بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ
وَٱلنَّجۡمِ إِذَا هَوَىٰ ١Demi lintang nalikane surup مَا ضَلَّ صَاحِبُكُمۡ وَمَا غَوَىٰ ٢Kancanira (Muhammad) iku ora pisan kesasar lan ora ngawur وَمَا يَنطِقُ عَنِ ٱلۡهَوَىٰٓ ٣Lamg dingendikaake (Muhammad yoiku Al-Quran) dudu sakarepe dhewe إِنۡ هُوَ إِلَّا وَحۡيٌ يُوحَىٰ ٤Kabeh kang didhawuhake mesthi wahyu terang saka Ingsun عَلَّمَهُۥ شَدِيدُ ٱلۡقُوَىٰ ٥Kang diutus dhawuhake wahyu mau (Jibril) kang gagah perkasa ذُو مِرَّةٍ فَٱسۡتَوَىٰ ٦Kang duwe akal lantip lan (Jibril mau) ngetokake rupane kang sejati (nalika Muhammad Mi'roj) وَهُوَ بِٱلۡأُفُقِ ٱلۡأَعۡلَىٰ ٧Lan nalikane dheweke (Muhammad) ana ing panggonan mletheke srengenge (ufuk kang dhuwur) ثُمَّ دَنَا فَتَدَلَّىٰ ٨Tumuli dheweke (Jibril) nyedhak marang (Muhammad) sangsaya nyedhak فَكَانَ قَابَ قَوۡسَيۡنِ أَوۡ أَدۡنَىٰ ٩Chedake nganti padha karo anak panah loro utawa luwih cedhak maneh فَأَوۡحَىٰٓ إِلَىٰ عَبۡدِهِۦ مَآ أَوۡحَىٰ ١٠Allah dhawuhake wahyu marang kawulane (Muhammad) hiya iku kang didhawuhake lumantar (Jibril) مَا كَذَبَ ٱلۡفُؤَادُ مَا رَأَىٰٓ ١١Atine (Muhammad) ora maido rupane (Jibril) kang wis dideleng (ana guwa Hira) أَفَتُمَٰرُونَهُۥ عَلَىٰ مَا يَرَىٰ ١٢He wong kang mangro tinal, ya gene sira madoni (Muhammad) anggone deleng (weruh Jibril) وَلَقَدۡ رَءَاهُ نَزۡلَةً أُخۡرَىٰ ١٣Lan satemene Muhammad wis weruh Jibril (rupane kang sejati) ana wektu liya عِندَ سِدۡرَةِ ٱلۡمُنتَهَىٰ ١٤Yaiku ana ing sidratil Muntaha (panggonan kang dhuwur dhewe ana langit nomer sing diweruhi Nabi Muhammad nalika mi'roj) عِندَهَا جَنَّةُ ٱلۡمَأۡوَىٰٓ ١٥Ing kono panggonane suwarga Ma'wa إِذۡ يَغۡشَى ٱلسِّدۡرَةَ مَا يَغۡشَىٰ ١٦(Muhammad pirsa Jibril) nalika sidratil Muntaha mau ana kang nutupi مَا زَاغَ ٱلۡبَصَرُ وَمَا طَغَىٰ ١٧Pandelenge Muhammad ora luput lan ora kesasar لَقَدۡ رَأَىٰ مِنۡ ءَايَٰتِ رَبِّهِ ٱلۡكُبۡرَىٰٓ ١٨Satemene Muhammad wis pirsa sebagian tandha - tandha (kekuasaane) Pangerane kang agung أَفَرَءَيۡتُمُ ٱللَّٰتَ وَٱلۡعُزَّىٰ ١٩Padha kondhoa, "Piye panemumu mungguh brahala kang aran Lata lan 'Uzza وَمَنَوٰةَ ٱلثَّالِثَةَ ٱلۡأُخۡرَىٰٓ ٢٠Lan brahala telu liyane, apa hiya padha duwe kuasa kaya kuasane Allah? (ora) أَلَكُمُ ٱلذَّكَرُ وَلَهُ ٱلۡأُنثَىٰ ٢١Apa nyata, sarupane bocah lanang iku anakira, dene bocah wadon putrane Allah تِلۡكَ إِذًا قِسۡمَةٌ ضِيزَىٰٓ ٢٢Pangedum mangkono iku luput ora adil إِنۡ هِيَ إِلَّآ أَسۡمَآءٌ سَمَّيۡتُمُوهَآ أَنتُمۡ وَءَابَآؤُكُم مَّآ أَنزَلَ ٱللَّهُ بِهَا مِن سُلۡطَٰنٍۚ إِن يَتَّبِعُونَ إِلَّا ٱلظَّنَّ وَمَا تَهۡوَى ٱلۡأَنفُسُۖ وَلَقَدۡ جَآءَهُم مِّن رَّبِّهِمُ ٱلۡهُدَىٰٓ ٢٣Kabeh kang wis kasebut mau mung jeneng dianggo jenengake brahala, kang jenengake kowe lan leluhurmu. Allah ora nurunake dhawuh nyembah