Millat al-Islam

Chapter 78 · 40 verses · Unknown

Surah An-Naba in Javanese

Arabic with tafsir Listen to Surah An-Naba (1413 reciters)
Meccanسورة النبأ40 verses

بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ

عَمَّ يَتَسَآءَلُونَ ١Padha takon - tinakon perkara apa dheweke (si kafir) عَنِ ٱلنَّبَإِ ٱلۡعَظِيمِ ٢Padha takon bab pawarto gedhe ٱلَّذِي هُمۡ فِيهِ مُخۡتَلِفُونَ ٣Panemune bab pawarta mau beda - beda كـَلَّا سَيَعۡلَمُونَ ٤Besuk wong mau bakal padha weruh nyatane ثُمَّ كـَلَّا سَيَعۡلَمُونَ ٥Sayekti wong mau bakal padha weruh nyatane أَلَمۡ نَجۡعَلِ ٱلۡأَرۡضَ مِهَٰدًا ٦Ingsun apa ora wis gawe bumi dadi panggonan وَٱلۡجِبَالَ أَوۡتَادًا ٧Sarta gunung - gung minangka gegeneng وَخَلَقۡنَٰكُمۡ أَزۡوَٰجًا ٨Lan Ingsun gawe awakira jodhon - jodhon وَجَعَلۡنَا نَوۡمَكُمۡ سُبَاتًا ٩Lan Ingsun dadekake anggonira turu kapenak (kanggo ngaso) وَجَعَلۡنَا ٱلَّيۡلَ لِبَاسًا ١٠Lan Ingsun dadekake wengi minangka tutup (pakaian) وَجَعَلۡنَا ٱلنَّهَارَ مَعَاشًا ١١Lan Ingsun dadekake awan mingonko pangupa jiwa وَبَنَيۡنَا فَوۡقَكُمۡ سَبۡعًا شِدَادًا ١٢Lan Ingsun dadekake langit pitu luwih dening santosa ing duwurira وَجَعَلۡنَا سِرَاجًا وَهَّاجًا ١٣Lan Ingsun dadekake cahya madangi lan panas hiya iku srengenge وَأَنزَلۡنَا مِنَ ٱلۡمُعۡصِرَٰتِ مَآءً ثَجَّاجًا ١٤Lan Ingsun nurunake banyu udan kang deres saka mendhung لِّنُخۡرِجَ بِهِۦ حَبًّا وَنَبَاتًا ١٥Ingsun anggo nulake tethukulan sarta nganakake woh lan wiji وَجَنَّٰتٍ أَلۡفَافًا ١٦Apa dene palemahan kang kebak tetanduran إِنَّ يَوۡمَ ٱلۡفَصۡلِ كَانَ مِيقَٰتًا ١٧Dina pancasaning prakara iku wayahe maringi ganjaran lan mratapi siksa يَوۡمَ يُنفَخُ فِي ٱلصُّورِ فَتَأۡتُونَ أَفۡوَاجًا ١٨Dinane malaikat niyup slompret banjur sira padha teka panthan - panthan وَفُتِحَتِ ٱلسَّمَآءُ فَكَانَتۡ أَبۡوَٰبًا ١٩Langit padha sigar banjur dadi lawang pirang - pirang وَسُيِّرَتِ ٱلۡجِبَالُ فَكَانَتۡ سَرَابًا ٢٠Sarupane gunung padha mlaku entheng - entheng kaya andhek - andhek hamun - hamun (fatamorgana) إِنَّ جَهَنَّمَ كَانَتۡ مِرۡصَادًا ٢١Sayekti neraka jahanam wis sumadiya لِّلطَّٰغِينَ مَـَٔابًا ٢٢Dadi panggonan tetep tumrap para wong kafir لَّٰبِثِينَ فِيهَآ أَحۡقَابًا ٢٣Padha manggon tetahunan tanpa wekasan لَّا يَذُوقُونَ فِيهَا بَرۡدًا وَلَا شَرَابًا ٢٤Ana kono ora bakal weruh rasane