بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ
ٱلرَّحۡمَٰنُ ١Pangeran kang Maha Murah عَلَّمَ ٱلۡقُرۡءَانَ ٢Iku mulang Qur'an خَلَقَ ٱلۡإِنسَٰنَ ٣Agawe manungsa عَلَّمَهُ ٱلۡبَيَانَ ٤Mulang manungsa supaya pinter guneman ٱلشَّمۡسُ وَٱلۡقَمَرُ بِحُسۡبَانٍ ٥Srengenge lan rembulan iku padha mlaku ajeg ana ing cakrawalane dhewe - dhewe cocok pitungane وَٱلنَّجۡمُ وَٱلشَّجَرُ يَسۡجُدَانِ ٦Thetukulan lan kekayon padha sujud ing Allah وَٱلسَّمَآءَ رَفَعَهَا وَوَضَعَ ٱلۡمِيزَانَ ٧Allah iku dhuwurake langit lan dhawuhake jejeg yen nimbang (adil) أَلَّا تَطۡغَوۡاْ فِي ٱلۡمِيزَانِ ٨Supaya sira aja nakal anggonmu nimbang وَأَقِيمُواْ ٱلۡوَزۡنَ بِٱلۡقِسۡطِ وَلَا تُخۡسِرُواْ ٱلۡمِيزَانَ ٩Lan jejega anggonmu padha nimbang kelawan bener, aja padha ngurangi bobot وَٱلۡأَرۡضَ وَضَعَهَا لِلۡأَنَامِ ١٠Allah ngrata bumi kanggo panggonane titahe (manungsa) فِيهَا فَٰكِهَةٌ وَٱلنَّخۡلُ ذَاتُ ٱلۡأَكۡمَامِ ١١Isi woh - wohan warna - warna lan wit kurma kang duweni mancung وَٱلۡحَبُّ ذُو ٱلۡعَصۡفِ وَٱلرَّيۡحَانُ ١٢Lan isi wiji kang ana kulite lan kembang - kembang kang arum ambune فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ١٣Endi peparinge kabungahan Pangeranira kang padha dipaido خَلَقَ ٱلۡإِنسَٰنَ مِن صَلۡصَٰلٍ كَٱلۡفَخَّارِ ١٤Allah gawe manungsa saka lemah garing, memper lemah kang wis diobong وَخَلَقَ ٱلۡجَآنَّ مِن مَّارِجٍ مِّن نَّارٍ ١٥Lan gawe jin saka urubing geni فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ١٦Endi ta peparinge kabungahan Pangeranira kang padha dipaido رَبُّ ٱلۡمَشۡرِقَيۡنِ وَرَبُّ ٱلۡمَغۡرِبَيۡنِ ١٧Allah iku pangeraning rong panggonan metune srengenge lan pangeraning rong panggonan surupe srengenge فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ١٨Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paido مَرَجَ ٱلۡبَحۡرَيۡنِ يَلۡتَقِيَانِ ١٩Allah nitahake segara loro (tawa lan asin) dinengake wae padha mili banjur padha ketemu بَيۡنَهُمَا بَرۡزَخٌ لَّا يَبۡغِيَانِ ٢٠Antarane segara loro mau ana watese kang ora kasat mata فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ٢١Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paido يَخۡرُجُ مِنۡهُمَا ٱللُّؤۡلُؤُ وَٱلۡمَرۡجَانُ ٢٢Segara loro mau padha metu mutiara lan marjan فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ٢٣Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paido وَلَهُ ٱلۡجَوَارِ ٱلۡمُنشَـَٔاتُ فِي ٱلۡبَحۡرِ كَٱلۡأَعۡلَٰمِ ٢٤Allah iku kagungan prahu pirang - pirang (gaweane manungsa) kumambang ana segara gedhene kaya gunung فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ٢٥Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido كُلُّ مَنۡ عَلَيۡهَا فَانٍ ٢٦Samu barang kang gumelar ana bumi wekasane rusak وَيَبۡقَىٰ وَجۡهُ رَبِّكَ ذُو ٱلۡجَلَٰلِ وَٱلۡإِكۡرَامِ ٢٧Nanging sarirane Pangeranira Allah kang Agung kersa ngajeni (wong mukmin) langgeng tanpa rusak فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ٢٨Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paidho يَسۡـَٔلُهُۥ مَن فِي ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِۚ كُلَّ يَوۡمٍ هُوَ فِي شَأۡنٍ ٢٩Saisining langit lan bumi kabeh padha nyenyuwun ing Allah saben Allah nindhakake lestarine samu barang kang wis pinanthi ing zaman azali فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ٣٠Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paido سَنَفۡرُغُ لَكُمۡ أَيُّهَ ٱلثَّقَلَانِ ٣١Ing tembe sira padha Ingsun timbang ala lan becikira فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ٣٢Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paido يَٰمَعۡشَرَ ٱلۡجِنِّ وَٱلۡإِنسِ إِنِ ٱسۡتَطَعۡتُمۡ أَن تَنفُذُواْ مِنۡ أَقۡطَارِ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِ فَٱنفُذُواْۚ لَا تَنفُذُونَ إِلَّا بِسُلۡطَٰنٍ ٣٣He Jin lan Manungsa kang padha ora nrima pepesthen Ingsun, menawa sira bisa lunga saka telatahe bumi lan langit mara padha lungaha. Nanging mangsa bisa lunga. Kejaba yen sira kuasa فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ٣٤Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido يُرۡسَلُ عَلَيۡكُمَا شُوَاظٌ مِّن نَّارٍ وَنُحَاسٌ فَلَا تَنتَصِرَانِ ٣٥He Jin lan Manungsa (nalikane padha metu saka kubure) pada tinempuh urubing geni lan tembaga, sira ora bisa ngundurake فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ٣٦Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido فَإِذَا ٱنشَقَّتِ ٱلسَّمَآءُ فَكَانَتۡ وَرۡدَةً كَٱلدِّهَانِ ٣٧Nalikane langit sigar warnane jambon kaya mawar tua kaya lenga zaitun فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ٣٨Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido فَيَوۡمَئِذٍ لَّا يُسۡـَٔلُ عَن ذَنۢبِهِۦٓ إِنسٌ وَلَا جَآنٌّ ٣٩Ing dina iku jin lan manungsa durung padha diperiksa dosane فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ٤٠Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido يُعۡرَفُ ٱلۡمُجۡرِمُونَ بِسِيمَٰهُمۡ فَيُؤۡخَذُ بِٱلنَّوَٰصِي وَٱلۡأَقۡدَامِ ٤١Pawa wong kafir padha ketitik kelawan tegengere banjur padha dijambak kuncunge lan sikile فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ٤٢Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido هَٰذِهِۦ جَهَنَّمُ ٱلَّتِي يُكَذِّبُ بِهَا ٱلۡمُجۡرِمُونَ ٤٣(Dhawuhing Malaikat) Iki neraka jahannam kang dipaido dening wong kang padha dosa biyen يَطُوفُونَ بَيۡنَهَا وَبَيۡنَ حَمِيمٍ ءَانٍ ٤٤Wong kafir padha mlaku pating bilulung ana antarane neraka geni lan wedang panas فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ٤٥Endi peparinge kabungahan pangeranira kang padha sira paido وَلِمَنۡ خَافَ مَقَامَ رَبِّهِۦ جَنَّتَانِ ٤٦Dene wong kang pada wedi nalika arep sowan marang Pangerane padha diparingi ganjarang suwarga loro (suwargane jin lan manungsa) فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ٤٧Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido ذَوَاتَآ أَفۡنَانٍ ٤٨Suwarga luru mau ana kekayone (wit - witan) woh - wohan فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ٤٩Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido فِيهِمَا عَيۡنَانِ تَجۡرِيَانِ ٥٠Suwarga loro mau ana bengawane mili فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ٥١Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido فِيهِمَا مِن كُلِّ فَٰكِهَةٍ زَوۡجَانِ ٥٢Suwarga loro mau isi sarupane woh - wohan warna loro garing lan teles فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ٥٣Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido مُتَّكِـِٔينَ عَلَىٰ فُرُشِۭ بَطَآئِنُهَا مِنۡ إِسۡتَبۡرَقٍۚ وَجَنَى ٱلۡجَنَّتَيۡنِ دَانٍ ٥٤Wong kang bekti mau padha sendhen ana palungguhan kang lemeke babut sutra, dene woh - wohane cedhek bisa dipethik ana ing suwarga loro فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ٥٥Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido فِيهِنَّ قَٰصِرَٰتُ ٱلطَّرۡفِ لَمۡ يَطۡمِثۡهُنَّ إِنسٌ قَبۡلَهُمۡ وَلَا جَآنٌّ ٥٦Suwarga loro mau isine widadari kang endah - endah rupane sadurunge diwengku ing suwarga mau durung tau winasesa ing resmi (kumpul) dening jin utawa manungsa فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ٥٧Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido كَأَنَّهُنَّ ٱلۡيَاقُوتُ وَٱلۡمَرۡجَانُ ٥٨Para widadari mau hendah - hendah kaya inten lan mutiara فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ٥٩Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido هَلۡ جَزَآءُ ٱلۡإِحۡسَٰنِ إِلَّا ٱلۡإِحۡسَٰنُ ٦٠Pituasing laku becik ora liya holeh becik فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ٦١Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido وَمِن دُونِهِمَا جَنَّتَانِ ٦٢Kajaba suwarga loro mau, ana rong suwarga maneh فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ٦٣Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido مُدۡهَآمَّتَانِ ٦٤Suwarga loro mau kekayone ijo banget warnane فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ٦٥Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido فِيهِمَا عَيۡنَانِ نَضَّاخَتَانِ ٦٦Sajerone suwarga loro mau ana bengawane loro, padha mili ajeg tanpa suda banyune فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ٦٧Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido فِيهِمَا فَٰكِهَةٌ وَنَخۡلٌ وَرُمَّانٌ ٦٨Sajerone suwarga loro mau ana woh - wohan kabeh ana wite kurma lan delima فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ٦٩Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido فِيهِنَّ خَيۡرَٰتٌ حِسَانٌ ٧٠Suwarga loro mau dalah isen - isene kabeh sarwa becik فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ٧١Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido حُورٌ مَّقۡصُورَٰتٌ فِي ٱلۡخِيَامِ ٧٢Para widadari mau padha endah warnane, padha siningkit ana sajeroning gedhong kang gginawe saka mutiara فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ٧٣Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido لَمۡ يَطۡمِثۡهُنَّ إِنسٌ قَبۡلَهُمۡ وَلَا جَآنٌّ ٧٤Para widadari mau sadurunge diwengku wong ing suwarga durung tau winasesa ing rasmi (kumpul) dening jin lan manungsa فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ٧٥Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido مُتَّكِـِٔينَ عَلَىٰ رَفۡرَفٍ خُضۡرٍ وَعَبۡقَرِيٍّ حِسَانٍ ٧٦Wong ing suwarga padha sendhen ing bantal sutra ijo kang endah warnane فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ٧٧Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido تَبَٰرَكَ ٱسۡمُ رَبِّكَ ذِي ٱلۡجَلَٰلِ وَٱلۡإِكۡرَامِ ٧٨Maha luruh asmane pangeranira, Allah kang Kagungan SIfat Agung sarta Kerja Ngajeni para mukmin