بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ
إِذَا وَقَعَتِ ٱلۡوَاقِعَةُ ١Besuk nalikane dina qiyamat kelakon لَيۡسَ لِوَقۡعَتِهَا كَاذِبَةٌ ٢Kelakone dina qiyamat mau ora bakal goroh خَافِضَةٌ رَّافِعَةٌ ٣Ing dina iku kenyataan ngasorake (wong kafir) lan junjung (wong mukmin) إِذَا رُجَّتِ ٱلۡأَرۡضُ رَجًّا ٤Ing dina iku ana lindhu gedhe, bumi gonjang - ganjing وَبُسَّتِ ٱلۡجِبَالُ بَسًّا ٥Sakabehe gunung nganti padha ajur kabeh فَكَانَتۡ هَبَآءً مُّنۢبَثًّا ٦Nganti dadi bleduk kang mabul - mabul وَكُنتُمۡ أَزۡوَٰجًا ثَلَٰثَةً ٧Ing kono sira diperang dadi telung warna فَأَصۡحَٰبُ ٱلۡمَيۡمَنَةِ مَآ أَصۡحَٰبُ ٱلۡمَيۡمَنَةِ ٨Kang sapisan golongan tengen, iku wong begja banget وَأَصۡحَٰبُ ٱلۡمَشۡـَٔمَةِ مَآ أَصۡحَٰبُ ٱلۡمَشۡـَٔمَةِ ٩Kang kapindho golongan kiwa, iku wong cilaka banget وَٱلسَّٰبِقُونَ ٱلسَّٰبِقُونَ ١٠Kaping telu wong kang dhisik dhewe anggone nglakone becik (para nabi) أُوْلَٰٓئِكَ ٱلۡمُقَرَّبُونَ ١١Yaiku wong kang kecedhak Allah فِي جَنَّٰتِ ٱلنَّعِيمِ ١٢Bakal diganjar suwarga Na'im ثُلَّةٌ مِّنَ ٱلۡأَوَّلِينَ ١٣WOng mangkono mau kang akeh ummat kuna وَقَلِيلٌ مِّنَ ٱلۡأٓخِرِينَ ١٤Dene ummat zaman wekasan iki mung sethithik عَلَىٰ سُرُرٍ مَّوۡضُونَةٍ ١٥Dheweke ana suwarga padha linggih ing kursi kang dipaesi emas lan berlian مُّتَّكِـِٔينَ عَلَيۡهَا مُتَقَٰبِلِينَ ١٦Padha sendhen adhep - adhepan karo kancane يَطُوفُ عَلَيۡهِمۡ وِلۡدَٰنٌ مُّخَلَّدُونَ ١٧Dheweke diladeni bocah enom kang ora bisa tua بِأَكۡوَابٍ وَأَبَارِيقَ وَكَأۡسٍ مِّن مَّعِينٍ ١٨Padha ngladekake gelas, ceret lan pangomben kang dijupuk saka banyu kang mili لَّا يُصَدَّعُونَ عَنۡهَا وَلَا يُنزِفُونَ ١٩Anggone ngombe mung enak, tanpa mendem utawa ngelu وَفَٰكِهَةٍ مِّمَّا يَتَخَيَّرُونَ ٢٠Lan ngladekake wong - wohan akeh tur warna - warna bisa milih وَلَحۡمِ طَيۡرٍ مِّمَّا يَشۡتَهُونَ ٢١Lan uga ngladekake daging manuk kang bisa milih وَحُورٌ عِينٌ ٢٢Ana widadari kang paningale padha kocak كَأَمۡثَٰلِ ٱللُّؤۡلُوِٕ ٱلۡمَكۡنُونِ ٢٣Kaya dene mutiawa kang kasimpen becik جَزَآءَۢ بِمَا كَانُواْ يَعۡمَلُونَ ٢٤Tumanjak ganjaraning kabecikan kang wis padha dilakoni لَا يَسۡمَعُونَ فِيهَا لَغۡوًا وَلَا تَأۡثِيمًا ٢٥Ana suwarga ora tau krungu celathu hala kang dadi dosa إِلَّا قِيلًا سَلَٰمًا سَلَٰمًا ٢٦Mung krungu pangucap, "Wilujeng, wilujeng" kang ngresepake وَأَصۡحَٰبُ ٱلۡيَمِينِ مَآ أَصۡحَٰبُ ٱلۡيَمِينِ ٢٧Denen golongan tengen, begja banget golongan tengen فِي سِدۡرٍ مَّخۡضُودٍ ٢٨Manggon ing suwarga kang ana wite Widora tanpa eri وَطَلۡحٍ مَّنضُودٍ ٢٩Lan ana wite gedhang kang susun - susun وَظِلٍّ مَّمۡدُودٍ ٣٠Kang eyub salawase وَمَآءٍ مَّسۡكُوبٍ ٣١Lan ana banyu umbu anget salawase وَفَٰكِهَةٍ كَثِيرَةٍ ٣٢Lan ana woh - wohane akeh tur warna - warna لَّا مَقۡطُوعَةٍ وَلَا مَمۡنُوعَةٍ ٣٣Ora tau entek ora usah tuku (kena jupuk sak karepe) وَفُرُشٍ مَّرۡفُوعَةٍ ٣٤Lan ana kasur kandel kang empuk إِنَّآ أَنشَأۡنَٰهُنَّ إِنشَآءً ٣٥Allah gawe sarupaning widadari mau tanpa lahir dhisik (saka guwa garbaning ibu) فَجَعَلۡنَٰهُنَّ أَبۡكَارًا ٣٦Pada Ingsun dadhekake perawan selawase عُرُبًا أَتۡرَابًا ٣٧Padha sih tresna, kang nomerampak لِّأَصۡحَٰبِ ٱلۡيَمِينِ ٣٨Padha Ingsun paringake dadi jodhone golongan tengen ثُلَّةٌ مِّنَ ٱلۡأَوَّلِينَ ٣٩Ummate (nabi) zaman kuna وَثُلَّةٌ مِّنَ ٱلۡأٓخِرِينَ ٤٠Lan para umat kang wekasan iki وَأَصۡحَٰبُ ٱلشِّمَالِ مَآ أَصۡحَٰبُ ٱلشِّمَالِ ٤١Lan golongan kiwa, sapa ta golongan kiwa فِي سَمُومٍ وَحَمِيمٍ ٤٢Padha disiksa angin samun (kang panas banget) lan banyu kang umop وَظِلٍّ مِّن يَحۡمُومٍ ٤٣Lan anan pepeteng saka kukus kang ireng banget لَّا بَارِدٍ وَلَا كَرِيمٍ ٤٤Ora pisan adhem lan ora nyenengake إِنَّهُمۡ كَانُواْ قَبۡلَ ذَٰلِكَ مُتۡرَفِينَ ٤٥Nalika urip ana donya uripe padha leluwihan وَكَانُواْ يُصِرُّونَ عَلَى ٱلۡحِنثِ ٱلۡعَظِيمِ ٤٦Lan dheweke terus - terusan anggone nindhakake dosa gedhe وَكَانُواْ يَقُولُونَ أَئِذَا مِتۡنَا وَكُنَّا تُرَابًا وَعِظَٰمًا أَءِنَّا لَمَبۡعُوثُونَ ٤٧Lan padha ngucap, "Apa nyata besuk yen aku wis mati sarta dadi lemah, lan dadi balung, jarene bakal diuripake maneh أَوَءَابَآؤُنَا ٱلۡأَوَّلُونَ ٤٨Apa dene bapak - bapakku zaman kuna, apa hiya diuripake maneh قُلۡ إِنَّ ٱلۡأَوَّلِينَ وَٱلۡأٓخِرِينَ ٤٩Sira dhawuha, "Para bapakmu ing zaman kuna, lan para turunanmu kang saiki durung ana لَمَجۡمُوعُونَ إِلَىٰ مِيقَٰتِ يَوۡمٍ مَّعۡلُومٍ ٥٠Besuk dina Qiyamat kang wis tinamtokake dening Allah, bakal padha dikumpulake ثُمَّ إِنَّكُمۡ أَيُّهَا ٱلضَّآلُّونَ ٱلۡمُكَذِّبُونَ ٥١He wong kang padha kesaar maido pangandikaning Allah لَأٓكِلُونَ مِن شَجَرٍ مِّن زَقُّومٍ ٥٢Sawise mangkono sira padha mangan wohe kayu zaqum فَمَالِـُٔونَ مِنۡهَا ٱلۡبُطُونَ ٥٣Nganti padha