بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ
وَٱلَّيۡلِ إِذَا يَغۡشَىٰ ١Demi wengi nalikane nutupi awan kelawan petenge وَٱلنَّهَارِ إِذَا تَجَلَّىٰ ٢Lan awan nalikane lahir gumelar وَمَا خَلَقَ ٱلذَّكَرَ وَٱلۡأُنثَىٰٓ ٣Sarta tumitahing lanang lan wadon إِنَّ سَعۡيَكُمۡ لَشَتَّىٰ ٤Satemene lakunira para manungsa, beda - beda فَأَمَّا مَنۡ أَعۡطَىٰ وَٱتَّقَىٰ ٥Dene sapa wongkang we-wehsarta anjaga dirine (saka ala) وَصَدَّقَ بِٱلۡحُسۡنَىٰ ٦Lan benerake kang becik فَسَنُيَسِّرُهُۥ لِلۡيُسۡرَىٰ ٧Bakal Ingsun gampangake marang kawusanan kang gampang وَأَمَّا مَنۢ بَخِلَ وَٱسۡتَغۡنَىٰ ٨Dene wong kang kumed (cethil) sarta rumangsa ora butuh (marang Allah) وَكَذَّبَ بِٱلۡحُسۡنَىٰ ٩Apa dene nampik barang kang becik فَسَنُيَسِّرُهُۥ لِلۡعُسۡرَىٰ ١٠Bakal Ingsun gampangake marang kawusanan kang angel وَمَا يُغۡنِي عَنۡهُ مَالُهُۥٓ إِذَا تَرَدَّىٰٓ ١١Bandhane ora migunani apa - apa manawa dheweke wis sirna إِنَّ عَلَيۡنَا لَلۡهُدَىٰ ١٢Sayekti nuduhake dalan iku tanggungan Ingsun وَإِنَّ لَنَا لَلۡأٓخِرَةَ وَٱلۡأُولَىٰ ١٣Lan sayekti akherat sarta dunya iku Ingsun kang kagungan فَأَنذَرۡتُكُمۡ نَارًا تَلَظَّىٰ ١٤Mulane Ingsun ngelengake marang sira, geni kang mulad - mulad لَا يَصۡلَىٰهَآ إِلَّا ٱلۡأَشۡقَى ١٥Ora mlebu mrunu kejaba kang banget cilaka ٱلَّذِي كَذَّبَ وَتَوَلَّىٰ ١٦Kang maido kasunyatan lan mlengos وَسَيُجَنَّبُهَا ٱلۡأَتۡقَى ١٧Lan bakal diedohake saka wong kang banget anggone anjaga dhirine (saka ing ala) ٱلَّذِي يُؤۡتِي مَالَهُۥ يَتَزَكَّىٰ ١٨Kang mewehake bandhane, anuceni dirine وَمَا لِأَحَدٍ عِندَهُۥ مِن نِّعۡمَةٍ تُجۡزَىٰٓ ١٩Ora ana wong siji kang oleh ganjaran kabungan ana ngarsane Allah إِلَّا ٱبۡتِغَآءَ وَجۡهِ رَبِّهِ ٱلۡأَعۡلَىٰ ٢٠Kajaba yen anggone ngelakoni kabecikan, murih keparenge Pangeran kang Maha Luhur وَلَسَوۡفَ يَرۡضَىٰ ٢١Ing tembe bakal lega atine nampani ganjaran