brahala mau, Anggonmu paha nyembah brahala mau mung nuruti panyana lan karepa ati kang kena panggodhaning seta. Tur wis padha diparingi pituduh dening Allah marang dheweke أَمۡ لِلۡإِنسَٰنِ مَا تَمَنَّىٰ ٢٤Apa manungsa bakal oleh kabeh sing diangen - angeni فَلِلَّهِ ٱلۡأٓخِرَةُ وَٱلۡأُولَىٰ ٢٥kelakone samu barang ana donya lan akherat iku ana kuasane Allah ۞ وَكَم مِّن مَّلَكٍ فِي ٱلسَّمَٰوَٰتِ لَا تُغۡنِي شَفَٰعَتُهُمۡ شَيۡـًٔا إِلَّا مِنۢ بَعۡدِ أَن يَأۡذَنَ ٱللَّهُ لِمَن يَشَآءُ وَيَرۡضَىٰٓ ٢٦Piro wae akehe Malaikat ing langit kang syafa'ate ora migunani kejaba yen diparengake nyafa'ati wong kang dadi keparenge Allah إِنَّ ٱلَّذِينَ لَا يُؤۡمِنُونَ بِٱلۡأٓخِرَةِ لَيُسَمُّونَ ٱلۡمَلَٰٓئِكَةَ تَسۡمِيَةَ ٱلۡأُنثَىٰ ٢٧Satemene wong kang ora ngandel bakal anane akherat padha ngarane yen Malaikat iku putrane Allah putri وَمَا لَهُم بِهِۦ مِنۡ عِلۡمٍۖ إِن يَتَّبِعُونَ إِلَّا ٱلظَّنَّۖ وَإِنَّ ٱلظَّنَّ لَا يُغۡنِي مِنَ ٱلۡحَقِّ شَيۡـًٔا ٢٨Lan dheweke ora duweni kaweruh bab mau, mung saka panyanane wae, kang mangka panyana iku ora bisa nyirnakake kang temen sithik wae فَأَعۡرِضۡ عَن مَّن تَوَلَّىٰ عَن ذِكۡرِنَا وَلَمۡ يُرِدۡ إِلَّا ٱلۡحَيَوٰةَ ٱلدُّنۡيَا ٢٩Mulane padha mlengosa marang wong kang gorohake al-QuranKu kang mung golek kabungahan ing donya ذَٰلِكَ مَبۡلَغُهُم مِّنَ ٱلۡعِلۡمِۚ إِنَّ رَبَّكَ هُوَ أَعۡلَمُ بِمَن ضَلَّ عَن سَبِيلِهِۦ وَهُوَ أَعۡلَمُ بِمَنِ ٱهۡتَدَىٰ ٣٠Hiya iku saka katoge kaweruhe. Satemene Allah nguningani wong kang nyimpang saka dalaning Allah, lan uga nguningani wong kang ngambah pituduh bener وَلِلَّهِ مَا فِي ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَمَا فِي ٱلۡأَرۡضِ لِيَجۡزِيَ ٱلَّذِينَ أَسَٰٓـُٔواْ بِمَا عَمِلُواْ وَيَجۡزِيَ ٱلَّذِينَ أَحۡسَنُواْ بِٱلۡحُسۡنَى ٣١Isine bumi lan langit iku kagungane Allah, kang bakal matrapi kang lakune hala sarta ganjar wong kang tumindak panggawe becik ٱلَّذِينَ يَجۡتَنِبُونَ كَبَٰٓئِرَ ٱلۡإِثۡمِ وَٱلۡفَوَٰحِشَ إِلَّا ٱللَّمَمَۚ إِنَّ رَبَّكَ وَٰسِعُ ٱلۡمَغۡفِرَةِۚ هُوَ أَعۡلَمُ بِكُمۡ إِذۡ أَنشَأَكُم مِّنَ ٱلۡأَرۡضِ وَإِذۡ أَنتُمۡ أَجِنَّةٌ فِي بُطُونِ أُمَّهَٰتِكُمۡۖ فَلَا تُزَكُّوٓاْ أَنفُسَكُمۡۖ هُوَ أَعۡلَمُ بِمَنِ ٱتَّقَىٰٓ ٣٢Hiya iku wong kang padha nyingkiri dosa gedhe lan panggawe ala kajaba dosa cilik kang mung sithik. Satemene Allah iku pangapurane gedhe kang nguningani sira. Panjenengane nguningani sira nalika dadekake saka lemah utawa nalika isih ana wetenge biyungmu dadi bayi. Mulane sira aja semuci - suci. Allah nguningani wong kang bekti أَفَرَءَيۡتَ ٱلَّذِي تَوَلَّىٰ ٣٣Piye panemumu wong kang balik (saka al-Quran) وَأَعۡطَىٰ قَلِيلًا وَأَكۡدَىٰٓ ٣٤Lan mewehake bandhane sithik lan ora gelem weweh maneh أَعِندَهُۥ عِلۡمُ ٱلۡغَيۡبِ فَهُوَ يَرَىٰٓ ٣٥Apa dheweke (Walid bin