Millat al-Islam

Chapter 37 · 182 verses · Unknown

Surah As-Saaffat in Javanese

Arabic with tafsir Listen to Surah As-Saaffat (1189 reciters)
Meccanسورة الصافات182 verses

بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ

وَٱلصَّٰٓفَّٰتِ صَفًّا ١Demi para Malaikat kang adha baris sap - sapan فَٱلزَّٰجِرَٰتِ زَجۡرًا ٢Demi para Malaikat kang padha ngimpun mega فَٱلتَّٰلِيَٰتِ ذِكۡرًا ٣Demi kang padha maca al-Quran kelawan eling إِنَّ إِلَٰهَكُمۡ لَوَٰحِدٌ ٤He (Manungsa). Sesembahanira kang bener iku mung Allah kang sawiji رَّبُّ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِ وَمَا بَيۡنَهُمَا وَرَبُّ ٱلۡمَشَٰرِقِ ٥Hiya iku pangerane langit lan bumi, lan samu barang kang ana antarane langit lan bumi. Sarta Pangerane panggonan mletheke lan surupe srengenge إِنَّا زَيَّنَّا ٱلسَّمَآءَ ٱلدُّنۡيَا بِزِينَةٍ ٱلۡكَوَاكِبِ ٦Ingsun ngrenggo - ngrenggo langit kang cedhak kanthi lintang pirang - pirang kang padha semlorot وَحِفۡظًا مِّن كُلِّ شَيۡطَٰنٍ مَّارِدٍ ٧Lan (ing kono ana) pangreksa saking sarupaning syetan kang amelwani لَّا يَسَّمَّعُونَ إِلَى ٱلۡمَلَإِ ٱلۡأَعۡلَىٰ وَيُقۡذَفُونَ مِن كُلِّ جَانِبٍ ٨Syethan ora bisa ngrungokake guneme para Malaikat kang ana ing ngendi - endi panggonan دُحُورًاۖ وَلَهُمۡ عَذَابٌ وَاصِبٌ ٩Syetan mahu dipatrapi siksa kang langgeng إِلَّا مَنۡ خَطِفَ ٱلۡخَطۡفَةَ فَأَتۡبَعَهُۥ شِهَابٌ ثَاقِبٌ ١٠Kajaba syetan bisa sawetara bisa ngrungokake sakecap - rong kecap kelawan rikatan hewadene banjur katungka dibalang "Shihab" kang mubyar - mubyar lan natoni فَٱسۡتَفۡتِهِمۡ أَهُمۡ أَشَدُّ خَلۡقًا أَم مَّنۡ خَلَقۡنَآۚ إِنَّا خَلَقۡنَٰهُم مِّن طِينٍ لَّازِبِۭ ١١Takono angel endi anggone gawe wong kafir karo gawe bui lan langit? Anggoningsun gawe dheweke (wong kafir) mung saka endhut بَلۡ عَجِبۡتَ وَيَسۡخَرُونَ ١٢Balik sira (Muhammad) banjur gumun ana apa wong kafir ora bisa nerangake mung geguyu وَإِذَا ذُكِّرُواْ لَا يَذۡكُرُونَ ١٣Menawa dipituturi surasaning al-Quran ora manut وَإِذَا رَأَوۡاْ ءَايَةً يَسۡتَسۡخِرُونَ ١٤Menawa padha handeleng tandha yekti kehelokan (kayata sigare rembulan) padha geguyu وَقَالُوٓاْ إِنۡ هَٰذَآ إِلَّا سِحۡرٌ مُّبِينٌ ١٥Pangucape, "Iki ora liwat mung sihir أَءِذَا مِتۡنَا وَكُنَّا تُرَابًا وَعِظَٰمًا أَءِنَّا لَمَبۡعُوثُونَ ١٦Apa besuk yen aku wis mati utawa wis dadi lemah lan balung, aku bakal diuripake dadi wing maneh أَوَءَابَآؤُنَا ٱلۡأَوَّلُونَ ١٧Apa perlu para leluhurku zaman kuna biyen uga padha diuripake kabeh قُلۡ نَعَمۡ وَأَنتُمۡ دَٰخِرُونَ ١٨(Muhammad) Dhawuha, "Padha diuripake kabeh dene kowe padha asor banget فَإِنَّمَا هِيَ زَجۡرَةٌ وَٰحِدَةٌ فَإِذَا هُمۡ يَنظُرُونَ ١٩Dhene tangine wong kang wis padha mati iku mung sarana pathake (malaikat Israfil) sapisan bahe, sarta handeleng hala beciking lakune وَقَالُواْ يَٰوَيۡلَنَا هَٰذَا يَوۡمُ ٱلدِّينِ ٢٠Padha ngucap (wong kafir): "Hadhuh, cilaka temen aku", (Banjur malaikat dhawuh), "Iki buktine dina Qiyamat هَٰذَا يَوۡمُ ٱلۡفَصۡلِ ٱلَّذِي كُنتُم بِهِۦ تُكَذِّبُونَ ٢١Hiya iki dina pancasaning prakara kang padha kok paido biyen ۞ ٱحۡشُرُواْ ٱلَّذِينَ ظَلَمُواْ وَأَزۡوَٰجَهُمۡ وَمَا كَانُواْ يَعۡبُدُونَ ٢٢(Malaikat banjur tampa dhawuh), Sarupane wong kafir para syetan kang dadi panuntun, brahala kang disembah padha klumpukna kabeh مِن دُونِ ٱللَّهِ فَٱهۡدُوهُمۡ إِلَىٰ صِرَٰطِ ٱلۡجَحِيمِ ٢٣Wong kafir padha nyembah liyane Allah, padha giringen marang dalan marang neraka jahannam وَقِفُوهُمۡۖ إِنَّهُم مَّسۡـُٔولُونَ ٢٤Kabeh padha sira dhawuhana ngadeg ana pinggiring neraka, perlu padha ditakoni panggaweyan kang wis dilakoni مَا لَكُمۡ لَا تَنَاصَرُونَ ٢٥Malaikat kang rumeksa neraka Jahannam banjur takon, "Yogene kowe padha ora tulung - tinulung karo kancamu بَلۡ هُمُ ٱلۡيَوۡمَ مُسۡتَسۡلِمُونَ ٢٦Dino iku won gkafir ora bisa mangsuli mung pasrah bongkokan وَأَقۡبَلَ بَعۡضُهُمۡ عَلَىٰ بَعۡضٍ يَتَسَآءَلُونَ ٢٧Padha pandeng - pinandheng lan tutuh - tinutuh padha kancane قَالُوٓاْ إِنَّكُمۡ كُنتُمۡ تَأۡتُونَنَا عَنِ ٱلۡيَمِينِ ٢٨Panutuhe won gkang manut kang dianut, "anggonku manut marang kowe biyen, marga anggonmu hambujuk aku dibondhani supata قَالُواْ بَل لَّمۡ تَكُونُواْ مُؤۡمِنِينَ ٢٩Wong kang dianut mangsuli, "Hiya bener nanging kowe ora percaya marang rasul saka karepmu dhewe وَمَا كَانَ لَنَا عَلَيۡكُم مِّن سُلۡطَٰنِۭۖ بَلۡ كُنتُمۡ قَوۡمًا طَٰغِينَ ٣٠Aku ora kuwasa nyegah marang kowe. Tetela kowe kesasar saka karepmu dhewe فَحَقَّ عَلَيۡنَا قَوۡلُ رَبِّنَآۖ إِنَّا لَذَآئِقُونَ ٣١Dadi saiki kita kapeksa padha ngrasakake siksa kang wis diancamake biyen, tetep kaya pangandikaning Allah Pangeranku فَأَغۡوَيۡنَٰكُمۡ إِنَّا كُنَّا غَٰوِينَ ٣٢Aku nasarake marang kowe, nanging aku dhewe hiya kesasar فَإِنَّهُمۡ يَوۡمَئِذٍ فِي ٱلۡعَذَابِ مُشۡتَرِكُونَ ٣٣(Pangandikaning Allah) dado dona iku wong kafir kang manut lan kang dihenut, kabeh padha disiksa إِنَّا كَذَٰلِكَ نَفۡعَلُ بِٱلۡمُجۡرِمِينَ ٣٤Kaya mangkono anggoningsun nindakake pangadilan marang para kafir إِنَّهُمۡ كَانُوٓاْ إِذَا قِيلَ لَهُمۡ لَآ إِلَٰهَ إِلَّا ٱللَّهُ يَسۡتَكۡبِرُونَ ٣٥Wong kang padha nyembah brahala manwa krungu pangucap, "Laa Illaaha Illallah" banjur padha gumedhe وَيَقُولُونَ أَئِنَّا لَتَارِكُوٓاْ ءَالِهَتِنَا لِشَاعِرٍ مَّجۡنُونِۭ ٣٦Pangucape, "Apa aku padha mareni nyembah brahala, mung marga manut marang nganggit tembang edan بَلۡ جَآءَ بِٱلۡحَقِّ وَصَدَّقَ ٱلۡمُرۡسَلِينَ ٣٧(Pangandikaning Allah) (Muhammad) iku dhawuhake barang kang nyata, temen saka Ingsun cocok kang didhawuhake dening para rasul kang kuna - kuna إِنَّكُمۡ لَذَآئِقُواْ ٱلۡعَذَابِ ٱلۡأَلِيمِ ٣٨(Para wong kafir) Sira kabeh ora wurung bakal ngrasakake siksa kang ngelarani وَمَا تُجۡزَوۡنَ إِلَّا مَا كُنتُمۡ تَعۡمَلُونَ ٣٩Ora liwat kang mangono mahu tumanja patrapane kaluputan kang wis padha sira lakoni إِلَّا عِبَادَ ٱللَّهِ ٱلۡمُخۡلَصِينَ ٤٠Kajaba para kawulaning Allah kang resik mligi pracaya ing Allah أُوْلَٰٓئِكَ لَهُمۡ رِزۡقٌ مَّعۡلُومٌ ٤١Ana suwarga padha olelh rizki kang tinamtokake فَوَٰكِهُ وَهُم مُّكۡرَمُونَ ٤٢Hya iku woh - wohan pirang - pirang lan nyenyamikan. Wong mukmin padha kajen banget