ملة الإسلام

السورة 43 · 89 آية · Unknown

سورة الزخرف باللغة الجاوية

السورة بالعربية مع التفسير استمع إلى سورة الزخرف (1,181 قارئاً)
مكيةسورة الزخرف٨٩ آية

بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ

حمٓ ١Haa Miim وَٱلۡكِتَٰبِ ٱلۡمُبِينِ ٢Demi Kitab al-Quran kang gelarake pituduh bener إِنَّا جَعَلۡنَٰهُ قُرۡءَٰنًا عَرَبِيًّا لَّعَلَّكُمۡ تَعۡقِلُونَ ٣Al-Quran iku Ingsun pacak nganggo tembung Arab, supaya padha ngerteni karepe وَإِنَّهُۥ فِيٓ أُمِّ ٱلۡكِتَٰبِ لَدَيۡنَا لَعَلِيٌّ حَكِيمٌ ٤Al-Quran mau wis dipacak ana baboning Kitab (Lauhul Mahfudz) kang ana ngarsaningsun. Al-Quran mau luhur ngungkuli kitab kang kuna-kuna, tur isine wicaksana أَفَنَضۡرِبُ عَنكُمُ ٱلذِّكۡرَ صَفۡحًا أَن كُنتُمۡ قَوۡمًا مُّسۡرِفِينَ ٥Apa Ingsun ora paring wahyu apa - apa marang sira dupeh kowe kabeh padha ngluwihi wates وَكَمۡ أَرۡسَلۡنَا مِن نَّبِيٍّ فِي ٱلۡأَوَّلِينَ ٦(Ing zaman biyen) Ingsun wis ngutus nabi pirang - pirang وَمَا يَأۡتِيهِم مِّن نَّبِيٍّ إِلَّا كَانُواْ بِهِۦ يَسۡتَهۡزِءُونَ ٧Para ummat kuna manawa katekan utusaningsun mesthi padha angeguyu فَأَهۡلَكۡنَآ أَشَدَّ مِنۡهُم بَطۡشًا وَمَضَىٰ مَثَلُ ٱلۡأَوَّلِينَ ٨Wong kuna kang gagah prakosane ngungkuli wong kafir ing zaman iki padha Ingsun rusak kelawan siksa kayata kang wis kasebut ing ngarep وَلَئِن سَأَلۡتَهُم مَّنۡ خَلَقَ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضَ لَيَقُولُنَّ خَلَقَهُنَّ ٱلۡعَزِيزُ ٱلۡعَلِيمُ ٩Manawa sira takon marang wong kafir, "Sapa kang gawe bumi lan langit?". Mesthi padha mangsuli, "Ingkang damel Allah ingkang Maha Mulya tur nguningani samu kawis ٱلَّذِي جَعَلَ لَكُمُ ٱلۡأَرۡضَ مَهۡدًا وَجَعَلَ لَكُمۡ فِيهَا سُبُلًا لَّعَلَّكُمۡ تَهۡتَدُونَ ١٠Allah iku kang dadekake bumi iki panggonanira, sarta gawe dalan pirang - pirang ana bumi supaya sira weruh ing ngendi panggonan kang sira sediya وَٱلَّذِي نَزَّلَ مِنَ ٱلسَّمَآءِ مَآءَۢ بِقَدَرٍ فَأَنشَرۡنَا بِهِۦ بَلۡدَةً مَّيۡتًاۚ كَذَٰلِكَ تُخۡرَجُونَ ١١Lan kang nurunake banyu udan saka langit sacukupe kabutuhanira. Banyu udan mau banjur Ingsun ngerjakake palemahan kang bera. Dene ing besuk anggonira ditangekake saka ing kubur, hiya kaya mangkono pratingkahe وَٱلَّذِي خَلَقَ ٱلۡأَزۡوَٰجَ كُلَّهَا وَجَعَلَ لَكُم مِّنَ ٱلۡفُلۡكِ وَٱلۡأَنۡعَٰمِ مَا تَرۡكَبُونَ ١٢Lan kang gawe barang warna - warna pasang - pasangan sakjodo lan gawe tetunggangan rupa prahu lan raja - kaya لِتَسۡتَوُۥاْ عَلَىٰ ظُهُورِهِۦ ثُمَّ تَذۡكُرُواْ نِعۡمَةَ رَبِّكُمۡ إِذَا ٱسۡتَوَيۡتُمۡ عَلَيۡهِ وَتَقُولُواْ سُبۡحَٰنَ ٱلَّذِي سَخَّرَ لَنَا هَٰذَا وَمَا كُنَّا لَهُۥ مُقۡرِنِينَ ١٣Wekasan sira padha nunggang kapenak ana ing gegere raja-kaya mau banjur eling anggonira diparingi kabungahan ing Pangeranira. Sarta