱلشَّيَٰطِينِ ٩٧(Muhammad) sira munjukka mengkene, "Dhuh Pangeran kawula, Kawula nyuwun reksa dhumateng panjenengan saking panggodaning syetan - syetan وَأَعُوذُ بِكَ رَبِّ أَن يَحۡضُرُونِ ٩٨Dhuh pangeran, kawula nyuwun reksa sampun ngantos kedhatengan syetan wau حَتَّىٰٓ إِذَا جَآءَ أَحَدَهُمُ ٱلۡمَوۡتُ قَالَ رَبِّ ٱرۡجِعُونِ ٩٩Wong - wong kafir mau anggone padha musyrik kebacut nganti tekan matine, ing kono banjur ngunjuk ing Allah, "Dhuh pangeran kawula, mugi panjenengan mangsulaken dhateng donya malih لَعَلِّيٓ أَعۡمَلُ صَٰلِحًا فِيمَا تَرَكۡتُۚ كـَلَّآۚ إِنَّهَا كَلِمَةٌ هُوَ قَآئِلُهَاۖ وَمِن وَرَآئِهِم بَرۡزَخٌ إِلَىٰ يَوۡمِ يُبۡعَثُونَ ١٠٠Supados kawula saget (maos syahadat) nindakaken kesaenan wonten ing donya. Ing perkawis ingkang kawula tilar". (Pangandikane Allah), "Ora pisan - pisan bisabali", saktemene penyuwune iku mung gunem kang diucapake kang ora ana gunane, lan ing sakburine ana aling - aling kang ngalang - alangi wong - wong mau bali marang donya, nganti dinane ditangekake saka pati فَإِذَا نُفِخَ فِي ٱلصُّورِ فَلَآ أَنسَابَ بَيۡنَهُمۡ يَوۡمَئِذٍ وَلَا يَتَسَآءَلُونَ ١٠١Ing besuk menawa slomprete (malaikat Israfil) wis diunekake (dina Qiyamat) dina iku ora ana maneh hambek kumaluhur ing bab nasabe lan ora ana maneh sing takon - tinakon فَمَن ثَقُلَتۡ مَوَٰزِينُهُۥ فَأُوْلَٰٓئِكَ هُمُ ٱلۡمُفۡلِحُونَ ١٠٢Sing sapa kang abot timbangane (kabecikan) won g- wong iku kang pikantuk kabegjan وَمَنۡ خَفَّتۡ مَوَٰزِينُهُۥ فَأُوْلَٰٓئِكَ ٱلَّذِينَ خَسِرُوٓاْ أَنفُسَهُمۡ فِي جَهَنَّمَ خَٰلِدُونَ ١٠٣Dene wong kang entheng timbangane, wong - wong mau kang padha kapitunan akawe dhewe bakal langgeng ana ing neraka jahannam تَلۡفَحُ وُجُوهَهُمُ ٱلنَّارُ وَهُمۡ فِيهَا كَٰلِحُونَ ١٠٤Rahine padha gosong dening geni, wong - wong kafir mau ana ing neraka padha mrengut (mringis) أَلَمۡ تَكُنۡ ءَايَٰتِي تُتۡلَىٰ عَلَيۡكُمۡ فَكُنتُم بِهَا تُكَذِّبُونَ ١٠٥Wong - wong kafir mau banjur padha tampa dhawuh, "Nalika sira ana ing donya apa ora wis diwacakake ayat - ayat ingsun, dhek samana sira padha anggorohake قَالُواْ رَبَّنَا غَلَبَتۡ عَلَيۡنَا شِقۡوَتُنَا وَكُنَّا قَوۡمًا ضَآلِّينَ ١٠٦Wong - wong kafir mau bajur padha ngunjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, anggen kula maiben punika jalaran sampun kalindhih dhateng cilaka ingkang tuwuh saking awonipun lampah kawula, mila dados tiyang kesasar رَبَّنَآ أَخۡرِجۡنَا مِنۡهَا فَإِنۡ عُدۡنَا فَإِنَّا ظَٰلِمُونَ ١٠٧Dhuh Pangeran, kawula mugi panjenengan entasaken saking neraka. Menawi ngantos sami purun wangsul kafir malih kaula tetep nganiaya dhateng badan kula piyambak قَالَ ٱخۡسَـُٔواْ فِيهَا وَلَا تُكَلِّمُونِ ١٠٨Allah paring pangendika, "Sira kabeh dadiya asor ana ing neraka, lan aja kakeyan atur marang Ingsun (nyuwun dientasake saka neraka) إِنَّهُۥ كَانَ فَرِيقٌ مِّنۡ عِبَادِي يَقُولُونَ رَبَّنَآ ءَامَنَّا