بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ
وَٱلنَّٰزِعَٰتِ غَرۡقًا ١Demi (Malaikat - Malaikat) kang medhoti nyawane kelawan sora وَٱلنَّٰشِطَٰتِ نَشۡطًا ٢Demi (Malaikat - Malaikat) kang nglolosi nyawa kelawan alon (marang wong mukmin) وَٱلسَّٰبِحَٰتِ سَبۡحًا ٣Demi (Malaikat) kang tumurun saka langit kanti rikat فَٱلسَّٰبِقَٰتِ سَبۡقًا ٤Lan (Malaikat) kang dhisiki banter فَٱلۡمُدَبِّرَٰتِ أَمۡرًا ٥Lan (Malaikat) kang ngatur urusan (donya) يَوۡمَ تَرۡجُفُ ٱلرَّاجِفَةُ ٦(Satemene sira bakal ditangekake) ana dina nalika paniyupe slompret kawitan horege alam kabeh تَتۡبَعُهَا ٱلرَّادِفَةُ ٧Nuli ditungka horege maneh kang kapindho قُلُوبٌ يَوۡمَئِذٍ وَاجِفَةٌ ٨Ing kono atine wong kang padha maido padha teratapan أَبۡصَٰرُهَا خَٰشِعَةٌ ٩Pandelenge padha konjem (wedi) يَقُولُونَ أَءِنَّا لَمَرۡدُودُونَ فِي ٱلۡحَافِرَةِ ١٠Padha celathu, "Apa aku iki dibalekake urip maneh أَءِذَا كُنَّا عِظَٰمًا نَّخِرَةً ١١Sawise dadi balung kang pisah - pisah urip maneh قَالُواْ تِلۡكَ إِذًا كَرَّةٌ خَاسِرَةٌ ١٢Padha celathu, "Yen mangkono baliku urup maneh aku bali kapitunan فَإِنَّمَا هِيَ زَجۡرَةٌ وَٰحِدَةٌ ١٣Ananging iku mung petak sapisan wae فَإِذَا هُم بِٱلسَّاهِرَةِ ١٤Lan mara delengen dheweke padha tangi هَلۡ أَتَىٰكَ حَدِيثُ مُوسَىٰٓ ١٥Apa ora wis teka marang sira ceritane Musa إِذۡ نَادَىٰهُ رَبُّهُۥ بِٱلۡوَادِ ٱلۡمُقَدَّسِ طُوًى ١٦Nalikane dipangandikani Pangerane ana jurang Thuwa ٱذۡهَبۡ إِلَىٰ فِرۡعَوۡنَ إِنَّهُۥ طَغَىٰ ١٧Lungoo marang panggonane Fir'aun, awit kebangetan anggone kafir فَقُلۡ هَل لَّكَ إِلَىٰٓ أَن تَزَكَّىٰ ١٨Dhawuha, "Punapa paduka kepengin anuceni sarira وَأَهۡدِيَكَ إِلَىٰ رَبِّكَ فَتَخۡشَىٰ ١٩Sarta kula badhe nuntun paduka dhateng Pangeran supados ajrih فَأَرَىٰهُ ٱلۡأٓيَةَ ٱلۡكُبۡرَىٰ ٢٠Banjur panjenengane ngatonake tondha kang gedhe marang dheweke فَكَذَّبَ وَعَصَىٰ ٢١Ananging dheweke anggorohake (kasunyatan) sarta pra ambangun turut ثُمَّ أَدۡبَرَ يَسۡعَىٰ ٢٢Tumuli dheweke bali kalawan rerikatan فَحَشَرَ فَنَادَىٰ ٢٣Banjur ngumpulake (wong - wong) tumuli dhawuh فَقَالَ أَنَا۠ رَبُّكُمُ ٱلۡأَعۡلَىٰ ٢٤Celathune, "Aku iki Pangeranira Kang Maha Luhur فَأَخَذَهُ ٱللَّهُ نَكَالَ ٱلۡأٓخِرَةِ وَٱلۡأُولَىٰٓ ٢٥Ananging Allah