بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ
وَٱلشَّمۡسِ وَضُحَىٰهَا ١Dhemi srengenge lan sorote وَٱلۡقَمَرِ إِذَا تَلَىٰهَا ٢Dhemi rembulan nalikane mencorong وَٱلنَّهَارِ إِذَا جَلَّىٰهَا ٣Dhemi awan nalikane ngatonake srengenge kelawan padhange وَٱلَّيۡلِ إِذَا يَغۡشَىٰهَا ٤Dhemi wengi nalikane nutupi srengenge kelawan petenge وَٱلسَّمَآءِ وَمَا بَنَىٰهَا ٥Lan langit sarta yasane وَٱلۡأَرۡضِ وَمَا طَحَىٰهَا ٦Sarta bumi tuwin gumelare وَنَفۡسٍ وَمَا سَوَّىٰهَا ٧Apa dene jiwa tuwin sampurnane فَأَلۡهَمَهَا فُجُورَهَا وَتَقۡوَىٰهَا ٨Banjur Panjenengane paring weruh kelawan ilham lakuune ala lan becik marang awak mau قَدۡ أَفۡلَحَ مَن زَكَّىٰهَا ٩Wong kang ngersikake awake saka dosa tetep wong begja وَقَدۡ خَابَ مَن دَسَّىٰهَا ١٠Lan temen kapitunan sapa - sapa sing angregedi jiwane كَذَّبَتۡ ثَمُودُ بِطَغۡوَىٰهَآ ١١Bongsa Tsamud gorohake kasunyatan kelawan kesasare إِذِ ٱنۢبَعَثَ أَشۡقَىٰهَا ١٢Nalika wong kang cilaka dhewe tangi (jemedhul) فَقَالَ لَهُمۡ رَسُولُ ٱللَّهِ نَاقَةَ ٱللَّهِ وَسُقۡيَٰهَا ١٣Utusaning Allah (Sholeh) nuli mituturi marang dheweke (Tsamud), "Aja padha natoni untaning Allah, aja ngarubiru pangombene فَكَذَّبُوهُ فَعَقَرُوهَا فَدَمۡدَمَ عَلَيۡهِمۡ رَبُّهُم بِذَنۢبِهِمۡ فَسَوَّىٰهَا ١٤Wong Tsamud padha maido (Nabi Sholeh) nuli padha natoni (mbelih) ontane Allah. Pangeran, nuli numpes dheweke marga dosane tumuli sirna kabeh وَلَا يَخَافُ عُقۡبَٰهَا ١٥Pangeran ora kuwatir wekasane (akibate)