بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ
هَلۡ أَتَىٰ عَلَى ٱلۡإِنسَٰنِ حِينٌ مِّنَ ٱلدَّهۡرِ لَمۡ يَكُن شَيۡـًٔا مَّذۡكُورًا ١Temen wus tumeka marang manungsa sawijining waktu, nalikane dheweke dudu barang kang kocap إِنَّا خَلَقۡنَا ٱلۡإِنسَٰنَ مِن نُّطۡفَةٍ أَمۡشَاجٍ نَّبۡتَلِيهِ فَجَعَلۡنَٰهُ سَمِيعَۢا بَصِيرًا ٢Sayekti Ingsun nitahake manungsa saka nutfah kang campur, dheweke bakal Ingsun coba, mulane Ingsun dadekake bisa ngrungu, bisa deleng إِنَّا هَدَيۡنَٰهُ ٱلسَّبِيلَ إِمَّا شَاكِرًا وَإِمَّا كَفُورًا ٣Sayekti Ingsun anuduhake dalane, apa dheweke arep sukur apa arep maido (kufur) إِنَّآ أَعۡتَدۡنَا لِلۡكَٰفِرِينَ سَلَٰسِلَاْ وَأَغۡلَٰلًا وَسَعِيرًا ٤Ingsun nyadhiani rante lan belenggu marang para wong kafir apa dene Ingsun sadiyani neraka Sa'ir إِنَّ ٱلۡأَبۡرَارَ يَشۡرَبُونَ مِن كَأۡسٍ كَانَ مِزَاجُهَا كَافُورًا ٥Sarupaning wong kang padha ngestokake dhawuhing Allah, iku ana ing suwarga padha ngombe saka pinggan kang campurane toya kafuur (jenenge sumber banyu ing suwarga) عَيۡنًا يَشۡرَبُ بِهَا عِبَادُ ٱللَّهِ يُفَجِّرُونَهَا تَفۡجِيرًا ٦Para kekasihe Allah padha ngombe banyu sumber kang diilekake kelawan gampang يُوفُونَ بِٱلنَّذۡرِ وَيَخَافُونَ يَوۡمًا كَانَ شَرُّهُۥ مُسۡتَطِيرًا ٧Mulane tampa ganjaran samono, awit para kekasih mau padha netepi kuwajibane ngabekti ing Allah (ngelaksanaaken nadzar) lan padha wedi dina Qiyamat kang wartane dadi horege bumi (mratani bumi) وَيُطۡعِمُونَ ٱلطَّعَامَ عَلَىٰ حُبِّهِۦ مِسۡكِينًا وَيَتِيمًا وَأَسِيرًا ٨Sarta aweh pangan, amarga saka tresnane ing Panjenengane, marang wong miskin sarta bocah yatim apa dene wong tawanan (kinunjara) إِنَّمَا نُطۡعِمُكُمۡ لِوَجۡهِ ٱللَّهِ لَا نُرِيدُ مِنكُمۡ جَزَآءً وَلَا شُكُورًا ٩Anggonku aweh panganan marang kowe iku mung murih ganjaraning Allah, ora pisan ngarep - arep wewales utawa panarima saka kowe إِنَّا نَخَافُ مِن رَّبِّنَا يَوۡمًا عَبُوسًا قَمۡطَرِيرًا ١٠Aku wedi ing Allah Pangeranku besuk ing dina Qiyamat فَوَقَىٰهُمُ ٱللَّهُ شَرَّ ذَٰلِكَ ٱلۡيَوۡمِ وَلَقَّىٰهُمۡ نَضۡرَةً وَسُرُورًا ١١Mulane Allah ngersakake para kekasihe mau didohake saka sarupane hala lan padha diparingi rupa bagus lan ulat bingar ati bungah وَجَزَىٰهُم بِمَا صَبَرُواْ جَنَّةً وَحَرِيرًا ١٢Allah ganjar suwarga lan panganggo sutra marang para kekasihe amarga anggone padha sabar مُّتَّكِـِٔينَ فِيهَا عَلَى ٱلۡأَرَآئِكِۖ لَا يَرَوۡنَ فِيهَا شَمۡسًا وَلَا زَمۡهَرِيرًا ١٣Ana ing kono padha linggih ana dipan ora kroso panas lan adhem padhang tanpa srengenge lan rembulan وَدَانِيَةً عَلَيۡهِمۡ ظِلَٰلُهَا وَذُلِّلَتۡ قُطُوفُهَا تَذۡلِيلًا ١٤Kekayoning suwarga kang cedhek wohe gampang banget dipethik وَيُطَافُ عَلَيۡهِم بِـَٔانِيَةٍ مِّن فِضَّةٍ وَأَكۡوَابٍ كَانَتۡ قَوَارِيرَا۠ ١٥Padha diladeni nganggo wadhah selaka tuwin pinggan kang bening kaya kaca قَوَارِيرَاْ مِن فِضَّةٍ قَدَّرُوهَا تَقۡدِيرًا ١٦(Bening) kaya kaca - kaca (kang digawe) saka perak sing diukir dheweke sak apik - apike وَيُسۡقَوۡنَ فِيهَا كَأۡسًا كَانَ مِزَاجُهَا زَنجَبِيلًا ١٧Ing suwarga mau dheweke diladeni unukkan kang campurane jahe عَيۡنًا فِيهَا تُسَمَّىٰ سَلۡسَبِيلًا ١٨Saka sumber banyu sajeroning suwarga arane Salsabil ۞ وَيَطُوفُ عَلَيۡهِمۡ وِلۡدَٰنٌ مُّخَلَّدُونَ إِذَا رَأَيۡتَهُمۡ حَسِبۡتَهُمۡ لُؤۡلُؤًا مَّنثُورًا ١٩Padha diladeni para peladen nom - noman kang tetep enome pandelengira marang dheweke mau saking dening baguse prasasat mutiara durung dironce وَإِذَا رَأَيۡتَ ثَمَّ رَأَيۡتَ نَعِيمًا وَمُلۡكًا كَبِيرًا ٢٠Manawa sira deleng suwarga kaya sarupangin kabungahan lan kraton gedhe عَٰلِيَهُمۡ ثِيَابُ سُندُسٍ خُضۡرٌ وَإِسۡتَبۡرَقٌۖ وَحُلُّوٓاْ أَسَاوِرَ مِن فِضَّةٍ وَسَقَىٰهُمۡ رَبُّهُمۡ شَرَابًا طَهُورًا ٢١Dheweke dienggon - enggoni sandhangan sutra alus ijo sarta sutra kandel sinulam benang emas apa dene bakal rinengga gelang salaka, lan Pangerane aparing ngombe dheweke omben - omben kang suci إِنَّ هَٰذَا كَانَ لَكُمۡ جَزَآءً وَكَانَ سَعۡيُكُم مَّشۡكُورًا ٢٢Sayekti iku pituwas marang sira lan budi dayamu bakal winales إِنَّا نَحۡنُ نَزَّلۡنَا عَلَيۡكَ ٱلۡقُرۡءَانَ تَنزِيلًا ٢٣Sayekti Ingsun andhawuhake al-Quran marang sira kalawan dhumawuh (saka sathithik) فَٱصۡبِرۡ لِحُكۡمِ رَبِّكَ وَلَا تُطِعۡ مِنۡهُمۡ ءَاثِمًا أَوۡ كَفُورًا ٢٤Mulane sira narimaa hukume Pangeranira lan aja manut wong duraka utawa wong kafir وَٱذۡكُرِ ٱسۡمَ رَبِّكَ بُكۡرَةً وَأَصِيلًا ٢٥Lan nyebuta asmaning Pangeranira (ana sajeroning sholat) wayah isuk lan sore وَمِنَ ٱلَّيۡلِ فَٱسۡجُدۡ لَهُۥ وَسَبِّحۡهُ لَيۡلًا طَوِيلًا ٢٦Lan ing wayah wengi shalata lan sujuda ing Allah, apadene nyebuta Maha Suci ing Allah ing wayah wengi, kang dawa إِنَّ هَٰٓؤُلَآءِ يُحِبُّونَ ٱلۡعَاجِلَةَ وَيَذَرُونَ وَرَآءَهُمۡ يَوۡمًا ثَقِيلًا ٢٧Awit satemene wong kafir iku padha dhemen oleh kabungahan kencengan lan ora perduli dina Qiyamat, kang bakal kelakon ing buri, kacarita akeh pakewuh kang abot نَّحۡنُ خَلَقۡنَٰهُمۡ وَشَدَدۡنَآ أَسۡرَهُمۡۖ وَإِذَا شِئۡنَا بَدَّلۡنَآ أَمۡثَٰلَهُمۡ تَبۡدِيلًا ٢٨Ingsun wis gawe wong kafir mau sarta awake Ingsun gawe gagah prakosa, nanging manawa ana parenge kersaningsun wong kafir mau Ingsun gawekake tandhing kang dadi mungsuhe, kang timbang gagah prakosane bakal numpes dheweke إِنَّ هَٰذِهِۦ تَذۡكِرَةٌۖ فَمَن شَآءَ ٱتَّخَذَ إِلَىٰ رَبِّهِۦ سَبِيلًا ٢٩(Surat/ayat iku) dadi wewulang sing sapa dhemen wewulang mau dienggo wewaton ngabekti ing Allah Pangerane وَمَا تَشَآءُونَ إِلَّآ أَن يَشَآءَ ٱللَّهُۚ إِنَّ ٱللَّهَ كَانَ عَلِيمًا حَكِيمًا ٣٠Lan ora bakal sira gelem kajaba yen Allah ngarsakake. Sayekti Allah iku ngudaneni tur wicaksana يُدۡخِلُ مَن يَشَآءُ فِي رَحۡمَتِهِۦۚ وَٱلظَّٰلِمِينَ أَعَدَّ لَهُمۡ عَذَابًا أَلِيمَۢا ٣١Panjenengane ganjar wong kang dadi parenge kersane, dilebokake ing suwarga rahmate Allah, lan ngancam siksa nglarani tumrap para nganiaya