بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ
وَٱلۡمُرۡسَلَٰتِ عُرۡفًا ١Dhemi para Malaikat kang diutus kelawan (anggawa) kabecikan فَٱلۡعَٰصِفَٰتِ عَصۡفًا ٢Lan (para Malaikat) mabur rikat banget وَٱلنَّٰشِرَٰتِ نَشۡرًا ٣Kang nyebar (rahmate Pangeran) kanthi sak ratane فَٱلۡفَٰرِقَٰتِ فَرۡقًا ٤Kang ambedakake (kang bener lan luput) kanthi cetha فَٱلۡمُلۡقِيَٰتِ ذِكۡرًا ٥Demi malaikat kang nurunake wahyu (marang para rasul) عُذۡرًا أَوۡ نُذۡرًا ٦Ngapura marang wong tobat, lan apepeling إِنَّمَا تُوعَدُونَ لَوَٰقِعٌ ٧Sayekti siksa kang diancamake marang sira iku mesthi kelakon فَإِذَا ٱلنُّجُومُ طُمِسَتۡ ٨Besuk nalikane lintang padha ilang cahayane وَإِذَا ٱلسَّمَآءُ فُرِجَتۡ ٩Lan nalikane langit sigar وَإِذَا ٱلۡجِبَالُ نُسِفَتۡ ١٠Lan nalikane gunung padha manculat وَإِذَا ٱلرُّسُلُ أُقِّتَتۡ ١١Lan nalikane para Rosul padha dikelumpukake ing mangsa kang tinamtu لِأَيِّ يَوۡمٍ أُجِّلَتۡ ١٢(Niscaya dipun dangu dateng para rosul mau) Dina apa anggone tinamtokake mau لِيَوۡمِ ٱلۡفَصۡلِ ١٣Marang dina putusan وَمَآ أَدۡرَىٰكَ مَا يَوۡمُ ٱلۡفَصۡلِ ١٤Piye panemumu, dina pancasan iku apa وَيۡلٌ يَوۡمَئِذٍ لِّلۡمُكَذِّبِينَ ١٥Ing dina iku para wong kafir kang padha maido al-Quran cilaka banget أَلَمۡ نُهۡلِكِ ٱلۡأَوَّلِينَ ١٦Apa Ingsun durung numpes para wong kafir ing zaman kuna ثُمَّ نُتۡبِعُهُمُ ٱلۡأٓخِرِينَ ١٧Wong kafir ing zaman wekasan uga bakal Ingsun balekake كَذَٰلِكَ نَفۡعَلُ بِٱلۡمُجۡرِمِينَ ١٨Ing tembe sarupane wong kafir uga bakal Ingsun tindakake kaya mangkono وَيۡلٌ يَوۡمَئِذٍ لِّلۡمُكَذِّبِينَ ١٩Ing dina qiyamat iku (wongkafir kang maido al-Quran) cilaka banget أَلَمۡ نَخۡلُقكُّم مِّن مَّآءٍ مَّهِينٍ ٢٠Apa sira iku ora Ingsun titahake saka banyu kang ina فَجَعَلۡنَٰهُ فِي قَرَارٍ مَّكِينٍ ٢١Banjur Ingsun papanake ing palerenan kang aman/kokoh (rahim) إِلَىٰ قَدَرٍ مَّعۡلُومٍ ٢٢Nganti tekan titi mangsa kang tinamtu (lahire jabang bayi) فَقَدَرۡنَا فَنِعۡمَ ٱلۡقَٰدِرُونَ ٢٣Lan Ingsun nemtokake ukurane, saiba sampurnane anggon Ingsun namtokake ukuran samu barang وَيۡلٌ يَوۡمَئِذٍ لِّلۡمُكَذِّبِينَ ٢٤Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang gorohake أَلَمۡ نَجۡعَلِ ٱلۡأَرۡضَ كِفَاتًا ٢٥Ingsun apa ora wis gawe bumi iki dadi wadhah أَحۡيَآءً وَأَمۡوَٰتًا ٢٦Wadhahe wong urip lan wong mati وَجَعَلۡنَا فِيهَا رَوَٰسِيَ شَٰمِخَٰتٍ وَأَسۡقَيۡنَٰكُم مَّآءً فُرَاتًا ٢٧Bumi mau Ingsun dokoki gunung kang dhuwur - dhuwur, lan diparingi omben - omben banyu tawa وَيۡلٌ يَوۡمَئِذٍ لِّلۡمُكَذِّبِينَ ٢٨Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake ٱنطَلِقُوٓاْ إِلَىٰ مَا كُنتُم بِهِۦ تُكَذِّبُونَ ٢٩Lungoa marang apa kang sira gorohake ٱنطَلِقُوٓاْ إِلَىٰ ظِلٍّ ذِي ثَلَٰثِ شُعَبٍ ٣٠Lungoa marang aling - aling kang cawang telu لَّا ظَلِيلٍ وَلَا يُغۡنِي مِنَ ٱللَّهَبِ ٣١Kukus mau ora pisan - pisan bisa ngeyubi saka panase dina iku, lan ora bisa nyuda panase geni neraka إِنَّهَا تَرۡمِي بِشَرَرٍ كَٱلۡقَصۡرِ ٣٢Urube geni neraka mau mulad - mulad dhuwure padha omah كَأَنَّهُۥ جِمَٰلَتٌ صُفۡرٌ ٣٣Akehe lan warnane kaya dhadhung ing perahu, ireng semu kuning وَيۡلٌ يَوۡمَئِذٍ لِّلۡمُكَذِّبِينَ ٣٤Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake هَٰذَا يَوۡمُ لَا يَنطِقُونَ ٣٥Iki dina sing dheweke ora bakal guneman وَلَا يُؤۡذَنُ لَهُمۡ فَيَعۡتَذِرُونَ ٣٦Ora ana kang diparengake ngaturake sabab kaluputan, dadi ora ana kang ngaturake sababing kaluputan وَيۡلٌ يَوۡمَئِذٍ لِّلۡمُكَذِّبِينَ ٣٧Bilaiing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake هَٰذَا يَوۡمُ ٱلۡفَصۡلِۖ جَمَعۡنَٰكُمۡ وَٱلۡأَوَّلِينَ ٣٨Iki dina pancasan. Ingsun angumpulake sira karo umat kang dhisik فَإِن كَانَ لَكُمۡ كَيۡدٌ فَكِيدُونِ ٣٩Lan manawa sira duwe upaya, tamakna upayanira marang Ingsun وَيۡلٌ يَوۡمَئِذٍ لِّلۡمُكَذِّبِينَ ٤٠Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake إِنَّ ٱلۡمُتَّقِينَ فِي ظِلَٰلٍ وَعُيُونٍ ٤١Sayekti para kang anjaga dirine (saka ala) bakal dumunung ing panggonan kang ayom lan akeh sumber - sumbere وَفَوَٰكِهَ مِمَّا يَشۡتَهُونَ ٤٢Lan ana woh - wohane akeh tur warna - warna, kang menginake lan enak كُلُواْ وَٱشۡرَبُواْ هَنِيٓـَٔۢا بِمَا كُنتُمۡ تَعۡمَلُونَ ٤٣Mara padha mangana lan ngombea kang enak, minangka ganjarane pangabekti kang wis padha sira lakoni biyen إِنَّا كَذَٰلِكَ نَجۡزِي ٱلۡمُحۡسِنِينَ ٤٤Ingsun paring ganjaran marang wong kang padha ngelakoni pangabekti kang wis padha sira lakoni biyen وَيۡلٌ يَوۡمَئِذٍ لِّلۡمُكَذِّبِينَ ٤٥Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake كُلُواْ وَتَمَتَّعُواْ قَلِيلًا إِنَّكُم مُّجۡرِمُونَ ٤٦(hei para kafir!) Sira padha mangana lan bungah - bungah sadhela sayekti sira iku wong dosa وَيۡلٌ يَوۡمَئِذٍ لِّلۡمُكَذِّبِينَ ٤٧Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake وَإِذَا قِيلَ لَهُمُ ٱرۡكَعُواْ لَا يَرۡكَعُونَ ٤٨Nalika didhawuhi, "Padha Shalata!" padha mopo ora gelem sholat وَيۡلٌ يَوۡمَئِذٍ لِّلۡمُكَذِّبِينَ ٤٩Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake فَبِأَيِّ حَدِيثِۭ بَعۡدَهُۥ يُؤۡمِنُونَ ٥٠Lah sawise iki marang pawarta endi dheweke (wong kafir) bakal padha angestu