فِي جَنَّٰتِ ٱلنَّعِيمِ ٤٣Ana ing suwarga kang akeh kanikmatan (Suwarga Na'im) عَلَىٰ سُرُرٍ مُّتَقَٰبِلِينَ ٤٤Padha linggih ana ing dhampar kencana adhep - adhepan يُطَافُ عَلَيۡهِم بِكَأۡسٍ مِّن مَّعِينِۭ ٤٥Padha diladen gelas isi banyu bening saka sumber-sumber بَيۡضَآءَ لَذَّةٍ لِّلشَّٰرِبِينَ ٤٦Rupane puth diombe enak banget لَا فِيهَا غَوۡلٌ وَلَا هُمۡ عَنۡهَا يُنزَفُونَ ٤٧Omben - omben mau ora marakake mumet (ora isi alkohol) uga ora marakake mendem وَعِندَهُمۡ قَٰصِرَٰتُ ٱلطَّرۡفِ عِينٌ ٤٨Ing suwarga padha marem handeleng rabine kang endah rupane mripate omba nyengsemake كَأَنَّهُنَّ بَيۡضٌ مَّكۡنُونٌ ٤٩Kekulitane putih semu kuning memper endhok kang kasimpen becik فَأَقۡبَلَ بَعۡضُهُمۡ عَلَىٰ بَعۡضٍ يَتَسَآءَلُونَ ٥٠Wong ing suwarga padha pandeng - pinandheng lan takon tinakon padha kancane (bab lakune ing donya) قَالَ قَآئِلٌ مِّنۡهُمۡ إِنِّي كَانَ لِي قَرِينٌ ٥١Ana kang celathu mangkene, "Kala ing donya kula gadhah konca mahiben bab anggenipun tiyang badhe tangi saking pejah يَقُولُ أَءِنَّكَ لَمِنَ ٱلۡمُصَدِّقِينَ ٥٢Wicanten, "Apa kowe ngandel bakal tangine wong kang wis padha mati أَءِذَا مِتۡنَا وَكُنَّا تُرَابًا وَعِظَٰمًا أَءِنَّا لَمَدِينُونَ ٥٣Besuk yen wis aku mati sarta wis dadi lemah lan balung, apa nyata aku bakal tampa ganjaran utawa nandhang siksa قَالَ هَلۡ أَنتُم مُّطَّلِعُونَ ٥٤Won ging suwarga celathu marang kancane, "Manapa badhe sumerep kawontenipun tiyang ingkan mahiben فَٱطَّلَعَ فَرَءَاهُ فِي سَوَآءِ ٱلۡجَحِيمِ ٥٥Banjur padha ngungak, ing kono banjur handeleng wong kang maido mau ana telenging neraka jahannam قَالَ تَٱللَّهِ إِن كِدتَّ لَتُرۡدِينِ ٥٦(Won ging suwarga) padha celathu, "Demi Allah, upama aku kena kok bujuk, kok jelemprongake, mesthi aku cilaka kaya kowe وَلَوۡلَا نِعۡمَةُ رَبِّي لَكُنتُ مِنَ ٱلۡمُحۡضَرِينَ ٥٧Upama ora ana pitulunge Allah marang aku, mesthi aku melu digiring neraka kaya kowe أَفَمَا نَحۡنُ بِمَيِّتِينَ ٥٨(Wong ing suwarga mahu) celathu, "Punapa kula badhe pejah maleh إِلَّا مَوۡتَتَنَا ٱلۡأُولَىٰ وَمَا نَحۡنُ بِمُعَذَّبِينَ ٥٩Kejawi pejah sepisan ing kang sampun kula lampahi rumiyin punapa kula boten badhe dipun siksa إِنَّ هَٰذَا لَهُوَ ٱلۡفَوۡزُ ٱلۡعَظِيمُ ٦٠(Malaikat dhawuh), "Sampeyan boten badhe pejah maleh, langgeng wonten suwarga, punika kabegjan ingkang ageng لِمِثۡلِ هَٰذَا فَلۡيَعۡمَلِ ٱلۡعَٰمِلُونَ ٦١Wong kang padha ngelakoni kabecikan murih oleha kabegjan أَذَٰلِكَ خَيۡرٌ نُّزُلًا أَمۡ شَجَرَةُ ٱلزَّقُّومِ ٦٢Sesuguhing Allah suwarga kang mangkono mau becik hendi karo woh zaqqum? (hiya iku woh - wohan neraka) إِنَّا جَعَلۡنَٰهَا فِتۡنَةً لِّلظَّٰلِمِينَ ٦٣Woh zaqqum mahu Ingsun sediyakake kanggo matrapi para wong kafir إِنَّهَا شَجَرَةٌ تَخۡرُجُ فِيٓ أَصۡلِ ٱلۡجَحِيمِ ٦٤Kayu zaqqum iku tukhul ana telenge neraka Jahim طَلۡعُهَا كَأَنَّهُۥ رُءُوسُ ٱلشَّيَٰطِينِ ٦٥Mancunge zaqqum mau memper hendasing syetan فَإِنَّهُمۡ لَأٓكِلُونَ مِنۡهَا فَمَالِـُٔونَ مِنۡهَا ٱلۡبُطُونَ ٦٦Wong kafir padha kapeksa mangan woh zaqqum mau, nganti kebak wetenge ثُمَّ إِنَّ لَهُمۡ عَلَيۡهَا لَشَوۡبًا مِّنۡ حَمِيمٍ ٦٧Sawise mangan banjur ngelak banget nuli padha ngome wedang kang luwih panas ثُمَّ إِنَّ مَرۡجِعَهُمۡ لَإِلَى ٱلۡجَحِيمِ ٦٨Banjur padha bali marang panggonane lawas ana ing neraka Jahim إِنَّهُمۡ أَلۡفَوۡاْ ءَابَآءَهُمۡ ضَآلِّينَ ٦٩Wong kafir mau padha katemu para leluhure kang uga padha kesasar فَهُمۡ عَلَىٰٓ ءَاثَٰرِهِمۡ يُهۡرَعُونَ ٧٠Anggone manut leluhure kelawan rerikatan tanpa dipikir وَلَقَدۡ ضَلَّ قَبۡلَهُمۡ أَكۡثَرُ ٱلۡأَوَّلِينَ ٧١Pawa wong kuna sadurunge wong kafir mau kang akeh padha kesasar وَلَقَدۡ أَرۡسَلۡنَا فِيهِم مُّنذِرِينَ ٧٢Tur Ingsun wis ngutus para nabi, nyurup - nyupake lan ngelingake marang para wong kafirm mau, nanging ora dipahelu فَٱنظُرۡ كَيۡفَ كَانَ عَٰقِبَةُ ٱلۡمُنذَرِينَ ٧٣Mara sira delenga, kapriye kadadeyane wong kafir kang wis dielingake meksa ora mahelu إِلَّا عِبَادَ ٱللَّهِ ٱلۡمُخۡلَصِينَ ٧٤Kajaba kawulaning Allah mukmin lan resik atine (kalis saka siksa) وَلَقَدۡ نَادَىٰنَا نُوحٌ فَلَنِعۡمَ ٱلۡمُجِيبُونَ ٧٥Nuh wis matur marang Ingsun nyuwunake patrapaning para ummate kang padha maido. Ingsun iki kang marengake panyuwun kang becik dhewe وَنَجَّيۡنَٰهُ وَأَهۡلَهُۥ مِنَ ٱلۡكَرۡبِ ٱلۡعَظِيمِ ٧٦Insun paring selamet marang Nuh dalah para wargane selamat saka kasusahan gedhe وَجَعَلۡنَا ذُرِّيَّتَهُۥ هُمُ ٱلۡبَاقِينَ ٧٧Ingsun dadekake turune Nuh wong kang nerusake ketrunane وَتَرَكۡنَا عَلَيۡهِ فِي ٱلۡأٓخِرِينَ ٧٨Ingsun ngelestarekake kanggo Nuh kahutamane, hangalembana dening para nabi lan ummate kang keri - keri سَلَٰمٌ عَلَىٰ نُوحٍ فِي ٱلۡعَٰلَمِينَ ٧٩Sak isining alam kabeh padha memuji, "Allah muga paringa selamet marang Nuh إِنَّا كَذَٰلِكَ نَجۡزِي ٱلۡمُحۡسِنِينَ ٨٠Kaya mangkono anggoningsun males marang wong kang padha gawe kabecikan إِنَّهُۥ مِنۡ عِبَادِنَا ٱلۡمُؤۡمِنِينَ ٨١Nuh iku kalebu hewone para kawulangsin kang padha percaya ثُمَّ أَغۡرَقۡنَا ٱلۡأٓخَرِينَ ٨٢Liyane Nuh dalah para wargane, kabeh padha Ingsun tumpes sarana banjir topan ۞ وَإِنَّ مِن شِيعَتِهِۦ لَإِبۡرَٰهِيمَ ٨٣Dene kang kalebu ngleluri uwiting agamane Nuh iku Ibrahim إِذۡ جَآءَ رَبَّهُۥ بِقَلۡبٍ سَلِيمٍ ٨٤Awit Ibrahim iku madhep ing Pangerane kelawan ati kang mulus (ora kaworan maro tingal) إِذۡ قَالَ لِأَبِيهِ وَقَوۡمِهِۦ مَاذَا تَعۡبُدُونَ ٨٥Dhek samana Ibrahim matur marang Bapakne, lan pitutur marang ummate, "Sampyan punika sami nyembah punapa أَئِفۡكًا ءَالِهَةً دُونَ ٱللَّهِ تُرِيدُونَ ٨٦Kenging punapa sampeyan hanjarang wicanten dora, nyembah sanesipun Allah, inggih punika brahala فَمَا ظَنُّكُم بِرَبِّ ٱلۡعَٰلَمِينَ ٨٧Kados pundi panginten sampeyan, punapa pangeraning jagad punika badhe kendel kemawon boten nyiksa فَنَظَرَ نَظۡرَةً فِي ٱلنُّجُومِ ٨٨(Ibrahim) banjur handeleng lintag sak gebyaran (karepe nyatakake barang kang ghoib saka kaweruh palintangan) فَقَالَ إِنِّي سَقِيمٌ ٨٩Nuli celathu, "Kula punika badhe sakit فَتَوَلَّوۡاْ عَنۡهُ مُدۡبِرِينَ ٩٠Banjur ummate (Ibrahim) padha ningal lunga ngungkurake فَرَاغَ إِلَىٰٓ ءَالِهَتِهِمۡ فَقَالَ أَلَا تَأۡكُلُونَ ٩١(Ibrahim) nuli