ملة الإسلام

السورة 82 · 19 آية · Unknown

سورة الانفطار باللغة الجاوية

السورة بالعربية مع التفسير استمع إلى سورة الانفطار (1,366 قارئاً)
مكيةسورة الانفطار١٩ آية

بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ

إِذَا ٱلسَّمَآءُ ٱنفَطَرَتۡ ١Samongsa langit wis belah وَإِذَا ٱلۡكَوَاكِبُ ٱنتَثَرَتۡ ٢Lan samongsa lintang - lintange wis pating selebar وَإِذَا ٱلۡبِحَارُ فُجِّرَتۡ ٣Lan samongsa segara - segara padha dibludagake وَإِذَا ٱلۡقُبُورُ بُعۡثِرَتۡ ٤Lan samangsa kubur - kubur padha binukak عَلِمَتۡ نَفۡسٌ مَّا قَدَّمَتۡ وَأَخَّرَتۡ ٥Sarupaning jiwa bakal weruh apa kang didhisikake lan kang dikerekake يَٰٓأَيُّهَا ٱلۡإِنسَٰنُ مَا غَرَّكَ بِرَبِّكَ ٱلۡكَرِيمِ ٦O, manungsa sapa kang jelomprongake sira, nganti duraka ing Pangeranira kang Mulya ٱلَّذِي خَلَقَكَ فَسَوَّىٰكَ فَعَدَلَكَ ٧Kang wis gawe awakira genep waras lan patut فِيٓ أَيِّ صُورَةٍ مَّا شَآءَ رَكَّبَكَ ٨Allah namtokake rupanira miturut sakersane كـَلَّا بَلۡ تُكَذِّبُونَ بِٱلدِّينِ ٩O, ananging sira padha anggorohake marang wawalese وَإِنَّ عَلَيۡكُمۡ لَحَٰفِظِينَ ١٠Lan sayekti temen ana kang padha anjaga marang sira كِرَامًا كَٰتِبِينَ ١١Para juru nulisi minulya يَعۡلَمُونَ مَا تَفۡعَلُونَ ١٢Padha meruhi apa kang padha sira lakoni إِنَّ ٱلۡأَبۡرَارَ لَفِي نَعِيمٍ ١٣Sayekti para tulus temen bakal padha ana sajeroning nugraha وَإِنَّ ٱلۡفُجَّارَ لَفِي جَحِيمٍ ١٤Lan sayekti, para duraka temen bakal ana sajeroning geni murub يَصۡلَوۡنَهَا يَوۡمَ ٱلدِّينِ ١٥Bakal padha mlebu mrono ing dinane pancasan وَمَا هُمۡ عَنۡهَا بِغَآئِبِينَ ١٦Lan ora bakal dheweke padha oncat saka ing kono وَمَآ أَدۡرَىٰكَ مَا يَوۡمُ ٱلدِّينِ ١٧Lan apa kang meruhake ing sira, dina pancasan iku apa ثُمَّ مَآ أَدۡرَىٰكَ مَا يَوۡمُ ٱلدِّينِ ١٨Maneh, apa kang meruhake ing sira, dina pancasan iku apa يَوۡمَ لَا تَمۡلِكُ نَفۡسٌ لِّنَفۡسٍ شَيۡـًٔاۖ وَٱلۡأَمۡرُ يَوۡمَئِذٍ لِّلَّهِ ١٩Dinane ora ana sawijining jiwa bisa andayani sathitika marang jiwa (liyane) ing dina iku sakabehane parentah ana astaning Allah

الترجمة: Unknown.