nalikane sira nunggang raja-kaya mau memuji mangkene, "Maha Suci Allah kang wis nyungkemake raja-kaya kang samene prakosane marang aku. Upama tanpa pitulung Allah aku rumongsa ora kaconggah ngembadhani hewan kang samene iki وَإِنَّآ إِلَىٰ رَبِّنَا لَمُنقَلِبُونَ ١٤Dene aku iki ing tembe mesthi bali marang ngarsaning Allah Pangeranku وَجَعَلُواْ لَهُۥ مِنۡ عِبَادِهِۦ جُزۡءًاۚ إِنَّ ٱلۡإِنسَٰنَ لَكَفُورٌ مُّبِينٌ ١٥Panganggepe para wong kafir ana kawulaning Allah kang kalebu paperangane Allah (hiya iku malaikat dianggep putrane Allah) kang duwe panganggep mangkono mau tetela wong kafir أَمِ ٱتَّخَذَ مِمَّا يَخۡلُقُ بَنَاتٍ وَأَصۡفَىٰكُم بِٱلۡبَنِينَ ١٦Ya gene wong kafir iku duwe panemu yen malaikat gagaweyane Allah iku putrane Allah putri sarta awake dhewe milih anak lanang وَإِذَا بُشِّرَ أَحَدُهُم بِمَا ضَرَبَ لِلرَّحۡمَٰنِ مَثَلًا ظَلَّ وَجۡهُهُۥ مُسۡوَدًّا وَهُوَ كَظِيمٌ ١٧Manawa ana kang duwe anak metu wadon madani anggone nganggep marang Allah kagungan putra-putri wong mau ulate banjur peteng lan susah banget أَوَمَن يُنَشَّؤُاْ فِي ٱلۡحِلۡيَةِ وَهُوَ فِي ٱلۡخِصَامِ غَيۡرُ مُبِينٍ ١٨Ya gene padha netepake sifat cacad marang Allah lan ngaku sifat kang prayoga tumraping awake dhewe kang mangkon padune wong mau ora ana katerangane وَجَعَلُواْ ٱلۡمَلَٰٓئِكَةَ ٱلَّذِينَ هُمۡ عِبَٰدُ ٱلرَّحۡمَٰنِ إِنَٰثًاۚ أَشَهِدُواْ خَلۡقَهُمۡۚ سَتُكۡتَبُ شَهَٰدَتُهُمۡ وَيُسۡـَٔلُونَ ١٩Lan dheweke padha nganggep malaikat kawulaning Allah iku wadon. Anggone nganggep utawa nekseni mau bakal dicatheti lan besuk ana ing akherat bakal ditakoni وَقَالُواْ لَوۡ شَآءَ ٱلرَّحۡمَٰنُ مَا عَبَدۡنَٰهُمۗ مَّا لَهُم بِذَٰلِكَ مِنۡ عِلۡمٍۖ إِنۡ هُمۡ إِلَّا يَخۡرُصُونَ ٢٠Wong Mekkah padha celathu, "pama kersane Allah aku ora kepareng nyembah malaikat, Aku mesthi ora kelakon nyembah malaikat." Anggone kondho koyo kaya mengkono mahu ora weruh katerangane (bener utawa luput) dadi kandhane mau mung goroh lugu أَمۡ ءَاتَيۡنَٰهُمۡ كِتَٰبًا مِّن قَبۡلِهِۦ فَهُم بِهِۦ مُسۡتَمۡسِكُونَ ٢١Ap sadurunge ana al-Quran, wong mau padha Ingsun paringi kitab (lan nerangake kena nyembah liyane Allah) kang banjur dihestokake tekan saprene بَلۡ قَالُوٓاْ إِنَّا وَجَدۡنَآ ءَابَآءَنَا عَلَىٰٓ أُمَّةٍ وَإِنَّا عَلَىٰٓ ءَاثَٰرِهِم مُّهۡتَدُونَ ٢٢Nanging dheweke kondho, "Aku mung ngleluri (nutugake) para leluhurku biyen padha nglakoni agama iki aku ngarep - arep oleh pituduh bener sarana manut ara leluhurku وَكَذَٰلِكَ مَآ أَرۡسَلۡنَا مِن قَبۡلِكَ فِي قَرۡيَةٍ مِّن نَّذِيرٍ إِلَّا قَالَ مُتۡرَفُوهَآ إِنَّا وَجَدۡنَآ ءَابَآءَنَا عَلَىٰٓ أُمَّةٍ وَإِنَّا عَلَىٰٓ ءَاثَٰرِهِم مُّقۡتَدُونَ ٢٣Mangkono uga biyen, saben Ingsun ngutus nabi, nyurup - nyurupake wong ing