ملة الإسلام

السورة 83 · 36 آية · Unknown

سورة المطففين باللغة الجاوية

السورة بالعربية مع التفسير استمع إلى سورة المطففين (1,318 قارئاً)
مكيةسورة المطففين٣٦ آية

بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ

وَيۡلٌ لِّلۡمُطَفِّفِينَ ١Cilaka temen wong kang padha cidra (anggone naker) ٱلَّذِينَ إِذَا ٱكۡتَالُواْ عَلَى ٱلنَّاسِ يَسۡتَوۡفُونَ ٢Kang manawa naker saka wong liya (tumrap awake dewe) panakere ganep وَإِذَا كَالُوهُمۡ أَو وَّزَنُوهُمۡ يُخۡسِرُونَ ٣Lan samongsa anaker barang kang bakal ditampakake wong liya, panakere dikurangi dadi gawe patunan أَلَا يَظُنُّ أُوْلَٰٓئِكَ أَنَّهُم مَّبۡعُوثُونَ ٤Wong kang mangkono mau ora ngira yen besuk bakal ditangekake saka pati لِيَوۡمٍ عَظِيمٍ ٥Tumrap dina kang gedhe (qiyamat) يَوۡمَ يَقُومُ ٱلنَّاسُ لِرَبِّ ٱلۡعَٰلَمِينَ ٦Dinane manungsa padha ngadeg angadep Pangeraning ngalam kabeh كـَلَّآ إِنَّ كِتَٰبَ ٱلۡفُجَّارِ لَفِي سِجِّينٍ ٧Temen tulisane lakune para wong ala iku ana pakunjaran (sijjiin) وَمَآ أَدۡرَىٰكَ مَا سِجِّينٌ ٨Sapa kang nuduhake marang sira pakunjaran (sijjin) iku apa كِتَٰبٌ مَّرۡقُومٌ ٩Buku kang ditulis وَيۡلٌ يَوۡمَئِذٍ لِّلۡمُكَذِّبِينَ ١٠Ing dina iku wong kang maido cilaka banget ٱلَّذِينَ يُكَذِّبُونَ بِيَوۡمِ ٱلدِّينِ ١١Kang padha maido marang dina piwales وَمَا يُكَذِّبُ بِهِۦٓ إِلَّا كُلُّ مُعۡتَدٍ أَثِيمٍ ١٢Ora ana wong gorohake kajaba sarupane wong kang mlangkah wates anggone dosa إِذَا تُتۡلَىٰ عَلَيۡهِ ءَايَٰتُنَا قَالَ أَسَٰطِيرُ ٱلۡأَوَّلِينَ ١٣Manawa diwacakake al-Quran pangucape, "al-Quran iku gaweyane para wong kuna كـَلَّاۖ بَلۡۜ رَانَ عَلَىٰ قُلُوبِهِم مَّا كَانُواْ يَكۡسِبُونَ ١٤Wong kebangeten mau mangsa gelema percaya, malah duraka kang dilakoni mau dadi rereged ing atine كـَلَّآ إِنَّهُمۡ عَن رَّبِّهِمۡ يَوۡمَئِذٍ لَّمَحۡجُوبُونَ ١٥Temen ing dina iku dheweke padha ketutupan saka pangerane ثُمَّ إِنَّهُمۡ لَصَالُواْ ٱلۡجَحِيمِ ١٦Sawuse mangkono wong mau banjur padha malebu ing neraka jahim ثُمَّ يُقَالُ هَٰذَا ٱلَّذِي كُنتُم بِهِۦ تُكَذِّبُونَ ١٧Banjur di dawuhi, "Neraka iki kang padha sira paido biyen كـَلَّآ إِنَّ كِتَٰبَ ٱلۡأَبۡرَارِ لَفِي عِلِّيِّينَ ١٨O, sayekti kitabe para wong tulus iku temen ana panggonan kang luhur وَمَآ أَدۡرَىٰكَ مَا عِلِّيُّونَ ١٩Lan sapa kang nuduhake sira, apa kang aran panggonan luhur كِتَٰبٌ مَّرۡقُومٌ ٢٠Kitab kang katulis يَشۡهَدُهُ ٱلۡمُقَرَّبُونَ ٢١Para kang keparek (ing Allah) bakal anekseni إِنَّ ٱلۡأَبۡرَارَ لَفِي نَعِيمٍ ٢٢Sayekti para wong tulus iku bakal ana sajeroning nugraha عَلَى ٱلۡأَرَآئِكِ يَنظُرُونَ ٢٣Ana kanthil dhuwur anyawang - nyawang تَعۡرِفُ فِي وُجُوهِهِمۡ نَضۡرَةَ ٱلنَّعِيمِ ٢٤Katon ing wajahe cahyaning nugraha يُسۡقَوۡنَ مِن رَّحِيقٍ مَّخۡتُومٍ ٢٥Padha pinaringan ngombe omben - omben bening kang diecap خِتَٰمُهُۥ مِسۡكٌۚ وَفِي ذَٰلِكَ فَلۡيَتَنَافَسِ ٱلۡمُتَنَٰفِسُونَ ٢٦Tutupi (mawa) kesturi, mulane para sing nyerempeng angarah lah angaraha iku وَمِزَاجُهُۥ مِن تَسۡنِيمٍ ٢٧Lan campurane arupa banyu kang turun amrang dheweke saka dhuwur عَيۡنًا يَشۡرَبُ بِهَا ٱلۡمُقَرَّبُونَ ٢٨Tuk kang dadi omben - omben para wong kang keparek (maring Allah) إِنَّ ٱلَّذِينَ أَجۡرَمُواْ كَانُواْ مِنَ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ يَضۡحَكُونَ ٢٩Sayekti para wong kang padha dosa gawene geguyu para kang angestu وَإِذَا مَرُّواْ بِهِمۡ يَتَغَامَزُونَ ٣٠Lan samongsa angliwati dheweke padha kedep - kinedhepan وَإِذَا ٱنقَلَبُوٓاْ إِلَىٰٓ أَهۡلِهِمُ ٱنقَلَبُواْ فَكِهِينَ ٣١Lan samangsa bali marang golongane, baline gawe pangeram - eram وَإِذَا رَأَوۡهُمۡ قَالُوٓاْ إِنَّ هَٰٓؤُلَآءِ لَضَآلُّونَ ٣٢Lan samangsa ngingetake dheweke, padha kandha, "Wong mukmin iku padha kesasar وَمَآ أُرۡسِلُواْ عَلَيۡهِمۡ حَٰفِظِينَ ٣٣Mongka ora diutus supaya angreksa marang dheweke فَٱلۡيَوۡمَ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ مِنَ ٱلۡكُفَّارِ يَضۡحَكُونَ ٣٤Ananging ing dina iki para wong kang angestu padha geguyu para kafir عَلَى ٱلۡأَرَآئِكِ يَنظُرُونَ ٣٥Linggih ana kanthil deleng sangsarane si kafir هَلۡ ثُوِّبَ ٱلۡكُفَّارُ مَا كَانُواْ يَفۡعَلُونَ ٣٦sayekti para kafir kapringan piwales miturut apa kang wus padha dilakoni

الترجمة: Unknown.