ملة الإسلام

السورة 81 · 29 آية · Unknown

سورة التكوير باللغة الجاوية

السورة بالعربية مع التفسير استمع إلى سورة التكوير (1,316 قارئاً)
مكيةسورة التكوير٢٩ آية

بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ

إِذَا ٱلشَّمۡسُ كُوِّرَتۡ ١(Ing besuk dina Qiyamat) nalikane srengenge dilempit وَإِذَا ٱلنُّجُومُ ٱنكَدَرَتۡ ٢Lan nalikane lintang padha coplok runtuh ing bumi وَإِذَا ٱلۡجِبَالُ سُيِّرَتۡ ٣Lan nalikane gunung padha mawut dadi endhek - endhek amun - amun وَإِذَا ٱلۡعِشَارُ عُطِّلَتۡ ٤Lan nalikane onta meteng padha ditinggal tanpa diengon وَإِذَا ٱلۡوُحُوشُ حُشِرَتۡ ٥Lan nalikane hewan daratan padha diklumpukake وَإِذَا ٱلۡبِحَارُ سُجِّرَتۡ ٦Lan nalikane segara digeneni banjur dadi geni وَإِذَا ٱلنُّفُوسُ زُوِّجَتۡ ٧Lan nalikane nyawa dibalekake marang wadhake وَإِذَا ٱلۡمَوۡءُۥدَةُ سُئِلَتۡ ٨Lan nalikane wong wadon kang dipendhem urip - urip padha didangu بِأَيِّ ذَنۢبٍ قُتِلَتۡ ٩Dosa apa anggone padha dipateni mau وَإِذَا ٱلصُّحُفُ نُشِرَتۡ ١٠Lan nalikane buku cathetan lelakoni siji - sijine wong digelar وَإِذَا ٱلسَّمَآءُ كُشِطَتۡ ١١Lan nalikane langit disingkerake وَإِذَا ٱلۡجَحِيمُ سُعِّرَتۡ ١٢Lan nalikane neraka jahim diurubake وَإِذَا ٱلۡجَنَّةُ أُزۡلِفَتۡ ١٣Lan nalikane suwarga dicepakake عَلِمَتۡ نَفۡسٌ مَّآ أَحۡضَرَتۡ ١٤Ing kono siji - sijining wong padha weruh kang wis padha dilakoni فَلَآ أُقۡسِمُ بِٱلۡخُنَّسِ ١٥Ingsun supata, dhemi lintang - lintang ٱلۡجَوَارِ ٱلۡكُنَّسِ ١٦Kang lumaku turut dalane banjur surup وَٱلَّيۡلِ إِذَا عَسۡعَسَ ١٧Dhemi wengi nalikane ngarepake peteng وَٱلصُّبۡحِ إِذَا تَنَفَّسَ ١٨Dhemi wayah bangun nalika tumaruntung padhange إِنَّهُۥ لَقَوۡلُ رَسُولٍ كَرِيمٍ ١٩Sayekti al-Quran iku pengucape Rosul kang mulya (Jibril) ذِي قُوَّةٍ عِندَ ذِي ٱلۡعَرۡشِ مَكِينٍ ٢٠Gagah prakosa, mungguhing Allah kang kagungan singgasana pinaring pangkat luhur مُّطَاعٍ ثَمَّ أَمِينٍ ٢١Kang kudu dienut (ing alam Malaikat) tur pinarcaya وَمَا صَاحِبُكُم بِمَجۡنُونٍ ٢٢Lan ora pisan kanca mitranira iku (Muhammad), wong owah وَلَقَدۡ رَءَاهُ بِٱلۡأُفُقِ ٱلۡمُبِينِ ٢٣Muhammad andeleng rupane Jibril kang sayekti ana sikiling langit kang wetan وَمَا هُوَ عَلَى ٱلۡغَيۡبِ بِضَنِينٍ ٢٤Lan ora pisan panjenengane iku ngumpetake barang ghoib وَمَا هُوَ بِقَوۡلِ شَيۡطَٰنٍ رَّجِيمٍ ٢٥Al-Quran iku dudu pangucape syetan kang patut dibalangi فَأَيۡنَ تَذۡهَبُونَ ٢٦Lah menyang ngendi anggonira arep padha melayu إِنۡ هُوَ إِلَّا ذِكۡرٌ لِّلۡعَٰلَمِينَ ٢٧Iku ora liya kajaba pepeling tumrap sakehing bangsa لِمَن شَآءَ مِنكُمۡ أَن يَسۡتَقِيمَ ٢٨Tumrap sapa antaranira kang kepengin alaku bener وَمَا تَشَآءُونَ إِلَّآ أَن يَشَآءَ ٱللَّهُ رَبُّ ٱلۡعَٰلَمِينَ ٢٩Lan ora bakal sira padhakepengin kajaba yen Allah Pangeraning alam kabeh angarsakake

الترجمة: Unknown.