padesan panggedhene padesan mau mesthi banjur mangsuli, "Kula punika namung ngleluri para leluhur kula". Sami nglampahi agami satunggal punika. Kula namung manut agamanipun para leluhur kula wahu ۞ قَٰلَ أَوَلَوۡ جِئۡتُكُم بِأَهۡدَىٰ مِمَّا وَجَدتُّمۡ عَلَيۡهِ ءَابَآءَكُمۡۖ قَالُوٓاْ إِنَّا بِمَآ أُرۡسِلۡتُم بِهِۦ كَٰفِرُونَ ٢٤(Muhammad) dhawuha, "Apa sanadyan aku nyurup - nyurupake marang kowe kang luwih bener, ngungkuli panemune para leluhurmu biyen, kowe hiya ora gelem manut." Wong kafir padha mangsuli, "Dhawuh ungkang sampyan waradinaken punika kula sami mahiben فَٱنتَقَمۡنَا مِنۡهُمۡۖ فَٱنظُرۡ كَيۡفَ كَانَ عَٰقِبَةُ ٱلۡمُكَذِّبِينَ ٢٥Wong kafir mau banjur padha Ingsun turuni siksa mara dira delenga, kapruye kadadeyane wong kang padha maido dhawuhing Allah kang dihemban para rasul وَإِذۡ قَالَ إِبۡرَٰهِيمُ لِأَبِيهِ وَقَوۡمِهِۦٓ إِنَّنِي بَرَآءٌ مِّمَّا تَعۡبُدُونَ ٢٦(Muhammad) Sira nyaritakna nalika Ibrahim matur marang bapakne lan pitutur marang para ummate tembunge, "Aku oramelu - melu anggonmu padha nyembah berhala إِلَّا ٱلَّذِي فَطَرَنِي فَإِنَّهُۥ سَيَهۡدِينِ ٢٧Kajaba mung nyembah ing Allah kang gawe awakku, iku kang nuduhake dalan keselamatan marang aku وَجَعَلَهَا كَلِمَةَۢ بَاقِيَةً فِي عَقِبِهِۦ لَعَلَّهُمۡ يَرۡجِعُونَ ٢٨Ibrahim nemtokake pituture mau dadi tetembungan kang linuruluri saturun - turune pangarep - arepe sarupane wong mangro tingal padha hambaleka manut marang Ibrahim بَلۡ مَتَّعۡتُ هَٰٓؤُلَآءِ وَءَابَآءَهُمۡ حَتَّىٰ جَآءَهُمُ ٱلۡحَقُّ وَرَسُولٌ مُّبِينٌ ٢٩(Pangandikaning Allah) Para kafir (Mekkah) lan leluhure malah padha Ingsun paringi kabungahan urip nganti katekan al-Quran (dhawuhing Allah) lan para Rasul ngasta keterangan وَلَمَّا جَآءَهُمُ ٱلۡحَقُّ قَالُواْ هَٰذَا سِحۡرٌ وَإِنَّا بِهِۦ كَٰفِرُونَ ٣٠Bareng katekan al-Quran wong kafir padha celathu, "Iki sihir lan yen dikandhakake dhawuhing Allah aku maido وَقَالُواْ لَوۡلَا نُزِّلَ هَٰذَا ٱلۡقُرۡءَانُ عَلَىٰ رَجُلٍ مِّنَ ٱلۡقَرۡيَتَيۡنِ عَظِيمٍ ٣١Pangucape, "Yen al-Quran iku nyata dhawuhing Allah ya gene ora didhawuhake metu wong lanang kang dadi panggedhening desa loro (Mekkah lan Thaif) أَهُمۡ يَقۡسِمُونَ رَحۡمَتَ رَبِّكَۚ نَحۡنُ قَسَمۡنَا بَيۡنَهُم مَّعِيشَتَهُمۡ فِي ٱلۡحَيَوٰةِ ٱلدُّنۡيَاۚ وَرَفَعۡنَا بَعۡضَهُمۡ فَوۡقَ بَعۡضٍ دَرَجَٰتٍ لِّيَتَّخِذَ بَعۡضُهُم بَعۡضًا سُخۡرِيًّاۗ وَرَحۡمَتُ رَبِّكَ خَيۡرٌ مِّمَّا يَجۡمَعُونَ ٣٢(Pangandikaning Allah), "Apa dheweke mau kang andum rahmating Allah Pangeranira? Ingsun kang mesthi andum kabegjan marang dheweke (wong Mekkah) ana donya. Lan anjunjung drajate sawijining wong ngungkuli liya - liyane supaya sawehene bisa marintah marang liyane. Dene rahmate Allah Pangernira iku