kebak wetenge فَشَٰرِبُونَ عَلَيۡهِ مِنَ ٱلۡحَمِيمِ ٥٤Nuli padha ngombe weang kang panas gegirisi فَشَٰرِبُونَ شُرۡبَ ٱلۡهِيمِ ٥٥Anggone ngombe kaya onta kang ngelak banget هَٰذَا نُزُلُهُمۡ يَوۡمَ ٱلدِّينِ ٥٦Iki pangancame Allah marang para wong kafir, kelakone besuk dina qiyamat نَحۡنُ خَلَقۡنَٰكُمۡ فَلَوۡلَا تُصَدِّقُونَ ٥٧Ingsun (Allah) iki kang gawe awakira, yagene sira padha ora ngandel (dina qiyamat) أَفَرَءَيۡتُم مَّا تُمۡنُونَ ٥٨Kapriye panemunira bab nuthfah marang peranakane wong wadon? (banjur dadi bayi) ءَأَنتُمۡ تَخۡلُقُونَهُۥٓ أَمۡ نَحۡنُ ٱلۡخَٰلِقُونَ ٥٩Kang gawe bayi mau sira apa Ingsun نَحۡنُ قَدَّرۡنَا بَيۡنَكُمُ ٱلۡمَوۡتَ وَمَا نَحۡنُ بِمَسۡبُوقِينَ ٦٠Ingsun nemtokake mati marang sira kabeh, Ingsun kuwasa, ora ana kang bisa murungake karsaningsun عَلَىٰٓ أَن نُّبَدِّلَ أَمۡثَٰلَكُمۡ وَنُنشِئَكُمۡ فِي مَا لَا تَعۡلَمُونَ ٦١Sanadyan Ingsun kersa gawe wong kang rupane ceples (padha) sarta disalini rupa sedhengah rupa kang sira ora weruh mesthi kaleksanan وَلَقَدۡ عَلِمۡتُمُ ٱلنَّشۡأَةَ ٱلۡأُولَىٰ فَلَوۡلَا تَذَكَّرُونَ ٦٢Sira wis weruh bakale manungsa kawitan (hiya iku lemah) yagene sira ora padha niti periksa (yengingsun iki kawasa) أَفَرَءَيۡتُم مَّا تَحۡرُثُونَ ٦٣Kapriye panemumu bab angginmu tetanen ءَأَنتُمۡ تَزۡرَعُونَهُۥٓ أَمۡ نَحۡنُ ٱلزَّٰرِعُونَ ٦٤Kang nukulake wiji iku sira apa Ingsun لَوۡ نَشَآءُ لَجَعَلۡنَٰهُ حُطَٰمًا فَظَلۡتُمۡ تَفَكَّهُونَ ٦٥Umpama ana parenge karsa ningsun, metune woh mau Ingsun gawe gabug mesthi kelakon. sira banjur getun إِنَّا لَمُغۡرَمُونَ ٦٦Pangucapmu, "Aku iki kapitunan بَلۡ نَحۡنُ مَحۡرُومُونَ ٦٧Aku iki dipenet rizkiku أَفَرَءَيۡتُمُ ٱلۡمَآءَ ٱلَّذِي تَشۡرَبُونَ ٦٨Kapriye panemumu bab banyu udan kang padha sira ombe ءَأَنتُمۡ أَنزَلۡتُمُوهُ مِنَ ٱلۡمُزۡنِ أَمۡ نَحۡنُ ٱلۡمُنزِلُونَ ٦٩Kang nurunake banyu udan saka mega, sira apa Ingsun لَوۡ نَشَآءُ جَعَلۡنَٰهُ أُجَاجًا فَلَوۡلَا تَشۡكُرُونَ ٧٠Upama ana parenge karsaningsun, banyu udan Ingsun dadekake asin mesthi kelakon. Yagene ora padha gedhe panuwunmu أَفَرَءَيۡتُمُ ٱلنَّارَ ٱلَّتِي تُورُونَ ٧١Kapriye panemumu, mungguh geni anggonira ngurubake ءَأَنتُمۡ أَنشَأۡتُمۡ شَجَرَتَهَآ أَمۡ نَحۡنُ ٱلۡمُنشِـُٔونَ ٧٢Kang nganakake kayu sira apa Ingsun نَحۡنُ جَعَلۡنَٰهَا تَذۡكِرَةً وَمَتَٰعًا لِّلۡمُقۡوِينَ ٧٣Geni iku Ingsun anggo sasmitaning (geni nerika) lan