بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ
حمٓ ١Haa miim وَٱلۡكِتَٰبِ ٱلۡمُبِينِ ٢Demi Kitab Al-Quran kang nerangake إِنَّآ أَنزَلۡنَٰهُ فِي لَيۡلَةٍ مُّبَٰرَكَةٍۚ إِنَّا كُنَّا مُنذِرِينَ ٣Ingsun nurunake kitab al-Quran mau ana ing wengi kang berkah, Ingsun ngelingake manungsa kelawan al-Quran فِيهَا يُفۡرَقُ كُلُّ أَمۡرٍ حَكِيمٍ ٤Sarupaning perkara kang tinamtokake padha dipilah - pilan kanthi wicaksana أَمۡرًا مِّنۡ عِندِنَآۚ إِنَّا كُنَّا مُرۡسِلِينَ ٥Dipilah - pilah terang saka Ingsun, Ingsun kang ngutus para Rasul رَحۡمَةً مِّن رَّبِّكَۚ إِنَّهُۥ هُوَ ٱلسَّمِيعُ ٱلۡعَلِيمُ ٦Minangka sih piwalesing Pangeranira, satemene Allah iku mireng tur nguningani samu barang رَبِّ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِ وَمَا بَيۡنَهُمَآۖ إِن كُنتُم مُّوقِنِينَ ٧Kang ngratoni bumi lan langit lan samu barang kang ana antarane, menawa sira wis terang (yakin) لَآ إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ يُحۡيِۦ وَيُمِيتُۖ رَبُّكُمۡ وَرَبُّ ءَابَآئِكُمُ ٱلۡأَوَّلِينَ ٨Ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah kang nguripi lan mateni yaiku Pangeranira lan leluhurira ing zaman kuna biyen بَلۡ هُمۡ فِي شَكٍّ يَلۡعَبُونَ ٩(Wong kafir) padha mamang bakal uripe wong kang wis padha mati sarta nggeguyu فَٱرۡتَقِبۡ يَوۡمَ تَأۡتِي ٱلسَّمَآءُ بِدُخَانٍ مُّبِينٍ ١٠Sira mung ngentenana qiyamat nalika langit lan bumi ngetokake kebul ngebaki antarane langit lan bumi يَغۡشَى ٱلنَّاسَۖ هَٰذَا عَذَابٌ أَلِيمٌ ١١Kebul mau nampek manungsa, siksa kang nglarani رَّبَّنَا ٱكۡشِفۡ عَنَّا ٱلۡعَذَابَ إِنَّا مُؤۡمِنُونَ ١٢Manung mau banjur munjuk ing Allah, "Pangeran kawula, Paduka mugi ngluwarna kawula saking siksa punika, sapunika kula sami pitados أَنَّىٰ لَهُمُ ٱلذِّكۡرَىٰ وَقَدۡ جَآءَهُمۡ رَسُولٌ مُّبِينٌ ١٣Manungsa wis padha didhawuhi terang dening Rasul mulane nalika turuning siksa panelangsane ora migunani ثُمَّ تَوَلَّوۡاْ عَنۡهُ وَقَالُواْ مُعَلَّمٌ مَّجۡنُونٌ ١٤Banjur padha mlengos (marang Muhammad) Pangucape, "Iku muride wong edan إِنَّا كَاشِفُواْ ٱلۡعَذَابِ قَلِيلًاۚ إِنَّكُمۡ عَآئِدُونَ ١٥Hiyata, Ingsun hentas saka siksa sawetara, nanging sira banjur bali kafir maneh يَوۡمَ نَبۡطِشُ ٱلۡبَطۡشَةَ ٱلۡكُبۡرَىٰٓ إِنَّا مُنتَقِمُونَ ١٦Ing kono Ingsun niksa marang wong kafir sarana nandukake gegaman kelawan sengit ۞ وَلَقَدۡ فَتَنَّا قَبۡلَهُمۡ قَوۡمَ فِرۡعَوۡنَ وَجَآءَهُمۡ رَسُولٌ كَرِيمٌ ١٧Biyen sadurunge dheweke (wong Mekkah) Ingsun nyoba Fir'aun sabalane kang mulya (Musa lan Harun) أَنۡ أَدُّوٓاْ إِلَيَّ عِبَادَ ٱللَّهِۖ إِنِّي لَكُمۡ رَسُولٌ أَمِينٌ ١٨(Dhawuhe Musa), Para kawulane Allah, aku iki utusaning Pangeran, dipercaya nerangake marang kowe padha mituruta marang aku وَأَن لَّا تَعۡلُواْ عَلَى ٱللَّهِۖ إِنِّيٓ ءَاتِيكُم بِسُلۡطَٰنٍ مُّبِينٍ ١٩Lan kowe aja padha lumuhur - luhur ora gelem ngertekake