Mughiroh) weruh barang kang samar - samar ngnti ngerti (apa sing dikandhakake) أَمۡ لَمۡ يُنَبَّأۡ بِمَا فِي صُحُفِ مُوسَىٰ ٣٦Apa durung oleh wulang kang kasebut ing kitabe/shuhuf Musa وَإِبۡرَٰهِيمَ ٱلَّذِي وَفَّىٰٓ ٣٧Lan lembaran - lembarane Obrahim kang wis didhawuhake lan dilakoni أَلَّا تَزِرُ وَازِرَةٌ وِزۡرَ أُخۡرَىٰ ٣٨Yaiku wong kang dosa bakal nandhang patrapan saka dosane liyan وَأَن لَّيۡسَ لِلۡإِنسَٰنِ إِلَّا مَا سَعَىٰ ٣٩Lan manungsa ora bakal tampa ganjaran kajaba laku kang wis dilakone dhewe وَأَنَّ سَعۡيَهُۥ سَوۡفَ يُرَىٰ ٤٠Lan lakune mau besuk bakal katon ثُمَّ يُجۡزَىٰهُ ٱلۡجَزَآءَ ٱلۡأَوۡفَىٰ ٤١Banjur diparingi ganjaran (pituas) kang sempurna murwat kang wis dilakoni وَأَنَّ إِلَىٰ رَبِّكَ ٱلۡمُنتَهَىٰ ٤٢Satemene barang - barang iku wekasane bali marang ngarsane Allah وَأَنَّهُۥ هُوَ أَضۡحَكَ وَأَبۡكَىٰ ٤٣Satemene Allah paring bungah (kang dadekake bungah lan gumuyu) sarta paring susah (kang dadekake susah lan tangis) وَأَنَّهُۥ هُوَ أَمَاتَ وَأَحۡيَا ٤٤Saktemene Allah iku kang gawe pati lan urip وَأَنَّهُۥ خَلَقَ ٱلزَّوۡجَيۡنِ ٱلذَّكَرَ وَٱلۡأُنثَىٰ ٤٥Satemene Allah iku kang gawe jejodhon lanang lan wadon مِن نُّطۡفَةٍ إِذَا تُمۡنَىٰ ٤٦Saka nutfah (mani) kang tumama ing pranakan وَأَنَّ عَلَيۡهِ ٱلنَّشۡأَةَ ٱلۡأُخۡرَىٰ ٤٧Satemene Allah bakal nguripake wong kang wis padha mati وَأَنَّهُۥ هُوَ أَغۡنَىٰ وَأَقۡنَىٰ ٤٨Satemene Allah kang paring kesugihan lan kecukupan وَأَنَّهُۥ هُوَ رَبُّ ٱلشِّعۡرَىٰ ٤٩Satemene Allah iku Pangerane lintang Syi'ra وَأَنَّهُۥٓ أَهۡلَكَ عَادًا ٱلۡأُولَىٰ ٥٠Satemene ALlah iku kang numpes wong 'Aad ing zaman kuna وَثَمُودَاْ فَمَآ أَبۡقَىٰ ٥١Lan uga numpes wong Tsamud nganti ora ana kang keri وَقَوۡمَ نُوحٍ مِّن قَبۡلُۖ إِنَّهُمۡ كَانُواْ هُمۡ أَظۡلَمَ وَأَطۡغَىٰ ٥٢Lan uga numpes wong Tsamud nganti ora ana kang keri وَٱلۡمُؤۡتَفِكَةَ أَهۡوَىٰ ٥٣Lan negara - negara kang dienggoni ummate Luth kang diwalik dening Allah فَغَشَّىٰهَا مَا غَشَّىٰ ٥٤Tumuli Allah maringi marang negara mau siksa gedhe فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكَ تَتَمَارَىٰ ٥٥Mulane endi ta paringe Allah kabungahan marang isra kang isih mamang هَٰذَا نَذِيرٌ مِّنَ ٱلنُّذُرِ ٱلۡأُولَىٰٓ ٥٦(Muhammad) iki utusan kang paring pengeling - eling kaya dene utusan sak durunge أَزِفَتِ ٱلۡأٓزِفَةُ ٥٧Saiki Qiyamat iku wis cedhak لَيۡسَ لَهَا مِن دُونِ ٱللَّهِ كَاشِفَةٌ ٥٨Liyane Allah ora ana kang bisa medharakae titi mangsa kelakone Qiyamat mau أَفَمِنۡ هَٰذَا ٱلۡحَدِيثِ تَعۡجَبُونَ ٥٩Apa ana kang sira gumuni kelawan maido kabar iki وَتَضۡحَكُونَ وَلَا تَبۡكُونَ ٦٠Lan geguyu ora nangis (dening krungu pangancam) وَأَنتُمۡ سَٰمِدُونَ ٦١Lan sira padha ora perduli فَٱسۡجُدُواْۤ لِلَّهِۤ وَٱعۡبُدُواْ ۩ ٦٢Mulane padha sujuda lan bektia ing Allah