فَٱغۡفِرۡ لَنَا وَٱرۡحَمۡنَا وَأَنتَ خَيۡرُ ٱلرَّٰحِمِينَ ١٠٩Sak temene ana kawulaingsun sak watara yaiku wong mukmin kang padha munjuk marang Ingsun mengkene, "Dhuh pangeran, kawula punika iman dhateng panjenengan mugi - mugi panjenengan kersa paring pangapunten dhateng kalepatan, saha mugi angngrentahna sih dumateng kawula. Inggih Panjenengan punika sae - sae ning dzat ingkang paring rahmat فَٱتَّخَذۡتُمُوهُمۡ سِخۡرِيًّا حَتَّىٰٓ أَنسَوۡكُمۡ ذِكۡرِي وَكُنتُم مِّنۡهُمۡ تَضۡحَكُونَ ١١٠(He wong kafir) kawulaningsun kang padha munjuk mengkono mau banjur padha sira anggo bulang - bulang lan sira nggeguyu nganti kelimput lali marang Ingsun إِنِّي جَزَيۡتُهُمُ ٱلۡيَوۡمَ بِمَا صَبَرُوٓاْ أَنَّهُمۡ هُمُ ٱلۡفَآئِزُونَ ١١١Saktemene dina iki, Ingsun angganjar wong - wong mukmin kelawan suwarga jalaran anggone sabar lan teguh atine. Saktemene dheweke wong mukimin iku wong - wong kangpadha pikantuk kabegjan قَٰلَ كَمۡ لَبِثۡتُمۡ فِي ٱلۡأَرۡضِ عَدَدَ سِنِينَ ١١٢ALla andangu marang wong kafir, "He wong kafir, pirang tahun lawase sira manggon ana ing bumi قَالُواْ لَبِثۡنَا يَوۡمًا أَوۡ بَعۡضَ يَوۡمٍ فَسۡـَٔلِ ٱلۡعَآدِّينَ ١١٣(Wong - wong kafir mau) banjur padha matur, "Anggen kawula wonten ing donya rumiyin namung sedinten utawi setengah dinten. SUmangga andangua dhumateng Malaikat ingkang nyatheti ngamaling manungsa قَٰلَ إِن لَّبِثۡتُمۡ إِلَّا قَلِيلًاۖ لَّوۡ أَنَّكُمۡ كُنتُمۡ تَعۡلَمُونَ ١١٤Allah ngendika, "Menawa sira padha weruh lan mangerti, anggonira ana ing donya biyen, mung sedhela banget, menawa sira weruh أَفَحَسِبۡتُمۡ أَنَّمَا خَلَقۡنَٰكُمۡ عَبَثًا وَأَنَّكُمۡ إِلَيۡنَا لَا تُرۡجَعُونَ ١١٥Apa sira duwe pengira, menawa anggoningsun nitahake sira iku mung dedolanan, tanpa guna, lan saktemene sira ora disowanake marang ngasaningsun فَتَعَٰلَى ٱللَّهُ ٱلۡمَلِكُ ٱلۡحَقُّۖ لَآ إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ رَبُّ ٱلۡعَرۡشِ ٱلۡكَرِيمِ ١١٦Maha luhur Allah. Raja kang sejati (haq), ora ana Pangeran kang wajib disembah kejaba Panjenengane piyambak, Pangeran Arasy kang mulya وَمَن يَدۡعُ مَعَ ٱللَّهِ إِلَٰهًا ءَاخَرَ لَا بُرۡهَٰنَ لَهُۥ بِهِۦ فَإِنَّمَا حِسَابُهُۥ عِندَ رَبِّهِۦٓۚ إِنَّهُۥ لَا يُفۡلِحُ ٱلۡكَٰفِرُونَ ١١٧Dene wong kang manembah marang pangeran liya bebarengan manembah marang Allah, etmen dheweke ora duweni tandha yekti lan keterangan marang kepengeranane sesembahan liyane iku, saktemene piwalese wong - wong mau mung gumantung marang Pangerane. Saktemene wong - wong kafir iku ora pikatuk kabegjan وَقُل رَّبِّ ٱغۡفِرۡ وَٱرۡحَمۡ وَأَنتَ خَيۡرُ ٱلرَّٰحِمِينَ ١١٨(Muhammad) sira munjuka marang Pangeranira, "Dhuh Pangeran kawula, mugi - mugi Panjenengan kersa paring pangapunten tuwin kersa paring rahmat dhateng para kawula ingkang mukmin. Dne Panjenengan punika sae - saening Pangeran ingkang paring rahmat (sempurna Piyambak)

Translation: Unknown.