dhawuhe Allah, tekaku iki kanthi tandha yekti kang terang. Mratandhani yen aku iki utusane Allah وَإِنِّي عُذۡتُ بِرَبِّي وَرَبِّكُمۡ أَن تَرۡجُمُونِ ٢٠Aku nyuwun pitulung ing Allah Pangeranku lan Pangeranmu aja nganti kok balangi watu وَإِن لَّمۡ تُؤۡمِنُواْ لِي فَٱعۡتَزِلُونِ ٢١Manawa kowe padha ora ngandel marang aku, mung aja nandukake pihala wae فَدَعَا رَبَّهُۥٓ أَنَّ هَٰٓؤُلَآءِ قَوۡمٌ مُّجۡرِمُونَ ٢٢(Musa) munjuk ing Pangerane mratelakake yen Fir'aun sabalane padha puguh kafir (muga ditindakna ana kang dadi bener) فَأَسۡرِ بِعِبَادِي لَيۡلًا إِنَّكُم مُّتَّبَعُونَ ٢٣(Dhawuhing Allah marang Musa), "Sira lan para kawulaningsun padha lungaa (saka Mesir) mangkata ing wayah wengi sira bakal diburu وَٱتۡرُكِ ٱلۡبَحۡرَ رَهۡوًاۖ إِنَّهُمۡ جُندٌ مُّغۡرَقُونَ ٢٤Menawa sira tekan segara gitikna kelawan tekenira banyune mesthi piyak. Satemene Firaun sabalane bakal Ingsun tungkepi banyu ana satengahe segara كَمۡ تَرَكُواْ مِن جَنَّٰتٍ وَعُيُونٍ ٢٥Fir'aun ninggal palemahan lan kali pirang - pirang kang mili (ing Mesir) وَزُرُوعٍ وَمَقَامٍ كَرِيمٍ ٢٦Lan ninggal tetanduran lan gedhung pirang - pirang kang indah وَنَعۡمَةٍ كَانُواْ فِيهَا فَٰكِهِينَ ٢٧Lan ninggal bondho akeh kang mane dianggo bebungah كَذَٰلِكَۖ وَأَوۡرَثۡنَٰهَا قَوۡمًا ءَاخَرِينَ ٢٨Wis mangkono karsaningsun tininggalane Fir'aun sabalane mau, Ingsun paringake dadi warisan marang wong liyane فَمَا بَكَتۡ عَلَيۡهِمُ ٱلسَّمَآءُ وَٱلۡأَرۡضُ وَمَا كَانُواْ مُنظَرِينَ ٢٩Bumi lan langit ora nangisi kasangsarane Fir'aun tumpes tanpa disrantekake maneh وَلَقَدۡ نَجَّيۡنَا بَنِيٓ إِسۡرَٰٓءِيلَ مِنَ ٱلۡعَذَابِ ٱلۡمُهِينِ ٣٠Wong Bani Israil wis padha Ingsun paringi slamet saka siksa lan siya - siya مِن فِرۡعَوۡنَۚ إِنَّهُۥ كَانَ عَالِيًا مِّنَ ٱلۡمُسۡرِفِينَ ٣١Saka panggawane Fir'aun kang kebangeten anggone gumedhe وَلَقَدِ ٱخۡتَرۡنَٰهُمۡ عَلَىٰ عِلۡمٍ عَلَى ٱلۡعَٰلَمِينَ ٣٢Satemene wong Bani Israil mahu padha Ingsun pilih, kaparingan kaweruh lan kapinteran akeh ngungkuli wong sajagad وَءَاتَيۡنَٰهُم مِّنَ ٱلۡأٓيَٰتِ مَا فِيهِ بَلَٰٓؤٌاْ مُّبِينٌ ٣٣Lan Ingsun gelari kahelokan akeh kang tetela dadi coba إِنَّ هَٰٓؤُلَآءِ لَيَقُولُونَ ٣٤Satemene dheweke (wong turun Qurais) iku temen - temen padha ngucap إِنۡ هِيَ إِلَّا مَوۡتَتُنَا ٱلۡأُولَىٰ وَمَا نَحۡنُ بِمُنشَرِينَ ٣٥Anggonku mati mesthi mung sapisan wae, ora bakal diuripake فَأۡتُواْ بِـَٔابَآئِنَآ إِن كُنتُمۡ صَٰدِقِينَ ٣٦Yen pangucapmu mau bener pada uripna para leluhurku kang wis padha mati أَهُمۡ خَيۡرٌ أَمۡ قَوۡمُ تُبَّعٍ وَٱلَّذِينَ مِن قَبۡلِهِمۡ أَهۡلَكۡنَٰهُمۡۚ إِنَّهُمۡ كَانُواْ مُجۡرِمِينَ ٣٧Apa dheweke (wong musyrikin) luwih gagah prakosa lan sugih karo ummate Tubba' lan para ummat sadurunge. Hewa dene kabeh padha ditumpes awit padha kafir وَمَا خَلَقۡنَا ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضَ وَمَا بَيۡنَهُمَا لَٰعِبِينَ ٣٨Anggon-Ku gawe bumi lan langit apadene barang kang ana antarane ora dolanan tanpa gawe مَا خَلَقۡنَٰهُمَآ إِلَّا بِٱلۡحَقِّ وَلَٰكِنَّ أَكۡثَرَهُمۡ لَا يَعۡلَمُونَ ٣٩Anggon-Ku gawe bumi lan langit mau wis mesthi ana gunane, nanging kang akeh padha ora weruh إِنَّ يَوۡمَ ٱلۡفَصۡلِ مِيقَٰتُهُمۡ أَجۡمَعِينَ ٤٠Satemene besuk Qiyamat nalikane para kawulaningsun padha dipisah - pisah dina mau dadi karampungane perkara kabeh يَوۡمَ لَا يُغۡنِي مَوۡلًى عَن مَّوۡلًى شَيۡـًٔا وَلَا هُمۡ يُنصَرُونَ ٤١Hiya iku dina nalikane para sanak utawa mitra padha ora bisa tulung - tinulung apa - apa, ora bisa nulak siksaning Allah إِلَّا مَن رَّحِمَ ٱللَّهُۚ إِنَّهُۥ هُوَ ٱلۡعَزِيزُ ٱلرَّحِيمُ ٤٢Kajaba wong kang diasihi Allah hiya iku para mukmin, satemene Allah iku Maha Mulya tur Maha Asih إِنَّ شَجَرَتَ ٱلزَّقُّومِ ٤٣Satemene wit Zakkuum طَعَامُ ٱلۡأَثِيمِ ٤٤Dadi pangane wong duroko كَٱلۡمُهۡلِ يَغۡلِي فِي ٱلۡبُطُونِ ٤٥Rupane koyo lengo kang reged, yen dipangan ana sajeroning weteng umub كَغَلۡيِ ٱلۡحَمِيمِ ٤٦Kaya dene umube wedang خُذُوهُ فَٱعۡتِلُوهُ إِلَىٰ سَوَآءِ ٱلۡجَحِيمِ ٤٧(Wahai neraka) Wong kafir iku cekelen banjur laraken marang tengahe neraka jahim ثُمَّ صُبُّواْ فَوۡقَ رَأۡسِهِۦ مِنۡ عَذَابِ ٱلۡحَمِيمِ ٤٨Nuli padha grujugen wedang, siksa saka dhuwuring endhase ذُقۡ إِنَّكَ أَنتَ ٱلۡعَزِيزُ ٱلۡكَرِيمُ ٤٩(Hai wong kafir), Rasakna siksaningsun, awit ngaku maha mulya tur wicaksana إِنَّ هَٰذَا مَا كُنتُم بِهِۦ تَمۡتَرُونَ ٥٠Siksa iki kang padha sira paido biyen إِنَّ ٱلۡمُتَّقِينَ فِي مَقَامٍ أَمِينٍ ٥١Sarupane wong kang padha bekti ing Allah, ana panggonan tentrem فِي جَنَّٰتٍ وَعُيُونٍ ٥٢Hiya iku ana ing suwarga kang ana bengawane mili يَلۡبَسُونَ مِن سُندُسٍ وَإِسۡتَبۡرَقٍ مُّتَقَٰبِلِينَ ٥٣Padha nganggo sandhangan sutra tipis lan kandel, serta padha patemon karo kancane كَذَٰلِكَ وَزَوَّجۡنَٰهُم بِحُورٍ عِينٍ ٥٤Wis mangkono karsaningsun wong mukmin padha diparingi jodho widadari kang mripate blalak - blalak يَدۡعُونَ فِيهَا بِكُلِّ فَٰكِهَةٍ ءَامِنِينَ ٥٥Wong mukmin mau ana suwarga jaluk woh - wohan warna - warna marang kang ngladeni, woh - wohan mau ora bisa entek لَا يَذُوقُونَ فِيهَا ٱلۡمَوۡتَ إِلَّا ٱلۡمَوۡتَةَ ٱلۡأُولَىٰۖ وَوَقَىٰهُمۡ عَذَابَ ٱلۡجَحِيمِ ٥٦Ing suwarga ora bakal nglakoni mati salawase, kajaba mati sapisan kang wis dilakoni ing donya. Allah ngreksa wong mukmin ora kacemplung neraka Jahim فَضۡلًا مِّن رَّبِّكَۚ ذَٰلِكَ هُوَ ٱلۡفَوۡزُ ٱلۡعَظِيمُ ٥٧Iku minongka sih kanugrahane Pangeran aran kabegjan kang gedhe فَإِنَّمَا يَسَّرۡنَٰهُ بِلِسَانِكَ لَعَلَّهُمۡ يَتَذَكَّرُونَ ٥٨Surasaning al-Quran iki Ingsun gampangake tembungira (Arab) supaya manungsa padha nampani pitutur فَٱرۡتَقِبۡ إِنَّهُم مُّرۡتَقِبُونَ ٥٩Sira ngentenana pitulunging Pangeranira, wong kafir hiya padha ngarep - arep rusakira