luwih becik tinimbang bondho kang dikumpulake وَلَوۡلَآ أَن يَكُونَ ٱلنَّاسُ أُمَّةً وَٰحِدَةً لَّجَعَلۡنَا لِمَن يَكۡفُرُ بِٱلرَّحۡمَٰنِ لِبُيُوتِهِمۡ سُقُفًا مِّن فِضَّةٍ وَمَعَارِجَ عَلَيۡهَا يَظۡهَرُونَ ٣٣Upama ora nguwatirake bok menawa manungsa iku dadi kafir kabeh marga saka kapengin andeleng kabegjane para wong kafir kang sampulur mesthi omahe wong kafir kang maido ing Pangeran kang Maha Murah Ingsun paringi payon salaka, lan ondho - ondho selaka kang padha dianggo mungguh mudhun وَلِبُيُوتِهِمۡ أَبۡوَٰبًا وَسُرُرًا عَلَيۡهَا يَتَّكِـُٔونَ ٣٤Lan omahe won gkafir mau Ingsun dokoke lawan selaka, sarta Ingsun paringi amben dianggo sendhen وَزُخۡرُفًاۚ وَإِن كُلُّ ذَٰلِكَ لَمَّا مَتَٰعُ ٱلۡحَيَوٰةِ ٱلدُّنۡيَاۚ وَٱلۡأٓخِرَةُ عِندَ رَبِّكَ لِلۡمُتَّقِينَ ٣٥Lan maneh Ingsun paringi rerenggan mas kabeh ora liya kabungahan ing donya. Dene ganjaran ing akherat ana ngarsaning Pangeranira. Wong kafir ora melu duwe mung tinamtokake marang wong kang padha bekti ing Allah وَمَن يَعۡشُ عَن ذِكۡرِ ٱلرَّحۡمَٰنِ نُقَيِّضۡ لَهُۥ شَيۡطَٰنًا فَهُوَ لَهُۥ قَرِينٌ ٣٦Sing sapa nyulayani al-Quran dhawuhing Pangeran kang Maha Murah banjur Ingsun paringi setan - setan banjur dadi kancane وَإِنَّهُمۡ لَيَصُدُّونَهُمۡ عَنِ ٱلسَّبِيلِ وَيَحۡسَبُونَ أَنَّهُم مُّهۡتَدُونَ ٣٧Setan mau padha menging ngambah dalaning pituduh bener marang wong kang nyulayani al-Quran. Dene wong mau nyana yen wis ngambah dalan pituduh bener حَتَّىٰٓ إِذَا جَآءَنَا قَالَ يَٰلَيۡتَ بَيۡنِي وَبَيۡنَكَ بُعۡدَ ٱلۡمَشۡرِقَيۡنِ فَبِئۡسَ ٱلۡقَرِينُ ٣٨Manawa wis sowan ana ngarsaningsun banjur kandha marang syetan (wong sing nyulayani al-Quran), muga - muga aku didohna saka kowe, dohe saka panggonan mletheking srengenge tekan panggonan suruping srengenge. Konco kuwe iku hala temen وَلَن يَنفَعَكُمُ ٱلۡيَوۡمَ إِذ ظَّلَمۡتُمۡ أَنَّكُمۡ فِي ٱلۡعَذَابِ مُشۡتَرِكُونَ ٣٩(He wong kang nyulayani al-Quran) ing dina iki pangarep - arepira ora migunani marga sira wis tetela wong nganiaya awakira dhewe, sira lan setan kancaira mesthi padha disiksa أَفَأَنتَ تُسۡمِعُ ٱلصُّمَّ أَوۡ تَهۡدِي ٱلۡعُمۡيَ وَمَن كَانَ فِي ضَلَٰلٍ مُّبِينٍ ٤٠(Muhammad) Apa sira bisa andokoki pangrungu marang owng budheg, utawa meruhake marang wong wuto, utawa nuduhake dalan bener marang wong kang wis pesthi mati kesasar فَإِمَّا نَذۡهَبَنَّ بِكَ فَإِنَّا مِنۡهُم مُّنتَقِمُونَ ٤١Manawa sira Ingsun pundhut dhisik, sapngkurira Ingsun mesthi nyiksa wong kang padha nyulayani al-Quran أَوۡ نُرِيَنَّكَ ٱلَّذِي وَعَدۡنَٰهُمۡ فَإِنَّا عَلَيۡهِم مُّقۡتَدِرُونَ ٤٢Utawa kena uga sira Ingsun nuntunake kelakoning siksa kang Ingsun pancasake marang wong kang padha nyulalayani al-Quran. Ingsun kuasa nyiksa فَٱسۡتَمۡسِكۡ بِٱلَّذِيٓ أُوحِيَ إِلَيۡكَۖ إِنَّكَ عَلَىٰ صِرَٰطٍ مُّسۡتَقِيمٍ ٤٣Saiki sira mung ngugemana pangandikaningsun kang wis didhawuhake, sira iku ngambah dalan kang bener وَإِنَّهُۥ لَذِكۡرٌ لَّكَ وَلِقَوۡمِكَۖ وَسَوۡفَ تُسۡـَٔلُونَ ٤٤Al-Quran iku kamulyan gedhe tumrap sira lan ummatira ing tembe manungsa padha didhangu (anggone nindhakake dhawuhing Allah) وَسۡـَٔلۡ مَنۡ أَرۡسَلۡنَا مِن قَبۡلِكَ مِن رُّسُلِنَآ أَجَعَلۡنَا مِن دُونِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ءَالِهَةً يُعۡبَدُونَ ٤٥Takonna para rasul padha Ingsun utus sadurungira apa hiya Ingsun ngedekake Pangeran kang sinembah liyane Allah kang Maha Murah وَلَقَدۡ أَرۡسَلۡنَا مُوسَىٰ بِـَٔايَٰتِنَآ إِلَىٰ فِرۡعَوۡنَ وَمَلَإِيْهِۦ فَقَالَ إِنِّي رَسُولُ رَبِّ ٱلۡعَٰلَمِينَ ٤٦Biyen Ingsun wis ngutus Musa kanthi tondho yekti pirang - pirang, diutus nyurup - nyurupake marang Fir'aun sabalane. Dhawuhe, "Aku utusaning Allah Pangerane wong alam kabeh فَلَمَّا جَآءَهُم بِـَٔايَٰتِنَآ إِذَا هُم مِّنۡهَا يَضۡحَكُونَ ٤٧Bareng Musa wis teka gelarake tondho yekti kahelokan akeh ana ngarepe Fir'aun sabalane padha geguyu وَمَا نُرِيهِم مِّنۡ ءَايَةٍ إِلَّا هِيَ أَكۡبَرُ مِنۡ أُخۡتِهَاۖ وَأَخَذۡنَٰهُم بِٱلۡعَذَابِ لَعَلَّهُمۡ يَرۡجِعُونَ ٤٨Anggoningsun nontokake siji - sijining tandha yekti marang Fir'aun sabalane mesthi luwih gedhe lan gegirisi tinimbang kahelokan kang wis Ingsun tontonake sakdurunge. Lan padha Ingsun siksa supaya padha marenana anggone kafir (bali menyang dalan bener) وَقَالُواْ يَٰٓأَيُّهَ ٱلسَّاحِرُ ٱدۡعُ لَنَا رَبَّكَ بِمَا عَهِدَ عِندَكَ إِنَّنَا لَمُهۡتَدُونَ ٤٩Fir'aun sabalane kondho, "He Musa juru sihir, kula mugi sampyan suwunaken dhateng Pangeran. Inggih punika manawi kula purun pitados badhe keparingan luar saking bebaya. Sapunika kula pitados dhateng sampeyan فَلَمَّا كَشَفۡنَا عَنۡهُمُ ٱلۡعَذَابَ إِذَا هُمۡ يَنكُثُونَ ٥٠Bareng Fir'aun Ingsun paringi luar saka siksa, banjur padha nyidrani kasangguhane (percaya) وَنَادَىٰ فِرۡعَوۡنُ فِي قَوۡمِهِۦ قَالَ يَٰقَوۡمِ أَلَيۡسَ لِي مُلۡكُ مِصۡرَ وَهَٰذِهِ ٱلۡأَنۡهَٰرُ تَجۡرِي مِن تَحۡتِيٓۚ أَفَلَا تُبۡصِرُونَ ٥١Fir'aun kondho marang kawulane pangucape, "Para kaumku apa negara Mesik iki dudu duwekku? Padha delengan bengawan (Nil) iki mili ana ngisore panggonanku ngestokake parintahku أَمۡ أَنَا۠ خَيۡرٌ مِّنۡ هَٰذَا ٱلَّذِي هُوَ مَهِينٌ وَلَا يَكَادُ يُبِينُ ٥٢Dadi aku iki luwih becik tinimbang Musa kang wis tetela wong asor celathune cedhal (pelo) meh ora ana wong ngerti فَلَوۡلَآ أُلۡقِيَ عَلَيۡهِ أَسۡوِرَةٌ مِّن ذَهَبٍ أَوۡ جَآءَ مَعَهُ ٱلۡمَلَٰٓئِكَةُ مُقۡتَرِنِينَ ٥٣Manawa Musa mau temen utusane Pangeran yagene ora digelangi mas, utawa ora diiringi malaikat kang padha nekseni