noleh marang brahala sesembahaning para ummate kang padha disajeni pangan, serta celahu, "Ya gene kowe padha ora gelem mangan مَا لَكُمۡ لَا تَنطِقُونَ ٩٢Ya gene kowe padha ora tahu celathu فَرَاغَ عَلَيۡهِمۡ ضَرۡبَۢا بِٱلۡيَمِينِ ٩٣(Ibrahim) tumuli hanggebug seru marang barahala nganti pecah فَأَقۡبَلُوٓاْ إِلَيۡهِ يَزِفُّونَ ٩٤Para ummate (Ibrahim) banjur padha bali rerikatan قَالَ أَتَعۡبُدُونَ مَا تَنۡحِتُونَ ٩٥Ibrahim celathu, "Ya gene kowe padha nyembah brahala, gegaweyane tanganmu dhewe وَٱللَّهُ خَلَقَكُمۡ وَمَا تَعۡمَلُونَ ٩٦Allah iku kang gawe awakmu lan samu barang gegaweyanmu قَالُواْ ٱبۡنُواْ لَهُۥ بُنۡيَٰنًا فَأَلۡقُوهُ فِي ٱلۡجَحِيمِ ٩٧Ummate Ibrahim celathu, "Sarehne Ibrahim iku makewuhi anggonku padha nyembah brahala, saiki gawekna panjaga nuli cemplunna ing geni فَأَرَادُواْ بِهِۦ كَيۡدًا فَجَعَلۡنَٰهُمُ ٱلۡأَسۡفَلِينَ ٩٨Karepe ummate Ibrahim, geni mau dienggo maheka dheweke, nanging para ummate mahu weksasane Ingsun dadekake asor (paekane ora tumama, geni dadi anyep, Ibrahim metu saka ing geni kelawan selamet) وَقَالَ إِنِّي ذَاهِبٌ إِلَىٰ رَبِّي سَيَهۡدِينِ ٩٩Ibrahim celathu, "Aku sowan marang ngarsaning Allah Pangeranku ing tembe Allah paring pituduh dalan bener marang aku رَبِّ هَبۡ لِي مِنَ ٱلصَّٰلِحِينَ ١٠٠Dhuh Pangeran kawula paduka mugi paring akan sahe dumateng kawula فَبَشَّرۡنَٰهُ بِغُلَٰمٍ حَلِيمٍ ١٠١Ingsun banjur ambebungan (marang Ibrahim) diparingi weruh yen arep dhuwe anak lanang kang becik kelakuane (aran Ismail) bekti marang wong tuwane tur welasan فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ ٱلسَّعۡيَ قَالَ يَٰبُنَيَّ إِنِّيٓ أَرَىٰ فِي ٱلۡمَنَامِ أَنِّيٓ أَذۡبَحُكَ فَٱنظُرۡ مَاذَا تَرَىٰۚ قَالَ يَٰٓأَبَتِ ٱفۡعَلۡ مَا تُؤۡمَرُۖ سَتَجِدُنِيٓ إِن شَآءَ ٱللَّهُ مِنَ ٱلصَّٰبِرِينَ ١٠٢Bareng Ismail wis bisa melayu handherek Ibrahim, tumuli tutur marang dheweke, "He anakku, weruhana aku tampa dhawuhing Allah ana ing pangimpen, didhawuhi hambeleh, kapriye panemumu?" Ismail matur, "Dhuh Bapak, prayoginipun lajeng panjenengan hestokaken dhawuhing Allah wahu (mragat kula). Manawa Allah marengaken panjenengan badhe pisa tatagipun manah kula فَلَمَّآ أَسۡلَمَا وَتَلَّهُۥ لِلۡجَبِينِ ١٠٣Bareng dheweke sak keloron padha manggakake apa sakersane Allah lan Ibrahim wis nurokake miring Ismail habantal pipine (nyata kesabarane) وَنَٰدَيۡنَٰهُ أَن يَٰٓإِبۡرَٰهِيمُ ١٠٤Ingusn banjur nimbali, "Hai Ibrahim قَدۡ صَدَّقۡتَ ٱلرُّءۡيَآۚ إِنَّا كَذَٰلِكَ نَجۡزِي ٱلۡمُحۡسِنِينَ ١٠٥Temen sira wis ngestokake dhawuh ana pangimpen samono uga sarupane wong kang ngelakoni kabecikan, padha Ingsun paringi ganjaran إِنَّ هَٰذَا لَهُوَ ٱلۡبَلَٰٓؤُاْ ٱلۡمُبِينُ ١٠٦Parentahingsun kang mangkene iki , teela coba kang gedhe وَفَدَيۡنَٰهُ بِذِبۡحٍ عَظِيمٍ ١٠٧Banjur Ingsun lironi wedhus kang gedhe, dadi hambeleh wedhus mahu وَتَرَكۡنَا عَلَيۡهِ فِي ٱلۡأٓخِرِينَ ١٠٨Ingsun glestarekake jenenge Ibrahim lan kahutamane, hangalembana dening para nabi lan para ummat kang keri - keri سَلَٰمٌ عَلَىٰٓ إِبۡرَٰهِيمَ ١٠٩Kabeh padha