Millat al-Islam

Chapter 80 · 42 verses · Unknown

Surah Abasa in Javanese

Arabic with tafsir Listen to Surah Abasa (1306 reciters)
Meccanسورة عبس42 verses

بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ

عَبَسَ وَتَوَلَّىٰٓ ١Dheweke (Muhammad) mrengut lan mlengos أَن جَآءَهُ ٱلۡأَعۡمَىٰ ٢Amarga katekan wong kang wuta (asma Abdullah bin Ummi Maktum) وَمَا يُدۡرِيكَ لَعَلَّهُۥ يَزَّكَّىٰٓ ٣Saka apa sira weruh karepa si wuta mau, bok menawa bakal suci atine أَوۡ يَذَّكَّرُ فَتَنفَعَهُ ٱلذِّكۡرَىٰٓ ٤Utawa nganggep wewulang mau migunani أَمَّا مَنِ ٱسۡتَغۡنَىٰ ٥Dene wong kang sugih bandha فَأَنتَ لَهُۥ تَصَدَّىٰ ٦Sira resep marang wong mau وَمَا عَلَيۡكَ أَلَّا يَزَّكَّىٰ ٧Wong kang sugih banda mau anggone ora bisa resik atine ora mekewuhi sira وَأَمَّا مَن جَآءَكَ يَسۡعَىٰ ٨Dene wong wuta kang gagancangan sowan وَهُوَ يَخۡشَىٰ ٩Iku wong sing taat (tunduk) فَأَنتَ عَنۡهُ تَلَهَّىٰ ١٠Sira klewa - klewa marang wong wuta mau كـَلَّآ إِنَّهَا تَذۡكِرَةٌ ١١Aja mangkono, iku weweulang, marang prakara dumadi فَمَن شَآءَ ذَكَرَهُۥ ١٢Sing sapa gelem ngistokake فِي صُحُفٍ مُّكَرَّمَةٍ ١٣Kasebut sajeroning Kitab kang mulya (al-Qur'an) مَّرۡفُوعَةٍ مُّطَهَّرَةِۭ ١٤Linuhurake, sinucekake بِأَيۡدِي سَفَرَةٍ ١٥Ing tangen juru tulis كِرَامِۭ بَرَرَةٍ ١٦Minulya, tulus قُتِلَ ٱلۡإِنسَٰنُ مَآ أَكۡفَرَهُۥ ١٧Binendon manungsa iku! saiba olehe ora weruh panarima مِنۡ أَيِّ شَيۡءٍ خَلَقَهُۥ ١٨Saka barang apa ta kadadeyane مِن نُّطۡفَةٍ خَلَقَهُۥ فَقَدَّرَهُۥ ١٩Saka nutfah, Panjenengane kang dadekake lan aparing kekuatan marang dheweke ثُمَّ ٱلسَّبِيلَ يَسَّرَهُۥ ٢٠Dene (prakara) dalan, Panjenengane anggampangake tumrap dheweke (dalan lahire bayi) ثُمَّ أَمَاتَهُۥ فَأَقۡبَرَهُۥ ٢١Sawise dadi manungsa Allah banjur mateni nuli dipendhem ثُمَّ إِذَا شَآءَ أَنشَرَهُۥ ٢٢Ing tembe manawa Allah ngersakake banjur nguripake wong sing wis mati mau كـَلَّا لَمَّا يَقۡضِ مَآ أَمَرَهُۥ ٢٣Temen dheweke iku ora ngestokake parentahe Allah فَلۡيَنظُرِ ٱلۡإِنسَٰنُ إِلَىٰ طَعَامِهِۦٓ ٢٤Manungsa padha delenga pangane kang padha dipangan أَنَّا صَبَبۡنَا ٱلۡمَآءَ صَبًّا ٢٥Ingsun ngesokake banyu udan saka mega ثُمَّ شَقَقۡنَا ٱلۡأَرۡضَ شَقًّا ٢٦Sawise udan tumurun, bumi banjur padha pecah metu thetukulane فَأَنۢبَتۡنَا فِيهَا حَبًّا ٢٧Ingsun banjur nukulake wiji ana bumi وَعِنَبًا وَقَضۡبًا ٢٨Lan anggur sarta woh kang migunani وَزَيۡتُونًا وَنَخۡلًا ٢٩Lan wit zaitun, apa dene wit kurma وَحَدَآئِقَ غُلۡبًا ٣٠Lan palemahan kang ana kayone gadhe وَفَٰكِهَةً وَأَبًّا ٣١Lan warna - warna woh - wohan, lan suket panganing raja kaya مَّتَٰعًا لَّكُمۡ وَلِأَنۡعَٰمِكُمۡ ٣٢Kabeh dadi bebungah, panganira lan raja kayanira فَإِذَا جَآءَتِ ٱلصَّآخَّةُ ٣٣Ing besuk nalika teka peteking dina qiyamat يَوۡمَ يَفِرُّ ٱلۡمَرۡءُ مِنۡ أَخِيهِ ٣٤Dinane wong aninggal lumayu sadulure وَأُمِّهِۦ وَأَبِيهِ ٣٥Lan ngedohi bapa - biyunge وَصَٰحِبَتِهِۦ وَبَنِيهِ ٣٦Lan ngedohi bojone apadene anak - putune لِكُلِّ ٱمۡرِيٍٕ مِّنۡهُمۡ يَوۡمَئِذٍ شَأۡنٌ يُغۡنِيهِ ٣٧Ing dina iku siji-sijining wong padha golek selamete awake dhewe - dhewe, ora mikir liyane وُجُوهٌ يَوۡمَئِذٍ مُّسۡفِرَةٌ ٣٨Akeh rahi kang mencorong cahyane ضَاحِكَةٌ مُّسۡتَبۡشِرَةٌ ٣٩Gumuyu tur katon bungah (hiya iku para mukmin) وَوُجُوهٌ يَوۡمَئِذٍ عَلَيۡهَا غَبَرَةٌ ٤٠Ing dina iku uga akeh rahi kang kaya geluprut lemah تَرۡهَقُهَا قَتَرَةٌ ٤١Saking dening ireng lan petening hulate أُوْلَٰٓئِكَ هُمُ ٱلۡكَفَرَةُ ٱلۡفَجَرَةُ ٤٢Hiya iku wong kang padha kafir lan anglakoni panggawe ala

Translation: Unknown.