adhem utawa omben - omben إِلَّا حَمِيمًا وَغَسَّاقًا ٢٥Kejaba ngombe wedang kang panas banget lan banyu adhem jekut banget جَزَآءً وِفَاقًا ٢٦Iku patrapan kang wurwat (karo kaluputhe) إِنَّهُمۡ كَانُواْ لَا يَرۡجُونَ حِسَابًا ٢٧Amarga padha maido lan ora wedi bakal ditimbang ala-becike وَكَذَّبُواْ بِـَٔايَٰتِنَا كِذَّابًا ٢٨Pada maido al-Quran ayatingsun وَكُلَّ شَيۡءٍ أَحۡصَيۡنَٰهُ كِتَٰبًا ٢٩Samu barang lelakone manungsa, Ingsun cacahake ganep tinulis (ana ing kitab) فَذُوقُواْ فَلَن نَّزِيدَكُمۡ إِلَّا عَذَابًا ٣٠Mulane padha ngrasakna siksa! amarga Ingsun ora amuwuhi apa - apa marang sira kajaba siksa إِنَّ لِلۡمُتَّقِينَ مَفَازًا ٣١Sayekti para kang jaga dirine (saka ing ala) padha oleh pangginan kabegjan حَدَآئِقَ وَأَعۡنَٰبًا ٣٢Patamanan lan kebon anggur pirang - pirang وَكَوَاعِبَ أَتۡرَابًا ٣٣Lan widadari pirang - pirang kang padha tedhenge birahi (seyuswa/seumuran) وَكَأۡسًا دِهَاقًا ٣٤Lan gelas - gelas kang kebak (isi ombenan) / Lan pinggan kang suci لَّا يَسۡمَعُونَ فِيهَا لَغۡوًا وَلَا كِذَّٰبًا ٣٥Ora tau krungu pangucap ala lan pamaido جَزَآءً مِّن رَّبِّكَ عَطَآءً حِسَابًا ٣٦Ganjaran saka Pangeranira murwat karo pangabektinira رَّبِّ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِ وَمَا بَيۡنَهُمَا ٱلرَّحۡمَٰنِۖ لَا يَمۡلِكُونَ مِنۡهُ خِطَابًا ٣٧Pangeranira iku Pangerane langit lan bumi lan kang ana antarane kang Maha Murah, ora ono kang wenang munjuk ong Allah yen ora dadi parenging kersane يَوۡمَ يَقُومُ ٱلرُّوحُ وَٱلۡمَلَٰٓئِكَةُ صَفًّاۖ لَّا يَتَكَلَّمُونَ إِلَّا مَنۡ أَذِنَ لَهُ ٱلرَّحۡمَٰنُ وَقَالَ صَوَابًا ٣٨Dinane ruh lan para malaekat padha ngadek aba barisan, ora wani munjuk ing Allah kajaba kang diparengake dening Pangeran kang Maha Murah lan kunjuke bener ذَٰلِكَ ٱلۡيَوۡمُ ٱلۡحَقُّۖ فَمَن شَآءَ ٱتَّخَذَ إِلَىٰ رَبِّهِۦ مَـَٔابًا ٣٩Hiya iku dina kang mesthi bener kelakone, sing sapa gelem ngabekti ing Allah Pangerane إِنَّآ أَنذَرۡنَٰكُمۡ عَذَابًا قَرِيبًا يَوۡمَ يَنظُرُ ٱلۡمَرۡءُ مَا قَدَّمَتۡ يَدَاهُ وَيَقُولُ ٱلۡكَافِرُ يَٰلَيۡتَنِي كُنتُ تُرَٰبَۢا ٤٠Sayekti Ingsun paring pepeling marang sira siksa kang cepak, dinane manungsa deleng panggawening tangan lorone kang dhisik - dhisik, sarta (kang ing kono) para kafir bakal padha ngucap, "Dhuh!, bok iya aku iki dadiya lemah wae

Translation: Unknown.