Millat al-Islam

Chapter 75 · 40 verses · Unknown

Surah Al-Qiyama in Javanese

Arabic with tafsir Listen to Surah Al-Qiyama (1375 reciters)

بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ

لَآ أُقۡسِمُ بِيَوۡمِ ٱلۡقِيَٰمَةِ ١Ingsun supata, "Dhemi dina qiyamat وَلَآ أُقۡسِمُ بِٱلنَّفۡسِ ٱللَّوَّامَةِ ٢Lan uga supata, "Demi Nafsu Lawwamah (Jiwa sing gela) أَيَحۡسَبُ ٱلۡإِنسَٰنُ أَلَّن نَّجۡمَعَ عِظَامَهُۥ ٣Apa manungsa ngira, yen Ingsun ora bisa nglumpukake balunge kang wis pisah - pisah بَلَىٰ قَٰدِرِينَ عَلَىٰٓ أَن نُّسَوِّيَ بَنَانَهُۥ ٤Luput panyanane, Ingsun kawasa mulihake kabeh drijine kaya mahu - mahune بَلۡ يُرِيدُ ٱلۡإِنسَٰنُ لِيَفۡجُرَ أَمَامَهُۥ ٥Nanging manungsa karepe arep gorohake barang kang ana ngarepe يَسۡـَٔلُ أَيَّانَ يَوۡمُ ٱلۡقِيَٰمَةِ ٦Dheweke takon, "Kapan ta dina Qiyamat iku فَإِذَا بَرِقَ ٱلۡبَصَرُ ٧Nanging bareng pandelenge wus blawur وَخَسَفَ ٱلۡقَمَرُ ٨Lan rembulan ilang pencoronge وَجُمِعَ ٱلشَّمۡسُ وَٱلۡقَمَرُ ٩Apa dene srengenge lan rembulan padha metu saka kulon يَقُولُ ٱلۡإِنسَٰنُ يَوۡمَئِذٍ أَيۡنَ ٱلۡمَفَرُّ ١٠Ing dina iku manungsa padha celathu, "Aku ngungsi mlayu menyang ngendhi كـَلَّا لَا وَزَرَ ١١Mangsa oleha pangungsen ing dina iku ora ana pangungsen إِلَىٰ رَبِّكَ يَوۡمَئِذٍ ٱلۡمُسۡتَقَرُّ ١٢Ing dina iku bakal mung marang Pangeranira dununging palerenan يُنَبَّؤُاْ ٱلۡإِنسَٰنُ يَوۡمَئِذِۭ بِمَا قَدَّمَ وَأَخَّرَ ١٣Ing dina iku manungsa bakal diwartani sabarang panggawene kang didhisikake lan (sabarang) kang dikerekake بَلِ ٱلۡإِنسَٰنُ عَلَىٰ نَفۡسِهِۦ بَصِيرَةٌ ١٤Siji - sijining manungsa padha weruh lakone dhewe - dhewe وَلَوۡ أَلۡقَىٰ مَعَاذِيرَهُۥ ١٥Sanadyan ta ngandhakake alangane لَا تُحَرِّكۡ بِهِۦ لِسَانَكَ لِتَعۡجَلَ بِهِۦٓ ١٦Lisanira aja kumecap (ngunekake al-Quran)sadurunge rampung pamacane (Malaikat Jibril murih gelis - gelis apal al-Quran mau) إِنَّ عَلَيۡنَا جَمۡعَهُۥ وَقُرۡءَانَهُۥ ١٧Marga Ingsun kang bakal ngalumpukake al-Quran mau ana ing atinira dalah sawacane pisan فَإِذَا قَرَأۡنَٰهُ فَٱتَّبِعۡ قُرۡءَانَهُۥ ١٨Nalikane Ingsun wis rampung macakake al-Quran marang sira, nuli sira macaa (aja