dianggo kabungahaning wong kang padha melaku فَسَبِّحۡ بِٱسۡمِ رَبِّكَ ٱلۡعَظِيمِ ٧٤Mulane sira nyebutho Maha Suci asmaning Pangeranira kang Maha Agung ۞ فَلَآ أُقۡسِمُ بِمَوَٰقِعِ ٱلنُّجُومِ ٧٥Ingsun supata kelawan panggonan metune lan suruping lintang وَإِنَّهُۥ لَقَسَمٌ لَّوۡ تَعۡلَمُونَ عَظِيمٌ ٧٦Manawa sira weruh, supata mau supata gedhe إِنَّهُۥ لَقُرۡءَانٌ كَرِيمٌ ٧٧Kang didhawuhake marang sira iku Quran kang mulya فِي كِتَٰبٍ مَّكۡنُونٍ ٧٨Tinuli ana kitab kang rineksa (Lauhil Mahfudz) لَّا يَمَسُّهُۥٓ إِلَّا ٱلۡمُطَهَّرُونَ ٧٩Ora bakal anggeplok Qur'an kajaba wong kang padha suci, (saka hadast cilik lan gedhe) تَنزِيلٌ مِّن رَّبِّ ٱلۡعَٰلَمِينَ ٨٠Diturunake saka Allah pangerane wong sajagad أَفَبِهَٰذَا ٱلۡحَدِيثِ أَنتُم مُّدۡهِنُونَ ٨١Apa sira padha ngremehake utawa maido Qur'an iki وَتَجۡعَلُونَ رِزۡقَكُمۡ أَنَّكُمۡ تُكَذِّبُونَ ٨٢Sira ganthi rizki (kang diparingake Allah) kanti gorohake (Allah) فَلَوۡلَآ إِذَا بَلَغَتِ ٱلۡحُلۡقُومَ ٨٣Ya gene nalika nywane mayit lagi tekan gurung وَأَنتُمۡ حِينَئِذٍ تَنظُرُونَ ٨٤Ing kono sira mung padha ngedeleng marang mayit وَنَحۡنُ أَقۡرَبُ إِلَيۡهِ مِنكُمۡ وَلَٰكِن لَّا تُبۡصِرُونَ ٨٥Ingsun luwih cedhak marang wong lelaku mau tinimbang sira, ewodene sira padha ora weruh فَلَوۡلَآ إِن كُنتُمۡ غَيۡرَ مَدِينِينَ ٨٦Ya gene yen sira ngaku ora kawengku wasesaning Allah تَرۡجِعُونَهَآ إِن كُنتُمۡ صَٰدِقِينَ ٨٧Teka ora bisa balekake nyawa marang wadhage, yen pengakuira temen, mara sira balekna nyawa mau فَأَمَّآ إِن كَانَ مِنَ ٱلۡمُقَرَّبِينَ ٨٨Manawa mayit mau ewone wong kachedak ing Allah فَرَوۡحٌ وَرَيۡحَانٌ وَجَنَّتُ نَعِيمٍ ٨٩Matine mesthi kepenak kanthi bungah lan oleh ganjaran suwarga kanikmatan وَأَمَّآ إِن كَانَ مِنۡ أَصۡحَٰبِ ٱلۡيَمِينِ ٩٠Dene yen kalebu golongan tengen فَسَلَٰمٌ لَّكَ مِنۡ أَصۡحَٰبِ ٱلۡيَمِينِ ٩١Wong mau mesthi selamet amarga sira klebu golongan tengen وَأَمَّآ إِن كَانَ مِنَ ٱلۡمُكَذِّبِينَ ٱلضَّآلِّينَ ٩٢Dene yen hewone wong maido pangandikanging Allah kang padha kesasar فَنُزُلٌ مِّنۡ حَمِيمٍ ٩٣Mesthi kecemplung wedang kang umop (panas banget) وَتَصۡلِيَةُ جَحِيمٍ ٩٤Lan diobong ana neraka إِنَّ هَٰذَا لَهُوَ حَقُّ ٱلۡيَقِينِ ٩٥(Kang kasebut iki) satemene keyakinan kang bener فَسَبِّحۡ بِٱسۡمِ رَبِّكَ ٱلۡعَظِيمِ ٩٦Mulane sira nyebuto Maha Suci asmaning Pangeranira kang Maha Agung