Millat al-Islam

Chapter 74 · 56 verses · Unknown

Surah Al-Muddathir in Javanese

Arabic with tafsir Listen to Surah Al-Muddathir (1206 reciters)
Meccanسورة المدثر56 verses

بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ

يَٰٓأَيُّهَا ٱلۡمُدَّثِّرُ ١wengi. Lan shabatira sagolongan hiya padha mangkono. Allah nemtokake dawa cendhake rina lan wengi, nguningani yen sira padha ora kelar sholat samono suwene mau kajaba kelawan rekasa, mulane Allah muwung marang sira. Sarehne mangkono sira macaa al-Quran sakuwasanira ana sajerone sholat. Allah nguningani yen sira iku bakal ana kang nandhang lara banjur rekasa sholat ing wayah wengi lan ana uga kang padha mlaku lelungan ing bumi ngupaya jiwa golek rizki kanugrahaning Allah lan ana uga kang padha perang ing dalaning Allah, mulane sira padhaa maca al-Quran sakuwasanira lan ngakonana sholat, bayar zakat, padha motangna becik marang Allah. Samu barang kabecikan kang padha sira lakoni bakal nemu ganjran becik ana ngarsaning Allah ngungkuli kabecikan kang sira lakoni ing buri. Lan nyuwuna pangapuraning Allah, satemene Allah iku karsa ngapura tur maha asih. . He wong kang mujung (Muhammad) قُمۡ فَأَنذِرۡ ٢Sira ngadeka lan elingna وَرَبَّكَ فَكَبِّرۡ ٣Lan nyebuta Maha Agung ing Allah Pangeranira وَثِيَابَكَ فَطَهِّرۡ ٤Tuwin angresikna sasandanganira وَٱلرُّجۡزَ فَٱهۡجُرۡ ٥Apa dene angedohna jejember وَلَا تَمۡنُن تَسۡتَكۡثِرُ ٦Lan aja weweh murih wewales kang luwih akeh وَلِرَبِّكَ فَٱصۡبِرۡ ٧Lan sabara karana ngelakoni parentahe Pangeranira فَإِذَا نُقِرَ فِي ٱلنَّاقُورِ ٨Amarga samangsa slompret tiniyub فَذَٰلِكَ يَوۡمَئِذٍ يَوۡمٌ عَسِيرٌ ٩Ing dina iku kena diarani dina rekasa عَلَى ٱلۡكَٰفِرِينَ غَيۡرُ يَسِيرٍ ١٠TUmrap engatase para wong kafir ora pisan gampang ذَرۡنِي وَمَنۡ خَلَقۡتُ وَحِيدًا ١١Tona wae Ingsun dheweke karo wong kang wus Ingsun titahake وَجَعَلۡتُ لَهُۥ مَالًا مَّمۡدُودًا ١٢Lan wis Ingsun paringi bandha kang omber وَبَنِينَ شُهُودًا ١٣Uga Ingsun paringin anak lanang akeh padha nglumpuk وَمَهَّدتُّ لَهُۥ تَمۡهِيدًا ١٤Tuwin perkarane Ingsun tata sarwa tumata ثُمَّ يَطۡمَعُ أَنۡ أَزِيدَ ١٥Ewa dene dheweke isih angajab Ingsun wuwuhana كـَلَّآۖ إِنَّهُۥ كَانَ لِأٓيَٰتِنَا عَنِيدًا ١٦Ora pisan - pisan! Sayekti dheweke amilawani timbalan - timbalan Ingsun سَأُرۡهِقُهُۥ صَعُودًا ١٧Ingsun bakal anibakake siksa kang nyusahake marang