بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ
وَٱلضُّحَىٰ ١Dhemi wayah esuk وَٱلَّيۡلِ إِذَا سَجَىٰ ٢Lan wengi nalikane peteng مَا وَدَّعَكَ رَبُّكَ وَمَا قَلَىٰ ٣Pangeranira ora ninggal sira lan ora duka marang sira وَلَلۡأٓخِرَةُ خَيۡرٌ لَّكَ مِنَ ٱلۡأُولَىٰ ٤Tumraping sira akherat iku luwih becik tinimbang donya وَلَسَوۡفَ يُعۡطِيكَ رَبُّكَ فَتَرۡضَىٰٓ ٥Lan Pangeranira bakal enggal apaparing marang sira, supaya sira rena (lega) أَلَمۡ يَجِدۡكَ يَتِيمًا فَـَٔاوَىٰ ٦Apa Alah ora uninga yen sira iku bocah yatim, banjur aparing pangayoman وَوَجَدَكَ ضَآلًّا فَهَدَىٰ ٧Allah nguningani yen sira iku bingung nuli dituduhake dalan (pituduh) وَوَجَدَكَ عَآئِلًا فَأَغۡنَىٰ ٨Allah nguningani yen sira iku ora duwe nuli disugihake فَأَمَّا ٱلۡيَتِيمَ فَلَا تَقۡهَرۡ ٩Dene bocah yatim iku aja sira kanihaya وَأَمَّا ٱلسَّآئِلَ فَلَا تَنۡهَرۡ ١٠Lan yen ana wong jejaluk, aja sira nulak وَأَمَّا بِنِعۡمَةِ رَبِّكَ فَحَدِّثۡ ١١Peparinge Pangeranira kabungahan sira handhak-kandhakna