ملة الإسلام

السورة 70 · 44 آية · Unknown

سورة المعارج باللغة الجاوية

السورة بالعربية مع التفسير استمع إلى سورة المعارج (1,289 قارئاً)
مكيةسورة المعارج٤٤ آية

بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ

سَأَلَ سَآئِلُۢ بِعَذَابٍ وَاقِعٍ ١Sawijining wong, anjaluk siksa kang mesthi bakal tiba لِّلۡكَٰفِرِينَ لَيۡسَ لَهُۥ دَافِعٌ ٢Tumrap para kafir, ora ana wong bisa nulak مِّنَ ٱللَّهِ ذِي ٱلۡمَعَارِجِ ٣Saka Allah kang Kagungan dalaning munggah تَعۡرُجُ ٱلۡمَلَٰٓئِكَةُ وَٱلرُّوحُ إِلَيۡهِ فِي يَوۡمٍ كَانَ مِقۡدَارُهُۥ خَمۡسِينَ أَلۡفَ سَنَةٍ ٤Para malaikat lan ruh (Jibril) padha munggah marang Allah ing sadina ingkang kadaripun sarupi kaliyan tahun. [padha munggah marang panggonan tumuruning parentahing Allah. Kelakone siksa mau tinamtokake ana ing dina Qiyamat yaiku dina kang ukurane tahun] فَٱصۡبِرۡ صَبۡرًا جَمِيلًا ٥(Muhammad) sira shabara kelawan tenteram إِنَّهُمۡ يَرَوۡنَهُۥ بَعِيدًا ٦Pangrasane dheweke siksa iku isih lawas banget kelakone وَنَرَىٰهُ قَرِيبًا ٧Nanging Ingsun ngarani wis cedhak يَوۡمَ تَكُونُ ٱلسَّمَآءُ كَٱلۡمُهۡلِ ٨Ing dina samangsa langite kaya jer - jeran tembaga وَتَكُونُ ٱلۡجِبَالُ كَٱلۡعِهۡنِ ٩Dene gunung - gunung kaya kapuk mabul - mabul وَلَا يَسۡـَٔلُ حَمِيمٌ حَمِيمًا ١٠Lan ora ana wong tetakon marang sanake يُبَصَّرُونَهُمۡۚ يَوَدُّ ٱلۡمُجۡرِمُ لَوۡ يَفۡتَدِي مِنۡ عَذَابِ يَوۡمِئِذِۭ بِبَنِيهِ ١١Padha deleng marang sanake nanging ora wani takon, pangarep - arepe siksa mau wurunga sarana nyahosake anak - anake وَصَٰحِبَتِهِۦ وَأَخِيهِ ١٢Sarta rabine (garwane) tuwin sadulure وَفَصِيلَتِهِ ٱلَّتِي تُـٔۡوِيهِ ١٣Lan nyahosake batihe kang dadi wewengkone وَمَن فِي ٱلۡأَرۡضِ جَمِيعًا ثُمَّ يُنجِيهِ ١٤Upama duwea saisining bumi kaduga nyaosake kabeh tumuli (pangarep - arepe) diselametake saka siksa كـَلَّآۖ إِنَّهَا لَظَىٰ ١٥Ora pisan - pisan! sayekti iku geni mulad - mulad نَزَّاعَةً لِّلشَّوَىٰ ١٦Nglonyomake kulit تَدۡعُواْ مَنۡ أَدۡبَرَ وَتَوَلَّىٰ ١٧Ngundang - ngundang kang mungkur (ora percaya Allah) lan mlengos (marang nabi) وَجَمَعَ فَأَوۡعَىٰٓ ١٨Sarta anumpuk - numpuk tuwin anyinggahake bondho ۞ إِنَّ ٱلۡإِنسَٰنَ خُلِقَ هَلُوعًا ١٩Sayekti manungsa iku tinitah sarwa angewuhake إِذَا مَسَّهُ ٱلشَّرُّ جَزُوعًا ٢٠Samangsa kataman kojur ngersula وَإِذَا مَسَّهُ ٱلۡخَيۡرُ مَنُوعًا ٢١Lan samongsa kataman begja, cethil إِلَّا ٱلۡمُصَلِّينَ ٢٢Kajaba wong kang padha sholat ٱلَّذِينَ هُمۡ عَلَىٰ صَلَاتِهِمۡ دَآئِمُونَ ٢٣Kang tetep olehe padha sholat وَٱلَّذِينَ فِيٓ أَمۡوَٰلِهِمۡ حَقٌّ مَّعۡلُومٌ ٢٤Sarta kang ing sajeroning bandhane ana saperangan kang tartamtu (kanggo zakat) لِّلسَّآئِلِ وَٱلۡمَحۡرُومِ ٢٥Tumrap para kang anjajaluk sarta wong kasrakat وَٱلَّذِينَ يُصَدِّقُونَ بِيَوۡمِ ٱلدِّينِ ٢٦Lan kang padha ngandel anane dina Qiyamat وَٱلَّذِينَ هُم مِّنۡ عَذَابِ رَبِّهِم مُّشۡفِقُونَ ٢٧Lan kang padha wedi siksaning Pangerane إِنَّ عَذَابَ رَبِّهِمۡ غَيۡرُ مَأۡمُونٍ ٢٨Awit ora ana wong kuasa mesthi kalis siksaning Pangerane وَٱلَّذِينَ هُمۡ لِفُرُوجِهِمۡ حَٰفِظُونَ ٢٩Sarta padha angreksa marang awak-kawirangane إِلَّا عَلَىٰٓ أَزۡوَٰجِهِمۡ أَوۡ مَا مَلَكَتۡ أَيۡمَٰنُهُمۡ فَإِنَّهُمۡ غَيۡرُ مَلُومِينَ ٣٠Kajaba tumrap bojone utawa wong kang dadi darbeke iku dudu larangan فَمَنِ ٱبۡتَغَىٰ وَرَآءَ ذَٰلِكَ فَأُوْلَٰٓئِكَ هُمُ ٱلۡعَادُونَ ٣١Sapa wonge nerajang (cumbana) wong saliyane iku wong kang mlangkah wates وَٱلَّذِينَ هُمۡ لِأَمَٰنَٰتِهِمۡ وَعَهۡدِهِمۡ رَٰعُونَ ٣٢Lan kang padha tuhu ora nyidrani sasanggemane lan rumeksa barang titipan وَٱلَّذِينَ هُم بِشَهَٰدَٰتِهِمۡ قَآئِمُونَ ٣٣Lan kang padha dadi seksi (ing Pangadilan) kelawan saktemene وَٱلَّذِينَ هُمۡ عَلَىٰ صَلَاتِهِمۡ يُحَافِظُونَ ٣٤Lan padha ngelakoni sholat tetep ana waktune أُوْلَٰٓئِكَ فِي جَنَّٰتٍ مُّكۡرَمُونَ ٣٥Wong kang mangkono mau bakal manggon ana suwarga kinurmatan فَمَالِ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ قِبَلَكَ مُهۡطِعِينَ ٣٦Wong kafir padha rebut dujung ngrungokake pituturira apa gunane ora mekolehi marang awake عَنِ ٱلۡيَمِينِ وَعَنِ ٱلشِّمَالِ عِزِينَ ٣٧Padha grombolan ana ing kiwanira lan tengenira أَيَطۡمَعُ كُلُّ ٱمۡرِيٍٕ مِّنۡهُمۡ أَن يُدۡخَلَ جَنَّةَ نَعِيمٍ ٣٨Ana siji - sijine wong kafir mau padha kepengin dilebokake ing suwarga Na'im كـَلَّآۖ إِنَّا خَلَقۡنَٰهُم مِّمَّا يَعۡلَمُونَ ٣٩Tangeh yen kelakon, sayekti Ingsun dadekake dheweke saka rang padha diweruhi فَلَآ أُقۡسِمُ بِرَبِّ ٱلۡمَشَٰرِقِ وَٱلۡمَغَٰرِبِ إِنَّا لَقَٰدِرُونَ ٤٠Ingsun supata demi Pangeraning Wetan lan Kulon (Panggon metu lan surupe srengenge) sayekti temen Ingsun iki kuwasa عَلَىٰٓ أَن نُّبَدِّلَ خَيۡرًا مِّنۡهُمۡ وَمَا نَحۡنُ بِمَسۡبُوقِينَ ٤١Bisa nyalini gawe manungsa liya kang becike ngungkuli dheweke mukal yen Ingsun ora bisa فَذَرۡهُمۡ يَخُوضُواْ وَيَلۡعَبُواْ حَتَّىٰ يُلَٰقُواْ يَوۡمَهُمُ ٱلَّذِي يُوعَدُونَ ٤٢Mulane dheweke iku togna wae karo ben padha selulub ana ing panasaran sarta abungah - bungah nganti tumeka dinane kang diancamake siksa يَوۡمَ يَخۡرُجُونَ مِنَ ٱلۡأَجۡدَاثِ سِرَاعًا كَأَنَّهُمۡ إِلَىٰ نُصُبٍ يُوفِضُونَ ٤٣Dinane dheweke padha metu saka kuburan kelawan gagancangan kaya dene amlayoni kang tinuju (marani brahalane) خَٰشِعَةً أَبۡصَٰرُهُمۡ تَرۡهَقُهُمۡ ذِلَّةٌۚ ذَٰلِكَ ٱلۡيَوۡمُ ٱلَّذِي كَانُواْ يُوعَدُونَ ٤٤Pandelenge padha tumungkul nistha bakal tumiba marang dheweke, dina iku dina qiyamat kang diancamake marang dheweke

الترجمة: Unknown.