amatrapi dheweke kelawan pidana ing akherat sarta ing uripe kang dhisik إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَعِبۡرَةً لِّمَن يَخۡشَىٰٓ ٢٦Lelakone Fir'aun kasebut mesthi dadi wewulang kanggo wong kang wedi ing Allah ءَأَنتُمۡ أَشَدُّ خَلۡقًا أَمِ ٱلسَّمَآءُۚ بَنَىٰهَا ٢٧Apa Allah angone nguripake sira saka pati luwuh angel tinimbang anggone gawe langit رَفَعَ سَمۡكَهَا فَسَوَّىٰهَا ٢٨Andhuwurake payoning langit banjur warata tanpa cacat وَأَغۡطَشَ لَيۡلَهَا وَأَخۡرَجَ ضُحَىٰهَا ٢٩Gawe peteng wayahe wengi, sarta gawe padhang wayahe awan وَٱلۡأَرۡضَ بَعۡدَ ذَٰلِكَ دَحَىٰهَآ ٣٠Sawuse mangkono Allah gelar bumi أَخۡرَجَ مِنۡهَا مَآءَهَا وَمَرۡعَىٰهَا ٣١Alah metokake banyu lan thethukulan saka bumi وَٱلۡجِبَالَ أَرۡسَىٰهَا ٣٢Lan ngukuhake gunung ana bumi مَتَٰعًا لَّكُمۡ وَلِأَنۡعَٰمِكُمۡ ٣٣Kabeh dadi bebungah marang sira lan ingon - ingonira raja kaya فَإِذَا جَآءَتِ ٱلطَّآمَّةُ ٱلۡكُبۡرَىٰ ٣٤Ing besuk tekane horeg - horegan (malapetaka) gedhe teka يَوۡمَ يَتَذَكَّرُ ٱلۡإِنسَٰنُ مَا سَعَىٰ ٣٥Dinane manungsa padha eling apa kang wus ditindhakake وَبُرِّزَتِ ٱلۡجَحِيمُ لِمَن يَرَىٰ ٣٦Lan neraka dipitontonake tumrap sapa sing deleng فَأَمَّا مَن طَغَىٰ ٣٧Wondene wong kang ambalasar (kafir) وَءَاثَرَ ٱلۡحَيَوٰةَ ٱلدُّنۡيَا ٣٨Sarta milih kauripan dunya فَإِنَّ ٱلۡجَحِيمَ هِيَ ٱلۡمَأۡوَىٰ ٣٩Sayekti neraka iku panggonane وَأَمَّا مَنۡ خَافَ مَقَامَ رَبِّهِۦ وَنَهَى ٱلنَّفۡسَ عَنِ ٱلۡهَوَىٰ ٤٠Dene wong kang wedi anggone ngadhep ing ngarsaning Pangerane sarta anahan jiwane saka pepenginan asor فَإِنَّ ٱلۡجَنَّةَ هِيَ ٱلۡمَأۡوَىٰ ٤١Lah sayekti suwarga iku panggonane يَسۡـَٔلُونَكَ عَنِ ٱلسَّاعَةِ أَيَّانَ مُرۡسَىٰهَا ٤٢Dheweke padha takon marang sira prakara wayahe, endhi ketentuane (Qiyamat) فِيمَ أَنتَ مِن ذِكۡرَىٰهَآ ٤٣Tumrap prakara apa? Sira iku wong kang angelingake prakara iku إِلَىٰ رَبِّكَ مُنتَهَىٰهَآ ٤٤Marang pangeranira pantoging tujune prakara iku إِنَّمَآ أَنتَ مُنذِرُ مَن يَخۡشَىٰهَا ٤٥Sira iku mung juru pepeling tumrap wong kang wedi marang prakra iku كَأَنَّهُمۡ يَوۡمَ يَرَوۡنَهَا لَمۡ يَلۡبَثُوٓاْ إِلَّا عَشِيَّةً أَوۡ ضُحَىٰهَا ٤٦Ing dinane dheweke andeleng kaya - kaya anggone manggon ora liya kajaba mung sasore utawa sakesuk