yen dheweke utusaning Pangeran فَٱسۡتَخَفَّ قَوۡمَهُۥ فَأَطَاعُوهُۚ إِنَّهُمۡ كَانُواْ قَوۡمًا فَٰسِقِينَ ٥٤Fir'aun bujuk kawulane kelawan diterangake, para kawulane banjur ngestokake mulan banjur dadi wong duroko فَلَمَّآ ءَاسَفُونَا ٱنتَقَمۡنَا مِنۡهُمۡ فَأَغۡرَقۡنَٰهُمۡ أَجۡمَعِينَ ٥٥Cekake bareng Fir'aun sabalane padha gawe dukaningsun banjur padha Ingsun siksa. Mulane Ingsun kelem kabeh ana ing segara فَجَعَلۡنَٰهُمۡ سَلَفًا وَمَثَلًا لِّلۡأٓخِرِينَ ٥٦Fir'aun sabalane mau banjur Ingsun dadekake upama tumrap marang para ummat kang keri ۞ وَلَمَّا ضُرِبَ ٱبۡنُ مَرۡيَمَ مَثَلًا إِذَا قَوۡمُكَ مِنۡهُ يَصِدُّونَ ٥٧(Muhammad) Bareng Isa anake Maryam dianggo paribasan (anggone disembah dening para wong Nashara) ing kono para ummatira wong turun Qurais padha bungah وَقَالُوٓاْ ءَأَٰلِهَتُنَا خَيۡرٌ أَمۡ هُوَۚ مَا ضَرَبُوهُ لَكَ إِلَّا جَدَلَۢاۚ بَلۡ هُمۡ قَوۡمٌ خَصِمُونَ ٥٨Pangucape, "Becik endi ta Pangeran (sesembahanku apa dheweke (Isa))?". Dheweke ora gawe paribasan mau marang kowe perlune ora liwat mung madoni, para ummatira kang mangkono mau tetep wong madoni weweton barang kang ora bener إِنۡ هُوَ إِلَّا عَبۡدٌ أَنۡعَمۡنَا عَلَيۡهِ وَجَعَلۡنَٰهُ مَثَلًا لِّبَنِيٓ إِسۡرَٰٓءِيلَ ٥٩Isa iku dudu barang - barang mung kawulaningsun kang diparingi kabungahan dadi nabi, sarta Ingsun anggo upama marang para turuning Israil وَلَوۡ نَشَآءُ لَجَعَلۡنَا مِنكُم مَّلَٰٓئِكَةً فِي ٱلۡأَرۡضِ يَخۡلُفُونَ ٦٠Upama ana parenge kersaningsun, sira padha Ingsun sirnakake, banjur disalini para malaikat padha manggon ana ing bumi mesthi kelakon mangkono وَإِنَّهُۥ لَعِلۡمٌ لِّلسَّاعَةِ فَلَا تَمۡتَرُنَّ بِهَا وَٱتَّبِعُونِۚ هَٰذَا صِرَٰطٌ مُّسۡتَقِيمٌ ٦١Lan satemene Isa mau yekti dadi tetengere kaweruh dina Qiyamat, sira aja mamang bakal tekane dina Qiyamat mau, sira mung ngistokna parintah Ingsun. Iki dalan kang bener وَلَا يَصُدَّنَّكُمُ ٱلشَّيۡطَٰنُۖ إِنَّهُۥ لَكُمۡ عَدُوٌّ مُّبِينٌ ٦٢Sira aja padha kena panggodhaning setan, awit tetela dadi saterunira وَلَمَّا جَآءَ عِيسَىٰ بِٱلۡبَيِّنَٰتِ قَالَ قَدۡ جِئۡتُكُم بِٱلۡحِكۡمَةِ وَلِأُبَيِّنَ لَكُم بَعۡضَ ٱلَّذِي تَخۡتَلِفُونَ فِيهِۖ فَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَأَطِيعُونِ ٦٣Bareng Isa wis diutus dening Allah kanthi tondho yekti kahelokan pirang - pirang. Dhawuhe, "Tekaku iki dhawuhake Injil kang isine kawicaksanaan perlu nerangake anggonmu padha pasulayan bab surasaning Kitab Taurat. Kowe pada bektia ing Allah manuta marang aku إِنَّ ٱللَّهَ هُوَ رَبِّي وَرَبُّكُمۡ فَٱعۡبُدُوهُۚ هَٰذَا صِرَٰطٌ مُّسۡتَقِيمٌ ٦٤Satemene Allah iku Pangeranku lan Pangeranmu, mulane padha nyembaha Allah, iki dhalan bener فَٱخۡتَلَفَ ٱلۡأَحۡزَابُ مِنۢ بَيۡنِهِمۡۖ فَوَيۡلٌ لِّلَّذِينَ ظَلَمُواْ مِنۡ عَذَابِ يَوۡمٍ أَلِيمٍ ٦٥Padha pasulayan ing bab panemu antarane golongan - golongan (Nashara) antarane dheweke, cilaka banget (wong - wong nashara) kang panemune dadi kafir, awit besuk dina Qiyamat bakal kacemplung siksa kang nglarani هَلۡ يَنظُرُونَ إِلَّا ٱلسَّاعَةَ أَن تَأۡتِيَهُم بَغۡتَةً وَهُمۡ لَا يَشۡعُرُونَ ٦٦Wong mangkono mau mung ngenteni dina Qiyamat kang tekane bakal ngagetake ora kanyanan pisan - pisan ٱلۡأَخِلَّآءُ يَوۡمَئِذِۭ بَعۡضُهُمۡ لِبَعۡضٍ عَدُوٌّ إِلَّا ٱلۡمُتَّقِينَ ٦٧Ing dina iku sarupane pakumpulan duraka, wonge padha sesatron, kajaba wong kang padha bekti يَٰعِبَادِ لَا خَوۡفٌ عَلَيۡكُمُ ٱلۡيَوۡمَ وَلَآ أَنتُمۡ تَحۡزَنُونَ ٦٨Kawulaningsun, Ing dina iku sira ora duwe kuatir lan ora kasusahan ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ بِـَٔايَٰتِنَا وَكَانُواْ مُسۡلِمِينَ ٦٩Para wong Islam kang padha ngestokake dhawuhing al-Quran ayat Ingsun ٱدۡخُلُواْ ٱلۡجَنَّةَ أَنتُمۡ وَأَزۡوَٰجُكُمۡ تُحۡبَرُونَ ٧٠Sira lan rabinira padha malebua ing suwarga kelawan bungah lan diaji-aji يُطَافُ عَلَيۡهِم بِصِحَافٍ مِّن ذَهَبٍ وَأَكۡوَابٍۖ وَفِيهَا مَا تَشۡتَهِيهِ ٱلۡأَنفُسُ وَتَلَذُّ ٱلۡأَعۡيُنُۖ وَأَنتُمۡ فِيهَا خَٰلِدُونَ ٧١Padha diladeni panganan kang wadahe emas, lan omben - omben winadhahan ing gelas. Wadhah emas mau isi panganan kang menginake ati lan ngresepake dineleng. Sira ana suwarga padha langgeng salawase وَتِلۡكَ ٱلۡجَنَّةُ ٱلَّتِيٓ أُورِثۡتُمُوهَا بِمَا كُنتُمۡ تَعۡمَلُونَ ٧٢Hiya iku suwarga pandumanira diparingake marang sira marga anggonira ngelakoni panggawe becik لَكُمۡ فِيهَا فَٰكِهَةٌ كَثِيرَةٌ مِّنۡهَا تَأۡكُلُونَ ٧٣Ana suwarga sira padha duwe woh - wohan pirang-pirang sira padha mangan hendi kang sira pengini إِنَّ ٱلۡمُجۡرِمِينَ فِي عَذَابِ جَهَنَّمَ خَٰلِدُونَ ٧٤Sarupane wong kafir padha disiksa ana neraka jahannam langgeng salawas - lawase لَا يُفَتَّرُ عَنۡهُمۡ وَهُمۡ فِيهِ مُبۡلِسُونَ ٧٥Tanpa kendhat lan kamayaran padha meneng dening wis sirna pangarep - arepe kamayaran وَمَا ظَلَمۡنَٰهُمۡ وَلَٰكِن كَانُواْ هُمُ ٱلظَّٰلِمِينَ ٧٦Ingsun ora pisan nganiaya wong kafir, nanging dheweke nganiaya awake dhewe وَنَادَوۡاْ يَٰمَٰلِكُ لِيَقۡضِ عَلَيۡنَا رَبُّكَۖ قَالَ إِنَّكُم مَّٰكِثُونَ ٧٧Wong kafir padha matur, "Malaikat Malik ingkang nguwasani neraka, munjuka ing Pangeran sampeyan, kula punika dipun pejahi kemawon". (Malaikat) mangsuli, "Kersaning Allah kowe disiksa langgeng salawas - lawase tanpa mati لَقَدۡ جِئۡنَٰكُم بِٱلۡحَقِّ وَلَٰكِنَّ أَكۡثَرَكُمۡ لِلۡحَقِّ كَٰرِهُونَ ٧٨Ingsun ngundangake parentah bener, nanging kang akeh sengit marang bener أَمۡ أَبۡرَمُوٓاْ أَمۡرًا فَإِنَّا مُبۡرِمُونَ ٧٩Apa wong kafir (Mekkah) nyantosani anggone