memuji, "Allah muga paringa selamet marang Ibrahim كَذَٰلِكَ نَجۡزِي ٱلۡمُحۡسِنِينَ ١١٠Kaya mangkono anggoningsun males marang wong kang padha gawe kabecikan إِنَّهُۥ مِنۡ عِبَادِنَا ٱلۡمُؤۡمِنِينَ ١١١Satemene Ibrahim iku ewone kawulaningsun kang padha percaya وَبَشَّرۡنَٰهُ بِإِسۡحَٰقَ نَبِيًّا مِّنَ ٱلصَّٰلِحِينَ ١١٢Ingsun hambebungah (Ibrahim) manawa Ishak Ingsun junjung dadi nabi kalebu ewone wong kang becik وَبَٰرَكۡنَا عَلَيۡهِ وَعَلَىٰٓ إِسۡحَٰقَۚ وَمِن ذُرِّيَّتِهِمَا مُحۡسِنٌ وَظَالِمٌ لِّنَفۡسِهِۦ مُبِينٌ ١١٣Ingsun hamberkahi (Ibrahim) lan uga Ishak, anak turune nabi loro mau ana kang becik, percaya marang Insun, lan anak kang kafir, tetela nganiaya marang awake dhewe وَلَقَدۡ مَنَنَّا عَلَىٰ مُوسَىٰ وَهَٰرُونَ ١١٤Lan satemene Ingsun wis paring kabungahan marang Musa, lan Harun, (sakarone ingsun junjung dadi nabi) وَنَجَّيۡنَٰهُمَا وَقَوۡمَهُمَا مِنَ ٱلۡكَرۡبِ ٱلۡعَظِيمِ ١١٥Lan Ingsun selamaetake Musa lan Harun lan kaume padha kalis saka pakewuh gedhe وَنَصَرۡنَٰهُمۡ فَكَانُواْ هُمُ ٱلۡغَٰلِبِينَ ١١٦Ingsun tulungi wong Bani Israil kabeh ngalahake (Fir'aun) dadi wong sing menang وَءَاتَيۡنَٰهُمَا ٱلۡكِتَٰبَ ٱلۡمُسۡتَبِينَ ١١٧Ingsun maringi kitab (Taurat) kang luwih cetha وَهَدَيۡنَٰهُمَا ٱلصِّرَٰطَ ٱلۡمُسۡتَقِيمَ ١١٨Lan Ingsun paringi pituduh dalan bener وَتَرَكۡنَا عَلَيۡهِمَا فِي ٱلۡأٓخِرِينَ ١١٩Lan Ingsun nglestarekake jenenge (Musa lan Harun) lan kahutamane hangalembana dening para nabi lan ummat kang keri - keri سَلَٰمٌ عَلَىٰ مُوسَىٰ وَهَٰرُونَ ١٢٠Kabeh padha muji Allah muga paringa selamet marang Musa lan Harun إِنَّا كَذَٰلِكَ نَجۡزِي ٱلۡمُحۡسِنِينَ ١٢١Kaya mangkono anggoningsun amles marang wong kang gawe kabecikan إِنَّهُمَا مِنۡ عِبَادِنَا ٱلۡمُؤۡمِنِينَ ١٢٢Satemene (Musa lan Harun) mahu hewone para kawulaningsun lan kaume padha kalis saka pakewuh gedhe وَإِنَّ إِلۡيَاسَ لَمِنَ ٱلۡمُرۡسَلِينَ ١٢٣Sateme Ilyas iku hewone para utusan إِذۡ قَالَ لِقَوۡمِهِۦٓ أَلَا تَتَّقُونَ ١٢٤Iku sira caritakna lelakone, nalika pitutur marang para ummate, "Ya gene kowe ora padha bekti ing Allah أَتَدۡعُونَ بَعۡلًا وَتَذَرُونَ أَحۡسَنَ ٱلۡخَٰلِقِينَ ١٢٥Ya gene kowe padha nyembah brahala aran Bangal, ora gelem nyembah Pangeran kang gawe saupane kang dumadi kelawan sempurna, ngungkuli kang padha gagaweyan kabeh ٱللَّهَ رَبَّكُمۡ وَرَبَّ ءَابَآئِكُمُ ٱلۡأَوَّلِينَ ١٢٦Hiya iku Allah Pangeanmu lan Pangerane para leluhurmu ing zaman kuna فَكَذَّبُوهُ فَإِنَّهُمۡ لَمُحۡضَرُونَ ١٢٧Para ummat mau padha maido (marang Ilyas), mulane ing tembe padha dicemplungake (neraka) إِلَّا عِبَادَ ٱللَّهِ ٱلۡمُخۡلَصِينَ ١٢٨Mung para kawulaning Allah kang padha resik atine (padha selamet saka siksa neraka) وَتَرَكۡنَا عَلَيۡهِ فِي ٱلۡأٓخِرِينَ ١٢٩Ingsun nglestarekake jenenge (Ilyas) lan para ummat kang keri - keri سَلَٰمٌ عَلَىٰٓ إِلۡ يَاسِينَ ١٣٠Kabeh padha memuji, "Allah muga paring selamet marang Ilyan lan wargane إِنَّا كَذَٰلِكَ نَجۡزِي ٱلۡمُحۡسِنِينَ ١٣١Kaya mangkono anggoningsun males marang wong kang padha gawe kabecikan إِنَّهُۥ مِنۡ عِبَادِنَا