sira barengi) ثُمَّ إِنَّ عَلَيۡنَا بَيَانَهُۥ ١٩Sawise mangkono, Ingsun kang mesthi paring mangerti surasaning al-Quran marang sira كـَلَّا بَلۡ تُحِبُّونَ ٱلۡعَاجِلَةَ ٢٠Sira iku padha anesrani (aja kesusu) ananging sira seneng panguripan dunya وَتَذَرُونَ ٱلۡأٓخِرَةَ ٢١Lan nglirwakake akehrat وُجُوهٌ يَوۡمَئِذٍ نَّاضِرَةٌ ٢٢Ing dina iku akeh wong kang rahine bagus lan manis إِلَىٰ رَبِّهَا نَاظِرَةٌ ٢٣Padha andeleng Allah Pangerane وَوُجُوهٌ يَوۡمَئِذِۭ بَاسِرَةٌ ٢٤Lan uga akeh rahi ala tur suntrut تَظُنُّ أَن يُفۡعَلَ بِهَا فَاقِرَةٌ ٢٥Padha weruh yen siksa gedhe bakal dipatrapi marang dheweke كـَلَّآ إِذَا بَلَغَتِ ٱلتَّرَاقِيَ ٢٦Temen nalika ruh tinarik tekan gurung وَقِيلَ مَنۡۜ رَاقٍ ٢٧Sarta dicelathoni, "Sapa tukange nambani وَظَنَّ أَنَّهُ ٱلۡفِرَاقُ ٢٨Sarta dheweke yakin, yen iki (wayahe) pisah وَٱلۡتَفَّتِ ٱلسَّاقُ بِٱلسَّاقِ ٢٩Sikile kang siji dhempet karo sikil sijine إِلَىٰ رَبِّكَ يَوۡمَئِذٍ ٱلۡمَسَاقُ ٣٠Ing dina iku wayahe dituntun marang ngarsane Pangeranira فَلَا صَدَّقَ وَلَا صَلَّىٰ ٣١Wis ira bisa pracaya (Rosul lan Al-Quran) lan ora bisa shalat kang migunani وَلَٰكِن كَذَّبَ وَتَوَلَّىٰ ٣٢Nanging maido (al-Quran) lan mlengos saka dalan bener ثُمَّ ذَهَبَ إِلَىٰٓ أَهۡلِهِۦ يَتَمَطَّىٰٓ ٣٣Banjur menyang ngomahe sanake, lakune gumedhe أَوۡلَىٰ لَكَ فَأَوۡلَىٰ ٣٤Cilako kanggomu (wong kafir) tur rambah - rambah ثُمَّ أَوۡلَىٰ لَكَ فَأَوۡلَىٰٓ ٣٥Nuli cilaka tur rambah - rambah (tumrap sira wong kafir) أَيَحۡسَبُ ٱلۡإِنسَٰنُ أَن يُتۡرَكَ سُدًى ٣٦Apa manungsa ngira yen bakal ditokake wae أَلَمۡ يَكُ نُطۡفَةً مِّن مَّنِيٍّ يُمۡنَىٰ ٣٧Apa dheweke iku maune dudu nutfah wijining urip kang tinetesake (ing rahim) ثُمَّ كَانَ عَلَقَةً فَخَلَقَ فَسَوَّىٰ ٣٨Banjur dadi getih kenthel, tumuli Panjenengane anitahake (dheweke) sarta dadekake sampurna فَجَعَلَ مِنۡهُ ٱلزَّوۡجَيۡنِ ٱلذَّكَرَ وَٱلۡأُنثَىٰٓ ٣٩Banjur Panjenengane dadekake saka iku mau dadi rong jenis, jenis lanang lan jenis wadon أَلَيۡسَ ذَٰلِكَ بِقَٰدِرٍ عَلَىٰٓ أَن يُحۡـِۧيَ ٱلۡمَوۡتَىٰ ٤٠Apa Panjenengane ora bisa nguripake wong kang wis padha mati? (Kawasa banget)

Translation: Unknown.