neja ngrusak (Muhammad) Ingsun hiya nyantosani أَمۡ يَحۡسَبُونَ أَنَّا لَا نَسۡمَعُ سِرَّهُمۡ وَنَجۡوَىٰهُمۚ بَلَىٰ وَرُسُلُنَا لَدَيۡهِمۡ يَكۡتُبُونَ ٨٠Apa wong kafir padha ngira yen Ingsun ora mireng pangucape kang mung dibathin lan kang dilahirake. Ingsun mireng lan nguningani malah para utusaningsun padha nulisi قُلۡ إِن كَانَ لِلرَّحۡمَٰنِ وَلَدٌ فَأَنَا۠ أَوَّلُ ٱلۡعَٰبِدِينَ ٨١(Muhammad) dhawuha, Upama Allahkang Maha Murah kagungan putra mesthi aku dadi kawulane wong nyembah (putrane Allah mau) سُبۡحَٰنَ رَبِّ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِ رَبِّ ٱلۡعَرۡشِ عَمَّا يَصِفُونَ ٨٢Allah iku Maha Suci Pangerane bumi lan langit uga 'Arsy, adoh banget yen kaya panemune wong kafir فَذَرۡهُمۡ يَخُوضُواْ وَيَلۡعَبُواْ حَتَّىٰ يُلَٰقُواْ يَوۡمَهُمُ ٱلَّذِي يُوعَدُونَ ٨٣Mulane wong kafir mau padha nengna wae, karo ben padha kebanjur - banjur anggone ngencengi barang kang luput. Anggone ana donya tanpaguna ngenteni tekan qiyamat kang diancamake Allah وَهُوَ ٱلَّذِي فِي ٱلسَّمَآءِ إِلَٰهٌ وَفِي ٱلۡأَرۡضِ إِلَٰهٌۚ وَهُوَ ٱلۡحَكِيمُ ٱلۡعَلِيمُ ٨٤Allah iku kang sinembah kelawan bener ana ing bumi lan langit. Allah iku wicaksana tur nguningani samu barang وَتَبَارَكَ ٱلَّذِي لَهُۥ مُلۡكُ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِ وَمَا بَيۡنَهُمَا وَعِندَهُۥ عِلۡمُ ٱلسَّاعَةِ وَإِلَيۡهِ تُرۡجَعُونَ ٨٥Allah iku Maha Luhur, kang kagungan kraton bumi lan langit lan kagungan barang kang ana antarane bumi lan langit. Kaweruh bakal kelakone Qiyamat iku ana ngastane Allah piyambak. Ing tembe sira bakal bali padha sowan ana ngarsane Allah وَلَا يَمۡلِكُ ٱلَّذِينَ يَدۡعُونَ مِن دُونِهِ ٱلشَّفَٰعَةَ إِلَّا مَن شَهِدَ بِٱلۡحَقِّ وَهُمۡ يَعۡلَمُونَ ٨٦Barang liyane Allah kang padha disembah dening wong kafir ora duwe syafa'at, ora wenang nyuwunake pikoleh tumrap marang liyane. Kajaba kang ngucap, "Ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah" sarta nganggep lan weruh surasane وَلَئِن سَأَلۡتَهُم مَّنۡ خَلَقَهُمۡ لَيَقُولُنَّ ٱللَّهُۖ فَأَنَّىٰ يُؤۡفَكُونَ ٨٧Menawa sira takon marang wong mangro tingal, "Sapa kang gawe kowe kabeh lan barahala - barahal mau?" Mesthi padha mangsuli, "Ingkang damel inggih Allah". Sawise kondha mangkono kapriye anggone selak anggone nyembah Allah وَقِيلِهِۦ يَٰرَبِّ إِنَّ هَٰٓؤُلَآءِ قَوۡمٌ لَّا يُؤۡمِنُونَ ٨٨Lan maneh Allah nguningani hunjuke Muhammad, "Dhuh Pangeran kawula. tiyang kagir punika sami boten pitados ing Paduka فَٱصۡفَحۡ عَنۡهُمۡ وَقُلۡ سَلَٰمٌۚ فَسَوۡفَ يَعۡلَمُونَ ٨٩Dhawuhing Allah, "(Muhammad) sira mung malengosa marang wong kafir mau, Lan ngucapa, "Aku dhasar selamet". Ing tembe wong kafir bakal padha weruh kadadeyane awake

الترجمة: Unknown.