ملة الإسلام

السورة 88 · 26 آية · Unknown

سورة الغاشية باللغة الجاوية

السورة بالعربية مع التفسير استمع إلى سورة الغاشية (1,313 قارئاً)
مكيةسورة الغاشية٢٦ آية

بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ

هَلۡ أَتَىٰكَ حَدِيثُ ٱلۡغَٰشِيَةِ ١Apa sira wis tampa dhawuh bab dina Piwales وُجُوهٌ يَوۡمَئِذٍ خَٰشِعَةٌ ٢Ing dina iku akeh awak padha konjem عَامِلَةٌ نَّاصِبَةٌ ٣Padha ngelakoni kangelan lan rekasa تَصۡلَىٰ نَارًا حَامِيَةً ٤Lumebu ing geni murub تُسۡقَىٰ مِنۡ عَيۡنٍ ءَانِيَةٍ ٥Diombeni saka sumber umob (kang panase hangluwihi) لَّيۡسَ لَهُمۡ طَعَامٌ إِلَّا مِن ضَرِيعٍ ٦Ora padha oleh pangan, kejaba eri لَّا يُسۡمِنُ وَلَا يُغۡنِي مِن جُوعٍ ٧Ora bisa ngelemoni lan ora maregi وُجُوهٌ يَوۡمَئِذٍ نَّاعِمَةٌ ٨Ing dina iku uga akeh awak padha kapenak لِّسَعۡيِهَا رَاضِيَةٌ ٩Padha lega atine marga anggone ngelakoni panggawe becik فِي جَنَّةٍ عَالِيَةٍ ١٠Manggon ana ing taman kang linuhung لَّا تَسۡمَعُ فِيهَا لَٰغِيَةً ١١Ana ing kono sira ora tahu krungu pangucap hala فِيهَا عَيۡنٌ جَارِيَةٌ ١٢Ing kono ana bengawane mili فِيهَا سُرُرٌ مَّرۡفُوعَةٌ ١٣Ing kono ada dhampare kang tinata dhuwur وَأَكۡوَابٌ مَّوۡضُوعَةٌ ١٤Sarta pinggan unjukan kang wus tinata وَنَمَارِقُ مَصۡفُوفَةٌ ١٥Lan bantal kang jejer - jejer وَزَرَابِيُّ مَبۡثُوثَةٌ ١٦Apa dene babut kang gumelar أَفَلَا يَنظُرُونَ إِلَى ٱلۡإِبِلِ كَيۡفَ خُلِقَتۡ ١٧Lah apa ta dheweke padha ora angawase marang onta kapriye anggone tinitahake وَإِلَى ٱلسَّمَآءِ كَيۡفَ رُفِعَتۡ ١٨Lan marang langit kapriye anggone ginawe dhuwur وَإِلَى ٱلۡجِبَالِ كَيۡفَ نُصِبَتۡ ١٩Lan gunung - gunung anggone padha didegake وَإِلَى ٱلۡأَرۡضِ كَيۡفَ سُطِحَتۡ ٢٠Lan bumi anggone di gelar فَذَكِّرۡ إِنَّمَآ أَنتَ مُذَكِّرٌ ٢١Sira Ingsun kersakake memulang, mulane memulang (menehi pepiling) لَّسۡتَ عَلَيۡهِم بِمُصَيۡطِرٍ ٢٢Sira dudu wajibe meksa marang dheweke إِلَّا مَن تَوَلَّىٰ وَكَفَرَ ٢٣Amung wong - wong kang malengos lan maido فَيُعَذِّبُهُ ٱللَّهُ ٱلۡعَذَابَ ٱلۡأَكۡبَرَ ٢٤Allah bakal nyiksa kelawan siksa kang gedhe إِنَّ إِلَيۡنَآ إِيَابَهُمۡ ٢٥Satemene manungsa iku kabeh bakal padha bali marang ngarsaningsun (Allah) ثُمَّ إِنَّ عَلَيۡنَا حِسَابَهُم ٢٦Nuli padha Ingsun timbang hala becike

الترجمة: Unknown.