ٱلۡمُؤۡمِنِينَ ١٣٢Satemene Ilyas iku kalebu hewone kawulaningsun kang padha percaya وَإِنَّ لُوطًا لَّمِنَ ٱلۡمُرۡسَلِينَ ١٣٣Lan maneh Luth hewone padha utusaningsun إِذۡ نَجَّيۡنَٰهُ وَأَهۡلَهُۥٓ أَجۡمَعِينَ ١٣٤Sira nyaritakna lelakone Luth mahu, nalika Ingsun paringi selamet dalah para wargane kabeh kalis saka siksaningsun إِلَّا عَجُوزًا فِي ٱلۡغَٰبِرِينَ ١٣٥Kajaba wong wadon tua rabine Luth, iku keri melu nandhang siksa ثُمَّ دَمَّرۡنَا ٱلۡأٓخَرِينَ ١٣٦Ingsun nuli numpes ummate Luth liya - liyane وَإِنَّكُمۡ لَتَمُرُّونَ عَلَيۡهِم مُّصۡبِحِينَ ١٣٧Sira mesthi padha handeleng patilasane (ummate Luth), nalika sira melaku ngliwati apnggonane ing wayah esuk وَبِٱلَّيۡلِۚ أَفَلَا تَعۡقِلُونَ ١٣٨Lan ing wayah wengi, ya gene sira padha ora anggagas وَإِنَّ يُونُسَ لَمِنَ ٱلۡمُرۡسَلِينَ ١٣٩Satemene Yunus iku hewone para utusaningsun إِذۡ أَبَقَ إِلَى ٱلۡفُلۡكِ ٱلۡمَشۡحُونِ ١٤٠Elinga nalika dheweke (Yunus) mutung (ninggal gaweyan) lakune pelayaran munggah perahu kebak momotan فَسَاهَمَ فَكَانَ مِنَ ٱلۡمُدۡحَضِينَ ١٤١Ana segara tinempuh angin ribut. Wong ing perahu padha diundhi (kang enthuk undhi dicemplungake sagara). Yunus katiban undhi (banjur dicemplungake) فَٱلۡتَقَمَهُ ٱلۡحُوتُ وَهُوَ مُلِيمٌ ١٤٢Nuli ana iwak gedhe (Nun) nguntal minangka matrapi anggone mutung فَلَوۡلَآ أَنَّهُۥ كَانَ مِنَ ٱلۡمُسَبِّحِينَ ١٤٣Upama Yunus ora eling nyebut Maha Suci ing Allah لَلَبِثَ فِي بَطۡنِهِۦٓ إِلَىٰ يَوۡمِ يُبۡعَثُونَ ١٤٤Mesthi tulus ana ing wetenge iwak Nun, nganti qiyamat ۞ فَنَبَذۡنَٰهُ بِٱلۡعَرَآءِ وَهُوَ سَقِيمٌ ١٤٥Mulane banjur Ingsun wetokake saka wetengen iwak gedhe (Nun) ana ing gisiking segara awake ngelumpruk kaya wong lara وَأَنۢبَتۡنَا عَلَيۡهِ شَجَرَةً مِّن يَقۡطِينٍ ١٤٦Ingsun banjur nukulake wit Yaktin (Waloh) kanggo ngeyubi وَأَرۡسَلۡنَٰهُ إِلَىٰ مِاْئَةِ أَلۡفٍ أَوۡ يَزِيدُونَ ١٤٧Nuli Ingsun dhawuhi mulang nyurub - nyurubake marang wong kang cacahe sakethi (ewon) فَـَٔامَنُواْ فَمَتَّعۡنَٰهُمۡ إِلَىٰ حِينٍ ١٤٨Banjur padha ngestokake dhawuhing Allah kang diemban dening Yunus, mulane padha Ingsun paringi kabungahan nganti tekan patine فَٱسۡتَفۡتِهِمۡ أَلِرَبِّكَ ٱلۡبَنَاتُ وَلَهُمُ ٱلۡبَنُونَ ١٤٩(Muhammad) sira handangu marang wong kafir, "Apa hiya pangeranmu peputra putri lan kowe padha duwe anak lanang أَمۡ خَلَقۡنَا ٱلۡمَلَٰٓئِكَةَ إِنَٰثًا وَهُمۡ شَٰهِدُونَ ١٥٠Apa nyata Ingsun gawe Malaikat wadon, sarta wong kafir padha handeleng dhewe أَلَآ إِنَّهُم مِّنۡ إِفۡكِهِمۡ لَيَقُولُونَ ١٥١Awit saka gorohe dhewe wong kafir padha ngucap وَلَدَ ٱللَّهُ وَإِنَّهُمۡ لَكَٰذِبُونَ ١٥٢Allah iku peputra", pangucape mangkono iku goroh أَصۡطَفَى ٱلۡبَنَاتِ عَلَى ٱلۡبَنِينَ ١٥٣Apa panjenengane iku milih putra wadon ngungkuli putra lanang مَا لَكُمۡ كَيۡفَ تَحۡكُمُونَ ١٥٤Ya gene kowe nganggep: kapriye ta anggonira padha mancasi أَفَلَا تَذَكَّرُونَ ١٥٥Ya gene kowe ora padha gelem mikir - mikir أَمۡ لَكُمۡ سُلۡطَٰنٌ مُّبِينٌ ١٥٦Apa kowe padha duwe tandha yekti kang cetha (anggone mertandhani yen Allah iku peputra) فَأۡتُواْ بِكِتَٰبِكُمۡ إِن كُنتُمۡ صَٰدِقِينَ ١٥٧Yen dhasar bener panemumu iku, mara hendi kitabmu kang mratelakake kaya panemumu mau وَجَعَلُواْ بَيۡنَهُۥ وَبَيۡنَ ٱلۡجِنَّةِ نَسَبًاۚ وَلَقَدۡ عَلِمَتِ ٱلۡجِنَّةُ إِنَّهُمۡ لَمُحۡضَرُونَ ١٥٨Wong kafir padha nganggep yen Allah lan jin iku tunggal bangsa. Satemene jin mau wis padha weruh yen dheweke ing tembe padha dicemplungake (neraka) سُبۡحَٰنَ ٱللَّهِ عَمَّا يَصِفُونَ ١٥٩Allah iku Maha Suci, adoh banget yen kaya panganggepe wong kafir إِلَّا عِبَادَ ٱللَّهِ ٱلۡمُخۡلَصِينَ ١٦٠Kajaba para kawulaning Allah kang padha resik atine فَإِنَّكُمۡ وَمَا تَعۡبُدُونَ ١٦١He wong kafir, kowe lan barahala sesembahanmu مَآ أَنتُمۡ عَلَيۡهِ بِفَٰتِنِينَ ١٦٢Kowe kabeh ora bisa hanjlomprongake sawijining wong إِلَّا مَنۡ هُوَ صَالِ ٱلۡجَحِيمِ ١٦٣Kajaba wong kang wis pinasthi kacemplungake ing neraka وَمَا مِنَّآ إِلَّا لَهُۥ مَقَامٌ مَّعۡلُومٌ ١٦٤Pangucape malaikat: "siji - sijining kancaku malaikat mesthi duwe panggonan kang tinamtokake وَإِنَّا لَنَحۡنُ ٱلصَّآفُّونَ ١٦٥Aku iki padha ngadhep sap-sapan (ngabekti ing Allah) وَإِنَّا لَنَحۡنُ ٱلۡمُسَبِّحُونَ ١٦٦Aku iki padha nyebut, "Maha Suci" ing Allah وَإِن كَانُواْ لَيَقُولُونَ ١٦٧Sanadiyan padha celathu mangkene لَوۡ أَنَّ عِندَنَا ذِكۡرًا مِّنَ ٱلۡأَوَّلِينَ ١٦٨Upama aku nyekel kitabe para nabi zaman kuna لَكُنَّا عِبَادَ ٱللَّهِ ٱلۡمُخۡلَصِينَ ١٦٩Mesthi aku dadi kawulaning Allah kang ngabekti, kelawan ati resik فَكَفَرُواْ بِهِۦۖ فَسَوۡفَ يَعۡلَمُونَ ١٧٠Wong kafir mau banjur padha maido (al-Quran) mulane ing tembe bakal weruh (kadadeyane awake) وَلَقَدۡ سَبَقَتۡ كَلِمَتُنَا لِعِبَادِنَا ٱلۡمُرۡسَلِينَ ١٧١Papestheningsun marang kawulaningsun kang dadi utusaningsun wis tetep إِنَّهُمۡ لَهُمُ ٱلۡمَنصُورُونَ ١٧٢Para utusaningsun mau bakal padha ditulungi Allah وَإِنَّ جُندَنَا لَهُمُ ٱلۡغَٰلِبُونَ ١٧٣Dene wadiyabalaningsun bakal padha menang فَتَوَلَّ عَنۡهُمۡ حَتَّىٰ حِينٍ ١٧٤Mulane wong kafir iku sira tokna bae, nganti ana dhawuhingsun perang وَأَبۡصِرۡهُمۡ فَسَوۡفَ يُبۡصِرُونَ ١٧٥Wong kafir mau sira delenga bahe (nalikane tinempuh siksa) dheweke uga padha handeleng (kawusaning awake) أَفَبِعَذَابِنَا يَسۡتَعۡجِلُونَ ١٧٦Ya gene wong kafir padha nantang nyepetake siksaningsun فَإِذَا نَزَلَ بِسَاحَتِهِمۡ فَسَآءَ صَبَاحُ ٱلۡمُنذَرِينَ ١٧٧Nalikane siksa nempuh marang si kafir ing dina esuk (Sangir) nyata hala banget tumrap kang wis dielingake (nanging ora ngelakoni) وَتَوَلَّ عَنۡهُمۡ حَتَّىٰ حِينٍ ١٧٨Saiki si kafir tokna bae nganti ana dhawuhingsun perang وَأَبۡصِرۡ فَسَوۡفَ يُبۡصِرُونَ ١٧٩Ing tembe yen tinimpuh ing siksa sira delenga bahe, si kafir uga bakal handeleng kawusaning awake سُبۡحَٰنَ رَبِّكَ رَبِّ ٱلۡعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ ١٨٠Allah Pangeranira kang kagungan kamulyan, Maha Suci, adoh banget yen kaya panganggepe (si kafir) وَسَلَٰمٌ عَلَى ٱلۡمُرۡسَلِينَ ١٨١Para utusaning Allah muga padha diparingana slamet وَٱلۡحَمۡدُ لِلَّهِ رَبِّ ٱلۡعَٰلَمِينَ ١٨٢Sakabehing puji konjuk ing Allah Pangerane alam kabeh

Translation: Unknown.