بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ
وَٱلۡعَٰدِيَٰتِ ضَبۡحًا ١Demi jaran kang nyander ana peperangan nganggo nyuwara فَٱلۡمُورِيَٰتِ قَدۡحًا ٢Dhemi jaran kang rikat nyandere nganti watu kang disandung metu genine فَٱلۡمُغِيرَٰتِ صُبۡحًا ٣Dhemi jaran kang dianggo handingkik seteru ing wayah bangun فَأَثَرۡنَ بِهِۦ نَقۡعًا ٤Wusana ing panggonan kono peteng dening bleduk فَوَسَطۡنَ بِهِۦ جَمۡعًا ٥Saking petenge, kang andingkik ora weruh dalan tekan tengahe mungsuh إِنَّ ٱلۡإِنسَٰنَ لِرَبِّهِۦ لَكَنُودٌ ٦Satemene manungsa (kafir) ora kadunungan panarima marang kabecikkaning Pangeran وَإِنَّهُۥ عَلَىٰ ذَٰلِكَ لَشَهِيدٌ ٧Manungsa mau knekseni awake dhewe anggone ora kadunungan bondha banget وَإِنَّهُۥ لِحُبِّ ٱلۡخَيۡرِ لَشَدِيدٌ ٨Manungsa mau anggone dhemen bondha banget ۞ أَفَلَا يَعۡلَمُ إِذَا بُعۡثِرَ مَا فِي ٱلۡقُبُورِ ٩Apa dheweke ora weruh semangsane apa kang ana kubur ditangekake وَحُصِّلَ مَا فِي ٱلصُّدُورِ ١٠Lan diwelehake halane kang diumpetake ana sajeroning ati إِنَّ رَبَّهُم بِهِمۡ يَوۡمَئِذٍ لَّخَبِيرُۢ ١١Ing dina iku Allah Pangerane waspada banget (marang hala beciking manungsa)