dheweke إِنَّهُۥ فَكَّرَ وَقَدَّرَ ١٨Sayekti, dheweke mikir - mikir sarta anetepake فَقُتِلَ كَيۡفَ قَدَّرَ ١٩Ananging marga siniku, kapriye anggone netepake ثُمَّ قُتِلَ كَيۡفَ قَدَّرَ ٢٠Maneh, muga siniku kapriye anggone netepake ثُمَّ نَظَرَ ٢١Banjur angawasake ثُمَّ عَبَسَ وَبَسَرَ ٢٢Tumuli mrengut sarta nyawang sumengit ثُمَّ أَدۡبَرَ وَٱسۡتَكۡبَرَ ٢٣Banjur mungkur sarta gumedhe فَقَالَ إِنۡ هَٰذَآ إِلَّا سِحۡرٌ يُؤۡثَرُ ٢٤Banjur celathu, "Al-Quran iki ora liya kajaba sihir kang disinau (saka wong - wong biyen) إِنۡ هَٰذَآ إِلَّا قَوۡلُ ٱلۡبَشَرِ ٢٥(Al-Quran) iki ora liya mung pangucaping manungsa wae سَأُصۡلِيهِ سَقَرَ ٢٦Dheweke bakal Ingsun cemplungake neraka saqar وَمَآ أَدۡرَىٰكَ مَا سَقَرُ ٢٧Kapriye panemunira, apa kang aran neraka saqar لَا تُبۡقِي وَلَا تَذَرُ ٢٨Neraka saqar mau ora ngawetake, sadhengah kang kacemplung ing kono mesthi rusak لَوَّاحَةٌ لِّلۡبَشَرِ ٢٩Tur gosongake kulit عَلَيۡهَا تِسۡعَةَ عَشَرَ ٣٠Ing kono ana (Malaikat) kang anjaga وَمَا جَعَلۡنَآ أَصۡحَٰبَ ٱلنَّارِ إِلَّا مَلَٰٓئِكَةًۖ وَمَا جَعَلۡنَا عِدَّتَهُمۡ إِلَّا فِتۡنَةً لِّلَّذِينَ كَفَرُواْ لِيَسۡتَيۡقِنَ ٱلَّذِينَ أُوتُواْ ٱلۡكِتَٰبَ وَيَزۡدَادَ ٱلَّذِينَ ءَامَنُوٓاْ إِيمَٰنًا وَلَا يَرۡتَابَ ٱلَّذِينَ أُوتُواْ ٱلۡكِتَٰبَ وَٱلۡمُؤۡمِنُونَ وَلِيَقُولَ ٱلَّذِينَ فِي قُلُوبِهِم مَّرَضٌ وَٱلۡكَٰفِرُونَ مَاذَآ أَرَادَ ٱللَّهُ بِهَٰذَا مَثَلًاۚ كَذَٰلِكَ يُضِلُّ ٱللَّهُ مَن يَشَآءُ وَيَهۡدِي مَن يَشَآءُۚ وَمَا يَعۡلَمُ جُنُودَ رَبِّكَ إِلَّا هُوَۚ وَمَا هِيَ إِلَّا ذِكۡرَىٰ لِلۡبَشَرِ ٣١Lan ora liya kajaba Malaikat kang Ingsun dadekake panjaganing geni, sarta wilangane iku ora liya kajaba mung Ingsun dadekake coba tumrap wong kang padha kafir, supaya para kang kaparingan Kitab padha yakin, sarta para kang padha iman pada wuwuh imane, apa dene (supaya) ora padha semang - semang para kang kaparingan kitab lan para mukminin, sarta supaya para kang sajeroning atine ana lelarane sarta para kafir padha elathir: apa ta kersaning Allah andamel sanepa iki? Iya kaya mangkono iku anggone Allah andadekake sasare sapa kang dadi karsane, sarta aparing pituduh (marang) sapa sing dadi kersane, lan ora ana kang weruh wedyabalane Pangeranira kajaba mung Panjenengane, lan iki ora liya kajaba pepeling tumrap para manungsa كـَلَّا وَٱلۡقَمَرِ ٣٢Demi rembulan, wong kafir ora pisan ngistokake wewulanging al-Quran وَٱلَّيۡلِ إِذۡ أَدۡبَرَ ٣٣Demi wengi nalikane mungkur وَٱلصُّبۡحِ إِذَآ أَسۡفَرَ ٣٤Demi wajah Shubuh nalikane padhang إِنَّهَا لَإِحۡدَى ٱلۡكُبَرِ ٣٥Temen neraka Saqar iku ewone bebaya kang gedhe نَذِيرًا لِّلۡبَشَرِ ٣٦Kanggo medheni marang manungsa لِمَن شَآءَ مِنكُمۡ أَن يَتَقَدَّمَ أَوۡ يَتَأَخَّرَ ٣٧Tumrap wong kancanira kang arep maju pracaya (al-Quran) utawa mundur ora pracaya كُلُّ نَفۡسِۭ بِمَا كَسَبَتۡ رَهِينَةٌ ٣٨Sarupaning awak iku kaiket (tanggung jawab) karo sabarang panggawene إِلَّآ أَصۡحَٰبَ ٱلۡيَمِينِ ٣٩Kajaba para kang ana ing tangan tengen فِي جَنَّٰتٍ يَتَسَآءَلُونَ ٤٠Ana sajeroning patamanan bakal padha takon - takon عَنِ ٱلۡمُجۡرِمِينَ ٤١Prakara wong kang padha dosa مَا سَلَكَكُمۡ فِي سَقَرَ ٤٢Punapa marganipun sampeyan wonten ing salebeting neraka قَالُواْ لَمۡ نَكُ مِنَ ٱلۡمُصَلِّينَ ٤٣Bakal padha mangsuli, "Kula punika sanes golonganipun tiyang ingkang sami sholat وَلَمۡ نَكُ نُطۡعِمُ ٱلۡمِسۡكِينَ ٤٤Lan kula boten nate nyukani tedha tiyang miskin وَكُنَّا نَخُوضُ مَعَ ٱلۡخَآئِضِينَ ٤٥Sarta damel kula omong lelahanan kaliyan tiyang ingkang damelipun omong lelahanan وَكُنَّا نُكَذِّبُ بِيَوۡمِ ٱلدِّينِ ٤٦Sarta kula punika mahiben badhe kalampahipun dinten piwale حَتَّىٰٓ أَتَىٰنَا ٱلۡيَقِينُ ٤٧Ngantos datengipun pejah kula فَمَا تَنفَعُهُمۡ شَفَٰعَةُ ٱلشَّٰفِعِينَ ٤٨(Pangendikaning Allah) Mulane syafa'ate para juru syafaat ora bakal migunani marang dheweke فَمَا لَهُمۡ عَنِ ٱلتَّذۡكِرَةِ مُعۡرِضِينَ ٤٩Lan apa ta pakolehe anggone wong mau padha lumuh nistakake saka pepeling (al-Quran) كَأَنَّهُمۡ حُمُرٌ مُّسۡتَنفِرَةٌ ٥٠Kaya dene kuldi (keledai liar) kang kaget فَرَّتۡ مِن قَسۡوَرَةِۭ ٥١Kan anggeblas ngoncati: singo barong بَلۡ يُرِيدُ كُلُّ ٱمۡرِيٍٕ مِّنۡهُمۡ أَن يُؤۡتَىٰ صُحُفًا مُّنَشَّرَةً ٥٢Balik dheweke, siji - sijine padha angajab diparingana dhewe - dhewe lembaran kang ginelar كـَلَّاۖ بَل لَّا يَخَافُونَ ٱلۡأٓخِرَةَ ٥٣Ora bakal (dipituruti panjaluke) balik dheweke padha ora wedi marang akherat كـَلَّآ إِنَّهُۥ تَذۡكِرَةٌ ٥٤Temen iku sawijining pepeling فَمَن شَآءَ ذَكَرَهُۥ ٥٥Lah sapa sing gelem, angelangana iku وَمَا يَذۡكُرُونَ إِلَّآ أَن يَشَآءَ ٱللَّهُۚ هُوَ أَهۡلُ ٱلتَّقۡوَىٰ وَأَهۡلُ ٱلۡمَغۡفِرَةِ ٥٦Lan ora bakal padha angelingi, kejaba sing dadi kaparenging Allah. Panjenengane iku panthes diestokake dhawuhe lan pantes aparing pangapura

Translation: Unknown.